Bedhaya Ketawang
Bedhaya Ketawang dumados saking kalih tembung. Bedhaya dumados saking basa sansekerta budh ingkang tegesipun pikiran utawi budi. Ing salajengipun dados bedhaya utawi budaya.[1] Dipunwastani kados makaten amargi beksan bedhaya ketawang dipunripta mawi olah pikiran ugi olah raos. Pamanggih sanès ngandharaken manawi bedhaya tegesipun penari utawi pambeksa kraton, déné ketawang tegesipun langit utawi akasa. Dados bedhaya ketawang tegesipun beksan langit ingkang nedahaken obahipun lintang-lintang, saéngga obah pambeksanipun alon sanget.
Miturut kitab Wédapradangga ingkang dipunpitadosi minangka pangripta beksan Bedhaya Ketawang inggih punika Panembahan Senapati (1613-1645) nata ingkang kapisan saking kraton Mataram kaliyan Kanjeng Ratu Kencanasari, panguwaos sagara kidul ingkang ugi dipunsebat Kanjeng Ratu Kidul. Saderengipun beksan punika dipunripta, langkung rumiyin Panembahan Senopati ngutus para empu gamelan supados ngripta satunggal gendhing ingkang dipunsebat ketawang. Kacariyos, anggènipun ngripta gendhing dados sampurna sasampunipun Sunan Kalijaga ndhèrèk ngripta gendhing punika.
Beksan Bedhaya Ketawang boten namung dipunpéntasaken nalika jumenengan nata énggal kémawon, nanging ugi setahun sapisan kaleresan kaliyan dinten jumenengan nata utawi tingalan dalem jumenengan.[2]
Bedhaya ketawang taksih dipunpéntasaken ing mangsa pamaréntahanipun Sri Susuhunan Paku Buwana XIII (sapunika), namung kémawon sampun wonten owah-owahan kandhutan filosofinipun. Pasugatan Bedhaya Ketawang sapunika sampun ngalami éwah-éwahan ing manéka aspèk, saé aspèk mistik dalah pulitik. Tatanan pasugatan taksih nganut ing tradisi ritual mangsa kapengker. Nanging, wosipun sampun éwah dados satunggaling warisan budaya ingkang dipunanggep patut kanggé dipunlestantunaken.
Busana beksan Bedhaya ketawang migunakaken Dodot Ageng kanthi motif Bangun Tulak Alas-alasan ingkang ndadosaken pambeksanipun kraos ngujiwati. Para pambeksa ngginakaken riyasan paès ginelung bokor mengkurep karonce sekar mlathi tiba dhadha. Busana basahan utawi dodot ageng karengga déning centhung, sisir jeram saajar, garudha mungkur, cundhuk mentul, kelat bahu, kalung, gelang, sampur cindhe, bros, lan sapiturutipun.[3]
Gamelan Pangiring
[besut | besut sumber]Ing pasugatan beksan Bedhaya Ketawang gamelan ingkang dados pangiring migunakaken gamelan mligi inggih punika “ kyai Kaduk Manis” lan “Kyai Manis Rengga”. Ricikan gamelan ingkang dipun-ginakaken inggih namung sapérangan kados ta kemanak, kethuk, kenong, kendhang ageng, kendhang ketipung, lan gong ageng. Ricikan-ricikan kasebat kajawi dipunwastani mligi ugi wonten ingkang gadhah nama kramat. Kendhang Ageng cacah kalih namanipun Kanjeng Kyai Dénok lan Kanjeng Kyai Iskandar, rebab cacah kalih namanipun Kanjeng Kyai Grantang lan Kanjeng Kyai Lipur sarta satunggal gong ageng namanipun Kanjeng Nyai Kemitir. Pasugatan Bedhaya Ketawang ing wanci sapunika pun wontenaken ing dinten kaping kalih wulan ruwah utawi sya’ban ing kalender jawa.
Pérangan Bedhaya Ketawang
[besut | besut sumber]Bedhaya Ketawang saged dipunpérang ing beksan ingkang ngandhut unsur utawi teges sarta sipat ingkang raket gegayutanipun kaliyan: (1) Upacara Adat; (2) Sakral; (3) Religius; (4) jogèd percintaan utawi beksan pahargyan manten.
