Francis Leggatt Chantrey

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Francis Leggatt Chantrey
SirFrancisLegattChantrey.jpg
Potret dhiri (sekitar 1810)
Lair 7 April 1781
Norton, Sheffield, Inggris
Séda 25 November 1841 (umur 60)
Sheffield
Bidang pematung

Sir Francis Leg(g)att Chantrey (lair ing Norton, Sheffield, 7 April 1781 – tilar donya ing Sheffield, 25 November 1841 kanthi umur60 taun) inggih menika satunggaling pematung Inggris saking era Georgia. Francis Leggatt Chantrey nilaraken Wasiat Chantrey utawi Pendanaan Chantrey kangge mundhut karya-karya seni kagem negara ingkang tasih wonten saking 1878 bibar sédanipun sang garwa ingkang dados randha.

Pagesangan[sunting | sunting sumber]

Francis Leggatt Chantrey wiyos wonten ing Norton celak Sheffield (nalika dados bagéyan saking Derbyshire) papan minangka bapakipun ingkang dados tukang kayu gadhah lahan tetanèn ingkang alit.

Bapakipun tilar donya nalika Francis Leggatt Chantrey umur 12 taun [1]; lan ibunipun krama malih, nilaraken Francis Leggatt Chantrey tanpa masa depan ingkang cetha. Nalika umur 15 taun, piyambakipun myambut damel wonten ing satunggaling penyadé ing Sheffield. Bakat seninipun dipunpanggihaken déning John Raphael Smith juru gambar lan pematung ingkang lajeng paring piwulang babagan nglukis dhateng Francis Leggatt Chantrey. [2] Taun 1802 Chantrey mbayar £50 supados boten magang malih kalihan Ramsay (sanajan namung gadhah wekdal 6 wulan kanggé nglayani). Lajeng Chantrey damel studio gambar minangka seniman potrèt ing Sheffield. Chantrey ngempalaken arta kanggé pindhah dhateng London.

Chantry pikantuk pakaryan minangka asisten pemahat kayu, ananging wonten ing wekdal ingkang sami tasih setya minangka pelukis potret, ingkang damel patung dada lan damel model saking lemah. Dipuntakèni ing pagesangan salajengipun, minangka saksi wonten ing sidang, menapa piyambakipun naté nyambut damel marang pematung sanès. Piyambakipun mangsuli : "Boten lan menapa keluwihanipun, kula boten naté setunggal jam mawon nampi dhawuh saking satunggaling pematung ing gesang kula".[3] Chantrey dhateng Dublin papan piyambakipun gerah lan sedaya rikmanipun ical.[4]. Lajeng Chantrey pindhah dhateng London lan ngawontenaken paméran lukisan ing Royal Academy ing sapérangan taun saking 1804. Ananging saking 1807 langkung condong ing karya pahat. Pemahat Joseph Nollekens nedahaken remenipun dhateng bakatipun Chantrey . Taun 1807 piyambakipun kagarwa keponakanipun, Miss Ann Wale,[2] ingkang gadhah sapérangan properti kagunganipun piyambak. Karya pahatan imajinatif ingkang kapisan menika model mustaka Satan ingkang dipunpamèraken ing Royal Academy taun 1808. lajeng piyambakipun ngayahi pakaryan kanggé Rumah Sakit Greenwich 4 patung dada kanthi ukuran kolosal saking admiral Duncan, Howe, Vincent lan Nelson; lajeng kanthi rikat pamoripun nyebar saéngga karya patung dada salajengipun ingkang dipundamel menika John Horne Tooke saéngga pikantuk komisi kanthi nilai £2.000.

Karya[sunting | sunting sumber]

Anak-anak ingkang keturon (1817) ing Katedral Lichfield, nggambaraken 2 sedherek enem, Ellen-Jane lan Marianne ingkang séda kanthi tragis ing taun 1812
Memorial karya Chantrey kangge Isaac Hawkins Browne, satunggaling politisi Tory, ingkang kagungan tambang lan penganggit esei, ing geraja paroki Badger, Shropshire.

Karya-karya Chantrey menika kathah sanget, salah satunggal ingkang wigati menika patung George Washington ing wisma negara bagéyan ing Boston, Massachusetts; ugi George III ing Guildhall, London; George IV ing Brighton; William Pitt ing Hanover Square, London; James Watt ing Westminster Abbey lan ing Glasgow (ugi satunggaling patung dada katambah William Murdoch, ing Gereja St. Mary, Handsworth); William Roscoe lan George Canning ing Liverpool; John Dalton ing Manchester Town Hall; Lord President Blair lan Lord Melville ing Edinburgh, lan sanesipun. Patung ingkang nitih turangga paling kondhang menika Sir Thomas Munro ing Kolkata, Duke of Wellington ing ngajengipun London Exchange lan satunggal karya Raja George IV ing Alun-alun Trafalgar. Ingkang pungkasan menika karya mawi bayaran ingkang dipunsuwun kanthi cepet déning raja piyambak kanggé dipunpapanaken ing sanginggilipun Marble Arch ngajeng Astana Buckingham.[5]

Wasiat Chantrey[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  • (en) D. S. MacColl, The Administration of the Chantrey Bequest, by (London, 1904), a controversial publication by the leading assailant of the Royal Academy;
  • (en) Arthur Fish, Chantrey and His Bequest (London, 1904), a complete illustrated record of the purchases, etc.;
  • (en) H. J. Laidlay, The Royal Academy, its Uses and Abuses (London, 1898), controversial;
  • (en) Report from the Select Cornmittee of the House of Lords on the Chantrey Trust, together with the Proceedings of the Committee, Minutes of Evidence and Appendix (Wyman & Sons, 1904), and Index (separate publication, 1904).

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]