Ijtihad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bagéyan saka sèri Islam
Ushul fiqih

(Sumber-sumber hukum Islam)

Fiqih
Ahkam
Gelar cendekiawan

Ijtihad (Arab: اجتهاد) iku usaha kang bener-bener, kang bisa diayahi déning sapa waé kang wis ngupaya golèk èlmu kanggo mutusaké sawiji prakara kang ora dibahas sajeroning Al-Qur'an utawa hadis kanthi sarat migunakaké akal séhat lan pertimbangan mateng.

Nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, diputusaké yèn ijtihad apiké mung dilakoni déning para ahli agama Islam.

Tujuan ijtihad ya iku kanggo ngebaki kaperluan umat manungsa babagan pegangan urip sajeroning ngibadah marang Allah ing papan lan wektu tinamtu.

Fungsi Ijtihad[besut | besut sumber]

Sanadyan Al-Qur'an wis diturunké kanthi sampurna lan pepak, ora ateges kabèh bab sajeroning kauripan manungsa ditata kanthi detil déning Al-Qur'an utawa Al Hadist. Saliyané iku ana prabédan kaanan wektu tumuruning Al-Qur'an karo kauripan modhèren. Saéngga saben wektu masalah anyar bakal terus ngembang lan perlu aturan-aturan anyar sajeroning nindakaké Ajaran Islam ing kauripan sadina-dina.

Jinis-jinis ijtihad[besut | besut sumber]

Ijma'[besut | besut sumber]

Ijma' iku tegesé kesepakatan para ulama sajeroning ngukuhaké hukum agama lelandésan Al-Qur'an lan Hadits sajeroning sawiji bab kang kadadéan. Kaputusan bebarengan kang dilakoni déning para ulama kanthi cara ijtihad sabanjuré dirembug lan disepakati. Asil saka ijma wujud fatwa, ya iku kaputusan bebarengan para ulama lan ahli agama kang duwé wewenang kanggo dianut umat.

Qiyâs[besut | besut sumber]

Qiyas tegesé nggabungaké utawa madhakaké sajeroning ngukuhaké hukum sawijining prakara anyar kang durung ana ing mangsa sadurungé nanging duwé pepadhan sajeroning sabab, manfaat, bebaya lan manéka aspèk liyané karo prakara sadurungé saéngga dipatrapi hukum kang padha. Sajeroning Islam, Ijma lan Qiyas sipaté dharurat, yèn ana bab-bab kang nyata durung dikukuhaké ing mangsa sadurungé.

Uga delengen[besut | besut sumber]