- Upacara Adat
Bedhaya Ketawang nyata sanès satunggal beksan ingkang namung kanggé tontonan kemawon, amargi namung dipunpéntasaken kanggé prekawis ingkang mligi lan wonten swasana ingkang resmi sanget. Sedaya swasana dados kraos tintrim, amargi beksan punika namung dipunpéntasaken gegayutan kaliyan tingalan jumenengan nata kemawon. Dadosipun, beksan punika namung setahun sapisan dipunpéntasaken. Sadangunipun beksan punika kalampahan boten wonten sugatan ingkang dipunwedalaken, ugi boten dipunkeparengaken ngeses. Dhaharan, unjukan, utawi rokok dipunanggep namung badhé ngirangi swasana tintrim nalika upacara adat ingkang suci punika kalampahan.
- Sakral
Bedhaya Ketawang punika dipunanggep minangka satunggal beksan ingkang dipunripta Ratu antawisipun sadaya makluk alus. Kepara, tiyang ugi pitados manawi saben Bedhaya Ketawang dipunpéntasaken, ingkang ngripta ugi ndhèrèk rawuh sarta ndhèrèk mbeksa. Boten saben tiyang saged mirsani, namung kanggé sinten kemawon ingkang kraos kemawon ingkang ngripta nedahaken wujudipun. Kacariyos, ing gladhèn-gladhèn ingkang dipunwontenaken, asring ugi ingkang ngripta punika ngleresaken kaluputan ingkang dipundamel déning para pambeksa. Bilih paningal tiyang lumrah boten saged mirsani, nanging pambeksa ingkang gegayutan kémawon ingkang saged ngraosaken rawuhipun. Ing bab punika wonten pangira-ira, bilih wiwitanipun Bedhaya Ketawang punika satunggaling beksan ing candhi-candhi.
- Réligius
Teges réligius pranyata saged dipunmangertosi saking tembung-tembung ingkang dipuntembangaken déning swarawatinipun. Ing antawisipun wonten ingkang mungelipun: … tanu astra kadya agni urubé, kantar-kantar kyai, …yèn mati ngendi surupé, kyai? (...manawi pejah, wonten pundi dunungipun, kyai ?).
- Beksan kasmaran utawi palakrama
Beksan Bedhaya Ketawang pralambang katresnanipun Kanjeng Ratu Kidul dhateng Sinuhun Sultan Agung. Sedaya punika kagambar ing obahing asta sarta sadaya pérangan badan, anggènipun nyepeng sondhèr lan sanèsipun. Nanging, makaten sadaya pralambang kasebat sampun dipundamel makaten alusipun, ngantos paningal limrah kadhang kala susah anggènipun mangertosi. Setunggal ingkang cetha lan nggampilaken panyangka bab wontenipun gegayutan kaliyan satunggaling palakrama inggih punika, bilih sadaya pambeksanipun dipunpacaki kados lumrahipun pinanganten ingkang badhé kapanggihaken. Bab tembung-tembung ingkang kapacak ing apalan tembang ingkang ngiringi beksan, nyata sanget nedahaken katresnanipun kanjeng Ratu. Bilih dipuntlisih sarta dipunraosaken,mila miturut pambiji utawi panyaruwé ing mangsa sapunika, tembung-tembungipun mbokbilih dipunanggep kirang saé, amargi gampil sanget anggènipun narik raos brai. Babagan kapan dipunmilainipun pagelaran Bedhaya Ketawang punika dipunwontenaken kanggé peresmian pengetan ambal warsa jumenengan Sri Susuhunan, dèrèng wonten ingkang saged dipundamel patokan. Aslinipun pagelaran punika dangunipun 2,5 jam. Nanging, wiwit jaman Sinuhun Paku Bawana X wekdalipun dipunsuda, ngantos namung 1,5 jam kemawon.
