Menyang kontèn

Gunung Sumbing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gunung Sumbing

Gunung Sumbing iku gunung kang ana ing Pulo Jawa, Indonésia. Gunung Sumbing duwé elevasi 3,336 mèter lan duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan alas Ericaceous utawa alas gunung. Sapérangan wewengkon ing gunung iki wis dipigunakaké kanggo lahan tetanèn. Ing pucuké gunung iki duwé kawah kang isih aktif.

Idhèntifikasi

[besut | besut sumber]
  • Jeneng: Gunung Sumbing
  • Jeneng kawah: Kawah Sumbing
  • Lokasi: Désa Pager Gunung, Kacamatan Tjepit, Kabupatèn Temanggung
  • Wewengkon: Kabupatèn Temanggung, Magelang, Wonosobo lan Purworejo.
  • Kutha kang paling cedhak: Temanggung (Lor-wétan), Parakan (Lor), Wonosobo (Kulon), lan Magelang (Kidul-wétan).
  • Tipe gunung: Gunung geni strato tipe B
  • Pos pengamatan: Désa Genting Sari, Parakan-Temanggung kang dhuwuré lokasi 950 m ing sandhuwuré lumahing sagara.

Munggah gunung

[besut | besut sumber]

Gunung Sumbing iku gunung kang dhuwuré nomer loro ing Jawa Tengah.[1] Gunung Sumbing dhuwuré 3.371 méter ing sandhuwuré lumahing sagara.[1] Gunung Sumbing adhep-adhepan karo Gunung Sindoro.[1] Gunung Sumbing lan Gunung Sindoro diarani gunung kembar.[1] Ana rong jalur kanggo munggah ing Gunung Sumbing.[1] Jalur kang sepisanan saka Base Camp Garung kang manggon ing désa Garung, kacamatan Kalikajar, kabupatèn Wonosobo lan Base Camp Ceput kang manggon ing désa Pagergunung, kacamatan Buku, kabupatèn Temanggung.[1]

Para pamunggah gunung iki kuduné ngurmati panduduk ing laladan saubengé gunung.[1] Para pamunggah gunung uga ora éntuk ngrusak tuwuhan, ngrusak kebon kang ndunungi, ora misuh, ora pipis ing sabarang panggonan, yèn nguripké geni kudu ati-ati supaya ora njalari kobong, kudu sopan, ora angkuh, ramah, lan ora sambat.[1]

Saben tanggal 1 suro taun Jawa lan tanggal 21 Pasa kang ndunungi akèh kang ziarah menyang Gunung Sumbing.[2] Gunung iki dipercaya dadi pasaréané Ki Ageng Makukuh.[2] Miturut kapercayan para warga, supaya slamet lan ora kena bebaya, bocah-bocah kang rambuté gimbal banjur ora dikethok.[2]

Masarakat ing èrèng-èrèngé Gunung Sumbing seneng banget marang kasenian tradhisional kaya ta kethoprak lan jaran képang.[2] Kasenian iki kerep dipèntasaké ing saben désa.[2]

Saliyané pasaréyané Ki Ageng Makukuhan ana uga panggonan zaroh liyané.[2] Panggonan zaroh iki diarani pasaréan Ki Ageng.[2] Pasaréyan Ki Ageng manggon ing sisih wétan lan ing sangisoré tebing lan watu.[2] Ing lokasi pasaréan ana wit endong wulung lan wit kecubung wulung.[2] Wit iki wis urip pirang-pirang taun lan dadi tetenger pasaréan.[2] Tetenger liyané yaiku guwa ing èrèng-èreng watu.[2] Ing guwa iki dipercaya papan panggonan Ki Ageng kanggo semèdi nganti mati.[2]

Saben malem selikuran akèh kang zaroh kang munggah ing gunung.[2] Sing padha zaroh lumrahé saka désa-désa ing èrèng-èrèngé Gunung Sumbing kaya ta èrèng-èrèng Wanatirta, Pagergunung, Tlagamulya, Gandasuli lan désa-désa ing saubengé gunung.[2] Tujuwané zarah yaiku kanggo ngirim donga kanggo sukma leluhur mligi Ki Ageng Mangkukuhan.[2] Sawisé ziarah kang ndunungi njupuk banyu welirang. Banyu welirang iki diperaya bisa nambah kekuwatan awak.[2]

Gunung Sumbing manggon ing sakidul-kuloné kutha Temanggung lan ing sisih wétané kutha Wonosobo.[3]

Pariwisata

[besut | besut sumber]

Ing èrèng-èrèngé Gunung Sumbing, yaiku ing salah sawijining désa ing kacamatan Bulu, ana panggonan wisata kang ramé. Laladan pariwisata iki diarani Puncak Wanatirta.[4] Dhuwuré puncak Wonotirto yaiku 1.900-2.000 m ing sandhuwuré lumahing sagara.[4]

Misteri wit walitis

[besut | besut sumber]

Wit walitis ing alas rasamala dadi wit kang gedhé dhéwé ing èrèng-èrèngé gunung Sumbing lan Sindoro.[5] Alas iki manggon ing désa Jetis, kacamatan Selopampang.[5] Dhuwuré wit iki nganti 30 mèter, lan dawané bunderan wit nganti 7,5 mèter.[5] Kanggo ngubengi wit mbutahaké enem wong diwasa kang tangan loro kekaroné dirangkulaké ing wit.[5]

Miturut masarakat, wit iki asalé saka tongkat pandhèrèk wali kang jenengé Ki Ageng Makukuhan kang dituncepaké ing lemah.[5] Laladan Walitis iki duwé sesawangan alam kang éndah lan hawa gunung kang seger.[5]

Ing alas iki uga urip tuwuhan kang jenengé Rasamala.[5] Mulané kawasan iki diarani alas Rasamala. Tuwuhan lan alas iki ora bisa kobong yèn kena geni.[5] Ambané laladan kang dithukuli wit rasalama kurang luwih 1,5 hektar. Para wisatawan kudu lumaku ing dalan setapak kang leté 1,5 saka wit walitis.[5]

Chatetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h id.merbabu.com Archived 2011-06-13 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p suaramerdeka.com(diundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
  3. temanggungkab.go.id(diundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
  4. a b wisata.kompasiana.com[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 26 mei 2011)
  5. a b c d e f g h i republika.co.id(diundhuh tanggal 26 Mèi 2011)

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]