Dewan Pertimbangan Presiden

Dewan Pertimbangan Présidhèn (ingkang asring dipuncekak Wantimpres) inggih punika salah satunggaling lembaga pamaréntah nonstruktural Indonésia ingkang gadhah tugas paring naséhat lan pertimbangan dhateng présidhèn. Wantimpres kaping sapisan dipunbentuk déning Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono ing taun 2007. Lembaga punika inggih terasanipun saking Dewan Pertimbangan Agung ingkang lajeng dipunbubaraken sasampunipun wonten éwah- ewahaning UUD 1945 ingkang kaping sekawan. S
Landhasan Hukum
[besut | besut sumber]| Wikisumber bahasa Jawa gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Landhasan konstitusional Wantimpres inggih punika Pasal 16 UUD 1945, ingkang salajengipun dipunatur wonten ing Undhang-undhang Nomor 19 Taun 2006 ngengingi Dewan Pertimbangan Présidhèn.
Tugas, Hak, lan Kuwajiban
[besut | besut sumber]Tugas Wantimpres inggih punika kanggé paring naséhat lan pertimbangan dhateng Présidhèn kanggé nindakaken kakuasaning papréntahan nagara. Kegiyatan paring naséhat lan pertimbangan kasebat wajib dipuntindakaken déning Wantimpres saé punika dipunsuwun punapa boten déning Présidhèn. Anggenipun paring naséhat lan pertimbangan punika saged dipuntindakaken kanthi piyambakan utawi minangka satunggaling kesatuan lan pertimbangan sadaya anggota dewan.[1] Nalika nindakaken tugasipun, Wantimpres nindakaken fungsi naséhat lan pertimbangan ingkang gayut kaliyan lampahing kekuasaan papréntahan nagara. Kangge nglancaraken lampahing tugas Wantimpres, saben anggota wantimpres, dipunbiyantu déning satunggal sekretaris anggota wantimpres. Sekretaris anggota wantimres gadhah tugas paring panyaruwe lan utawi nelaah dhedhasar kaprigelanipun dhateng anggota wantimpres ingkang dipunbiyantu.
Anggota
[besut | besut sumber]Anggota Wantimpres punika cacahipun 9 tiyang, wondene ingkang salah satunggalipun ngrangkep dados ketua. Jabatan ketua punika saged dipunjabat kanthi gantosan déning para anggotanipun. Anggota Wantimpres dipunangkat paling dangu 3 sasi wiwit dipunlantik déning présidhèn, lan badhé rampung masa jabatanipun sesarengan kaliyan telasipun masa kalungguhan présidhèn utawi amargi dipunmandhegaken déning présidhèn.
2007–2009
[besut | besut sumber]Dewan Pertimbangan Présidhèn periode ingkang kaping sapisan dipunangkat déning Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono kaliyan Dudutan Présidhèn Nomor 28/M Taun 2007 tanggal 26 Maret 2007, ingkang kapérang dados makaten: [2]
| Babagan | Nama |
|---|---|
| Hubungan Internasional | Ali Alatas |
| Lingkungan dan Pembangunan Berkelanjutan | Emil Salim |
| Pulitik | Rachmawati Soekarnoputri |
| Ékonomi | Syahrir |
| Kehidupan Beragama | Ma'ruf Amin |
| Pertahanan dan Keamanan | Tiopan Bernhand Silalahi |
| Hukum | Adnan Buyung Nasution |
| Sosial dan Budaya | Subur Budhisantoso |
| Pertanian | Radi A Gani |
2010-2012
[besut | besut sumber]Wonten ing tanggal 25 Januari 2010, Présidhèn SBY nglantik anggota Wantimpres ingkang énggal ingkang dipunangkat dhedhasar Dudutan Présidhèn Nomor 13/P Taun 2010. Anggota Wantimpres ingkang énggal inggih punika: [3]