Kanggé sinten kémawon ingkang kanthi cara langsung utawi boten langsung gegayutan kaliyan kagiyatan ingkang mligi punika wonten satunggal kewajiban mligi. Sedinten sadèrèngipun para sentana dalem sinuhun sami sesuci, lair lan batos. Paugeran punika rumiyinipun dipuntaati sanget. Sanajan dipunraos awrat sanget lan susah, nanging awit saking raos sadhar lan taatipun sarta ngabdi dhateng agungipun Bedhaya Ketawang ingkang suci punika, sadaya paugeran kasebat dipunlaksanakaken ugi kanthi kebak raos tulus lan ikhlas. Ingkang baku inggih punika bilih kanggé piyambakipun sadaya Bedhaya Ketawang mujudaken satunggaling pusaka suci. Awit saking punika piyambakipun sadaya tuhu saben paugeran tata cara ingkang wonten.
Kanggé para pambeksa wonten paugeran ingkang langkung mligi malih, amargi miturut adat kapitayan, piyambakipun sami punika badhé langsung sesambetan kaliyan Kanjeng Ratu Kidul. Amargi saking punika, piyambakipun sami ugi kedah tansah ing kaanan ingkang suci, saé ing wekdal-wekdal gladhèn utawi ing wekdal pagelaranipun. Minangka ingkang sampun dipunandharaken ing ngajeng, Kanjeng Ratu Kidul namung saged dipunraosaken rawuhipun déning sinten kémawon ingkang langsung dipunjawat, bilih cara mbeksanipun taksih kirang leres. Pramila, ing saben wanci gladhèn ingkang dipunwontenaken ing dinten-dinten Anggara Kasih (Selasa Kliwon), saben pambeksa lan sadaya niyaga kaliyan swarawatinipun kedah tansah ing kaanan ingkang suci. Persiapan-persiapan kanggé satunggal pagelaran Bedhaya Ketawang kedah dipunlampahi saksaé-saénipun, kanthi teliti sanget. Bilih wonten ingkang ngraos nembé alangan wulanan, langkung saé boten tumut rumiyin. Kajawi sapérangan pambeksa ingkang dipunbetahaken, mesthi wonten ugi pambeksa-pambeksa ampingan. Bilih para pambeksa wonten sapérangan pantangan ingkang kedah dipun-gantos. Awit saking punika langkung prayogi kanggé milih pambeksa-pambeksa ingkang sampun cekap diwasa jiwanipun, saéngga kakhusyukan lan katekunan anggènipun mbeksa saged langkung mumpuni. Sedayanipun punika badhé nambah agungipun swasana.
Pangripta Bedhaya Ketawang
[besut | besut sumber]Pitakènan punika wonten, amargi tiyang milai menggalih, kénging menapa Bedhaya Ketawang punika dipunpirsani kados makaten sucinipun. Nembangaken tembangipun kémawon kalebet pantangan. Miturut tradisi, Bedhaya Ketawang dipunanggep minangka yasan Kanjeng Ratu Kencanasari, nun inggih ratuning bangsa alus saindhenging Pulo Jawa. Kratonipun ing dhasaring Sagara Kidul. Punjering laladanipun inggih punika Mancingan, Parangtritis, ing tlatah Ngayogyakarta. Saben tiyang ingkang pitados ajrih lan urmat dhateng panjenenganipun. Sedaya paugeranipun pantang dipunterak. Nanging miturut R. T. Warsaadiningrat (abdi dalem niyaga), sajatosipun Kanjeng Ratu Kidul namung nambahi 2 pambeksa malih, saéngga dados tiyang sanga, lajeng kaaturaken dhateng Mataram. Miturut piyambakipun pangriptanipun inggih punika Bathara Guru, ing warsa 167. Wiwitanipun kasusun satunggal rombongan, piniji saking 7 widadari, kanggé mbeksa beksan ingkang sinebut “ Lenggotbawa”, iringanipun namung 5 jinis, larasipun pélog pathet lima, piniji saking:
- Gendhing-kemanak2, laras jangga alit/ manis penunggul
- Kala-kendhang
- Sangka-gong
- Pamucuk-kethuk
- Sauran-kenong
