James Ferguson

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
James Ferguson (1710-1776)

James Ferguson (lair 25 April 1710 – pati 17 Novèmber 1776 ing yuswa 66 taun) inggih punika astronom Sekotlan lan tiyang ingkang damel piranti.[1]

Biografi[besut | besut sumber]

James Ferguson wiyos ing caketipun Rothiemay ing Banffshire, Miturut otobiografinipun piyambakipun sinau maos saking nggatosaken tiyang sepuhipun ingkang mulang kakangipun lan ugi saking pambiyantu tiyang èstri sepuh piyambakipun saged maos langkung saé sadéréngipun bapakipun mulang James Ferguson. Bibar bapakipun mulang nyerat, James Ferguson dipunkintun ing umur 7 taun tigang wulan dhateng sekolah tatabahasa ing Keith.

Masalah: Pranala sing trep ora ana ing pungkasané 5.

Remenipun marang mekanika kanthi boten sengaja nalika James Ferguson mirsani bapakipun ngginakaken pengungkit kanggé minggahaken pérangan empyak (payon) griyanipun, satunggaling prastawa ingkang luar biyasa amargi mawi tenaga ingkang alit saged ngasilaken kekuwatan kanggé ngangkat ingkang ageng. Ing taun 1720 James Ferguson dipundhawuhi dhateng peternakan tangganipun supados njagi domba lan piyambakipun gumun kaliyan modhèl mesin-mesin wonten ing mriku. Nalika wanci dalu James Ferguson nyinau babagan lintang-lintang. Bibar punika James Ferguson dados rewang ing papan panggilingan, lajeng dados dhokter. James Ferguson pikantuk masalah ingkang ndadosaken kasarasanipun mandhap. James Ferguson ngibur awakipun piyambak kanthi damel jam mawi gerigi kayu lan pegas kanthi ngginakaken balung insang iwak paus. Nalika wiwit waras piyambakipun nedahaken karyanipun lan sapérangan pepanggihan sanèsipun dhateng satunggaling ningrat ingkang lajeng maringi pakaryan kanggé ngresiki koleksi jam. James Ferguson wiwit nggambar pola sulaman. Kasilipun ing babagan seni ndadosaken piyambakipun gadhah pamikiran dados pelukis.

Taun 1734 James Ferguson dhateng Edinburgh lan wiwit damel miniatur potrèt kanthi tujuan sinambi sinau. James Ferguson mbéayai piyambakipun lan kulawarganipun pinten-pinten taun saking pakaryan mau. Lajeng James Ferguson mapan wonten ing Inverness lan nggarap Astronomical Rotula for showing the motions of the planets, places of the sun and moon, &c. (Rotula Astronomi kanggé nedahaken obahing planit, orbitipun dhateng srengéngé sarta bulan lan sanèsipun.). Ing taun 1743 dhateng London, Inggris ingkang dados papanipun dumugi James Ferguson séda. James Ferguson nyerat manéka makalah kagem Royal Society of London déné piyambakipun ndhèrèk dados Anggota ing wulan November 1763,[3] ngrancang modèl astronomikal an mekanikal sarta ing taun 1748 James Ferguson miwiti kuliah umum kanggé filsafat èkspèrimental. Punika dipunampahi wonten ing kathah kutha wigati wonten Inggris. Piyambakipun dados pengajar ngèlmu kawruh ingkang kondhang awit saking pamikiran lan piranti mekanis ingkang dipun-ginakaken. James Ferguson tilar donya wonten ing London tanggal 17 November 1776 lan dipunmakamaken ing plataran gréja St Marylebone.

Karya[besut | besut sumber]

Karya wigati Ferguson ingkang dipunandharaken punika:

  • Astronomical Tables (1763)
  • Lectures on Select Subjects (edisi kapisan, 1761, dipunsunting déning Sir David Brewster taun 1805)
  • Astronomy explained upon Sir Isaac Newton's Principles (1756, dipunsunting déning Sir David Brewster taun 1811)
  • Select Mechanical Exercises, with a Short Account of the Life of the Author, written by himself (1773).
  • Karya otobiografinipun kalebet Life déning E. Henderson, LL.D. (edisi kapisan, 1867; kaping kalih, 1870) ingkang ugi wonten andharan kanthi jangkep prinsip pepanggihan Ferguson mawi ilustrasi. Ugi pirsani The Story of the Peasant-Boy Philosopher, déning Henry Mayhew (1857).

Cathetan suku[besut | besut sumber]