- Emil Salim
- Ma'ruf Amin
- Meutia Farida Hatta
- Ginandjar Kartasasmita
- Widodo Adi Sutjipto
- Siti Fadilah Supari
- Ryaas Rasyid
- Jimly Asshiddiqie (2010)
- Hassan Wirajuda
2012-2014
[besut | besut sumber]Berdasarkan Kepres No. 2/M Tahun 2012, anggota wantimpres adalah:
- Emil Salim
- Ma'ruf Amin
- Meutia Farida Hatta
- Ginandjar Kartasasmita
- Widodo Adi Sutjipto
- Siti Fadilah Supari
- Ryaas Rasyid
- Albert Hasibuan
- Hassan Wirajuda
2015–2019
[besut | besut sumber]Pada Tanggal 19 Januari 2015, berdasarkan Kepres No. 6/P Tahun 2015 dab Kepres 8/P Tahun 2015, Présidhèn Joko Widodo melantik 9 orang untuk periode 2015-2019.[4][5][6]
- Sri Adiningsih
- Sidarto Danusubroto
- Yusuf Kartanegara
- Hasyim Muzadi (2015–2017)
- Agum Gumelar (2018–2019)
- Suharso Monoarfa
- Rusdi Kirana (2015–2017)
- Jan Darmadi
- Abdul Malik Fadjar
- Subagyo Hadi Siswoyo
2019–2024
[besut | besut sumber]Pada Tanggal 13 Dhésèmber 2019, berdasarkan Keppres No. 137/P Tahun 2019, Présidhèn Joko Widodo melantik 9 orang untuk periode 2019–2024.[7][8]
- Wiranto (Ketua)
- Sidarto Danusubroto
- Agung Laksono
- Tahir
- Putri Kuswisnuwardhani
- Muhammad Luthfi bin Yahya
- Muhamad Mardiono (2019–2022)
- Arifin Panigoro (2019–2022)
- Soekarwo
- Djan Faridz (2023–2024)
- Gandi Sulistiyanto (2023–2024)
2026–2029
[besut | besut sumber]Pada Tanggal 2 Oktober 2026, berdasarkan Keppres No. 107/P Tahun 2025, Présidhèn Prabowo Subianto melantik 26 orang untuk periode 2016–2029[9]
- Pratikno (Ketua)
- Hatta Rajasa (Wakil Ketua)
- Muhammad Qodari (Sekretaris)
- Sinta Nuriyah
- Muhammad Quraish Shihab
- Agum Gumelar
- Chairul Tanjung
- Said Aqil Siroj
- Anwar Iskandar
- Yahya Cholil Staquf
- Jusuf Wanandi
- Budi Gunawan
- Bambang Soesatyo
- Salim Segaf Al-Jufri
- Soekarwo
- Tahir
- Rocky Gerung
- Ida Bagus Purwalaksana
- Philip Kuncoro Wijaya
- Budi Santoso Tanuwibowo
- Anwar Usman
- Mohamad Hatta
- Jusuf Hamka
- Margarito Kamis
- Jacky Manuputty
- Ignasius Jonan
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Tugas, Hak dan Kewajiban (dipunundhuh tanggal 5 Pebruari 2013)
- ↑ Presiden Terima Anggota Wantimpres
- ↑ Pelantikan Wantimpres: "Lingkaran Dalam" Presiden Bertambah
- ↑ MOK; GAH (19 Januari 2015). "Sah Jadi Wantimpres, Hasyim Muzadi Cs Mendapat Fasilitas Menteri". detikNews. Dibukak ing 19 Januari 2015.
- ↑ "Sri Adiningsih, Teman Sekolah Jokowi di Solo Jadi Ketua Wantimpres". Sriwijaya Post. TribunNews. 27 Januari 2015. Dibukak ing 27 Januari 2015.
- ↑ Ihsanuddin (31 Mèi 2018). Bayu Galih (èd.). "Jokowi Lantik Mantan Jubir Gus Dur Jadi Anggota Wantimpres". Kompas.com. Dibukak ing 1 Juni 2018.
- ↑ "Jokowi Resmi Lantik 9 Anggota Wantimpres". CNN Indonesia. 13 Dhésèmber 2019. Dibukak ing 13 Dhésèmber 2019.
- ↑ "Presiden Jokowi Lantik Djan Faridz dan Gandi Sulistiyanto sebagai Wantimpres". Sekretariat Kabinet Republik Indonesia. 17 Juli 2023. Dibukak ing 17 Juli 2023.
- ↑ "Presiden Prabowo Angkat 26 Anggota Wantimpres di Istana Negara". Biro Pers, Media dan Informasi Sekretariat President - Kementerian Sekretariat Negara. 2 Oktober 2026. Dibukak ing 2 Oktober 2026.