Bilih kados makaten, mila Bedhaya Ketawang punika sipatipun Siwaistis lan umur Bedhaya Ketawang sampun sepuh sanget, langkung sepuh tinimbang Kanjeng Ratu Kidul. Miturut G.P.H. Kusumadiningrat, pangripta “ Lenggotbawa” inggih punika Bathara Wisnu, rikala lenggah ing Balékambang. Inten cacah pitu dipunripta lan dipun-gantos wujudipun dados widadari cacah 7 ingkang ayu merak ati, lan lajeng mbeksa, ngubengi Bathara Wisnu manengen. Mirsani kados punika sang Bathara bungah sanget manahipun. Amargi boten patut Déwa nolèh manengen lan mangiwa, mila dipunripta mripat ingkang kathah sanget cacahipun, panggènipun sumebar ing sakujur badan. Miturut Sinuhun Paku Bawana X, Bedhaya Ketawang nedahaken lambang katresnan Kanjeng Ratu Kidul dhateng Panembahan Sénapati. Sedaya gerakanipun nedahaken panggodha lan rayuan, nanging mesti saged dipuncegah déning Sinuhun. Mila Kanjeng Ratu Kidul lajeng nyuwun, supados sinuhun boten kondur, kajawi netep kemawon ing Samodra lan ngedhaton ing Saka Dhomas Bale Kencana, nun inggih palenggahan ingkang dipuntitipaken déning Prabu Ramawijaya ing dhasaring Samodra.
Sinuhun boten kersa nyembadani pikajenganipun Kanjeng Ratu Kidul, amargi taksih kepéngin nggayuh sangkan paran. Nanging, nalika panjenengan dalem kersa nggarwa Kanjeng Ratu kidul, turun tumurun. Sinten kémawon keturunanipun ingkang nata ing tanah Jawa badhé nunggal janji kaliyan kanjeng Ratu Kidul nalika paresmian jumenengan nata. Suwalikipun, kepara Kanjeng Ratu Kidul ingkang dipunsuwun rawuh ing darat saperlu nggladhi beksan Bedhaya Ketawang dhateng pambeksa-pambeksa karemenan Sinuhun. Lan, punika pancèn lajeng kaleksanan. Gladhèn beksan punika kaleksanan saben dinten Anggara Kasih, lan kanggé kaperluan punika Kanjeng Ratu Kidul bakal rawuh. Gendhing ingkang dipun-ginakaken kanggé ngiringi Bedhaya Ketawang dipunwastani ugi Ketawang Gedhé. Gendhing punika boten saged dipundadosaken gendhing kanggé klenèngan, amargi resminipun pancèn botengendhing, kajawi kalebet tembang gérong gamelan iringanipun, kados ingkang sampun kaandharaken ing ngajeng, dumados saking 5 jinis: kethuk, kenong, kendhang, gong, lan kemanak. Ingkang kepireng cetha sanget inggih punika swanten kemanakipun. Beksan ingkang dipuniringi dipunpérang dados tigang adegan (babak). Ingkang kraos anèh, ing tengah-tengah sadaya pérangan beksan larasipun gantos sléndro sekedhap (ngantos kaping kalih), lajeng gantos malih dhateng laras pélog ngantos pungkasan. Ing pérangan kapisan dipuniringi sindhènan Durma, salajengipun gantos Retnamulya. Nalika ngiringi lampahipun pambeksa medal lan mlebet malih ing Dalem Ageng Prabayuasa piranti gamelanipun dipuntambah kaliyan rebab, gendèr, gambang, lan suling. Punika sadaya dipunlampahi kanggé nambah larasipun swasana. Sadangunipun beksan kalampahan boten sapisan-sapisan ngginakaken keprak. Medalipun pambeksa saking Dalem Ageng Prabasuyasa tumuju ing Pendhapa Ageng Sasanaséwaka, kanthi lampahipun urut satunggal mbaka satunggal. Pambeksa ngubengi Sinuhun ingkang lenggah ing singgasana (dhampar). Semanten ugi mlampahipun wangsul mlebet. Ingkang bènten kaliyan beksan-beksan sanèsipun, para pambeksa Bedhaya Ketawang mesthi ngubengi Sinuhun, déné Panjenengan Dalem lenggah ing sisih tengen pambeksa (nengenaken). Ing beksan bedhaya utawi Srimpi limrahipun, pambeksa-pambeksa medal lan mlebet saking sisih tengen Sinuhun, lan wangsul nurut margi ingkang sami.[4]
Srimpi Anglirmendhung
[besut | besut sumber]Wonten malih satunggal beksan ingkang ugi kalebet keramat, inggih punika Srimpi Anglirmendhung. Beksan Srimpi punika kinten-kinten langkung enèm tinimbang Bedhaya Ketawang. Beksan kekalih kasebat wonten kemiripan, bilih dipunpirsani saking: Mendhung = awan (mega), panggènanipun wonten langit = Tawang. Kemanak dipun-ginakaken minangka piranti pangiring utama. Beksan punika ugi kapérang dados 3 babak, miturut R.T. Warsadiningrat, Anglirmendhung punika dipunripta déning K.G.P.A.A. Mangkunagara I. Wiwitanipun dumados saking 7 pambeksa, ingkang lajeng dipunaturaken dhateng Sinuhun Paku Bawana. Nanging saking kersa Sinuhun Paku Bawana IV beksan punika dipunowahi sakedhik, dados Srimpi ingkang namung kapérang dados 4 pambeksa kemawon.
Nanging, ngenani khudusipun lan khidmatipun boten wonten bèntenipun kaliyan Bedhaya Ketawang, sanajan ing pagelaranipun Srimpi Anglirmendhung pareng dipunlaksanakaken kapan kémawon lan ing pundi kémawon. Bedhaya Ketawang namung setahun sapisan lan namung ing lebet kraton, ing panggènan tinamtu kémawon.
Bilih badhé dipuntlesih kaastamiwan Bedhaya Ketawang manggènipun wonten ing babagan: 1.Pilihan dinten kanggé pelaksanaanipun, inggih punika namung ing dinten Anggara kasih. Sanès ing pagelaran resminipun kémawon, kajawi ugi ing gladhèn-gladhènipun. 2.Lampahipun pambeksa nalika medal lan mlebet saking Dalem Ageng. Piyambakipun sami mesthi hangubengi Sinuhun kanthi arah manengen. 3.Agemanipun pambeksa lan tembung-tembung ing apalan sindhènanipun.
Ageman: piyambakipun sami ngagem dodot banguntulak. Minangkka lapisan sangandhapipun nganggé cindhé kembang, awarni wungu, jangkep kaliyan pending mawi mata lan bunta. Paèsanipun kados paèsan temantèn putri, gelungipun bokor mengkureb jangkep kaliyan rerengganipun, kados ta: centhung, garudha mungkur, sisir jeram saajar, cundhuk mentul lan ngagem tiba dhadha (rèntèngan sekar ingkang dipungantung ing dhadha sisih tengen).
Tembung-tembung ingkang kapireng dipunsekaraken déning swarawati cetha nedahaken gegodha ingkang saged narik nafsu birahi. Saking mriku saged dipunkinten-kinten manawi Bedhaya Ketawang saged ugi kalebet ing “Jogèd Kesuburan” ing candhi, ingkang wosipun nedahaken pangarep-arep kanggé patutan wayah ingkang kathah. Gamelanipun nganggé laras pelog, tanpa keprak. Punika satunggaling pratandha manawi Bedhaya Ketawang punika kalebet klasik. Rakitan beksa lan nama paraganipun bénten-bénten. Ing lajur ingkang sepisanan, kula panjenengan pirsani para pambeksa lenggah lan mbeksa ing urutan ingkang kagambar ing ngandhap punika. Anggénipun nindakaken paragan punika para pambeksa kawastanan: 1.Batak 2.Èndhèl ajeg 3.Èndhèl weton 4.Apit ngarep 5.Apit mburi 6.Apit meneg 7.Gulu 8.Dhada 9.Boncit
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-12-15. Dibukak ing 2012-11-27.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ [1][pranala mati permanèn]
- ↑ Sedjati, Djadjang Purwo (2004). Busana Tari Bedhaya Ketawang :: Ragam hias dan makna simboliknya (Thesis). Universitas Gadjah Mada.
- ↑ [2]