Basa Jawa Mataraman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Basa Jawa Mataraman
ꦧꦱꦗꦮꦩꦠꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀
AsalMadhiun, Ngawi, Magetan, Nganjuk, Kadhiri, Panaraga, Pacitan, Trenggalèk, Tulungagung, Blitar
LaladanIndonésia Jawa Wétan, Indonésia
Panyatur asli
9,4 yuta (2010)[1]
Kodhe basa
ISO 639-3

Basa Jawa Mataraman yaiku dhialèk Basa Jawa sing digunakaké ing tilas Karésidhènan Madhiun lan Kadhiri, ing Kutha lan Kabupatèn Madhiun, Ngawi, Magetan, Panaraga, Pacitan, Nganjuk, Kutha lan Kabupatèn Kadhiri, Trenggalèk, Tulungagung, Kutha lan Kabupatèn Blitar, lan sabagéyan Jombang—kabèh ing wilayah Provinsi Jawa Wétan, sing bisa diarani "Mataraman".[2] Sing paling katon saka dhialèk Jawa iki yaiku nggunakaké basa sing isih katon alus sanajan ora saalus kaya masarakat ing Ngayogyakarta lan Surakarta.[3]

Ciri utama dhialèk Mataraman yaiku ana bédané intonasi karo intonasi Basa Jawa standar sing asring mènèhi panekanan ing suku kata kasiji, kayata "Byuh-byuh, uayuné cah iki."[4]

Pambagéyan wilayah kabudayan[besut | besut sumber]

Istilah "Mataraman" nuduhaké wilayah budaya ing Jawa Timur sing kalebu tilas Karésidhènan Madhiun lan Kadhiri amarga wilayah kasebut sadurungé dikontrol déning Kasultanan Mataram. Wilayah kasebut kapérang dadi loro, yaiku Mataraman Kulon (kalebu Pacitan, Ngawi, Magetan, lan Panaraga) lan Mataraman Wétan (kalebu Nganjuk, Trenggalèk, Tulungagung, Kadhiri, Blitar, lan Madhiun). Konsèntrasi budaya sosial Mataraman luwih gampang ditemokaké ing Mataraman Kulon tinimbang Mataraman Wétan.[5]

Fonologi[besut | besut sumber]

Basa Jawa Mataraman—utamané ing subdhialèk Mataraman Wétan—duwé swara sing béda yèn dibandhingaké karo subdhialèk Mataraman Kulon lan dhialèk Surakarta, amarga tembung "putih" asring diucapaké [putíh] saliyané uga ana "mulih" [molíh]. Iki dibedhèk amarga dhèwèké uga duwé pengaruh sethithik saka dhialèk Jawa Surabaya/Malang.[6]

Tetembungan[besut | besut sumber]

Dhialèk Mataraman Dhialèk / basa standar liyané Basa Indonésia
awit/wiwit mulai
bar mari (Surabaya), rampung (Yogyakarta) selesai
barakan sebaya, sekelas dalam suatu jenjang (sama-sama kelas II/V/VIII/XI)
bedhèk, jedhèk tebak
bocah lanang arèk (Surabaya), laré (Using) anak
cengoh bodho, longor (Surabaya) bodoh
hèci pia-pia (Semarang), oté-oté (Surabaya), wèci (Malang) bakwan
ider menawarkan barang, berjualan
jingklong lemud nyamuk
keblondrok menyesal setelah membeli suatu barang karena harga yang ditawarkan terlalu mahal
kemlinthi kemaki sombong
kèt, kaèt, sangka kawit, saka dari, semenjak
kiter kejar
lémpoh kesel lelah
mau, maeng, engkè tadi
mbècèk syukuran sebelum acara pernikahan
mbesuk, ngéndhangi methuk (Yogyakarta) menjenguk
mblithuki mbujuki (Surabaya) berbohong
mbok ibu, bu, buné ibu, bunda
mboyak babah (Surabaya) biarkan
men nemen, banget sangat ... sekali
murus sakit perut, diare, mencret
nasang tersangkut
nggajak keren, necis
ngengkag berjalan cepat dengan gerakan goyang
nylènthèt membolos
pakpuh/bupuh pakdhé/budhé (Surabaya) paman/bibi
papag jemput
pèmèyan jemuran
sangkèk saking, terlalu
ujug-ujug teka-teka (Yogyakarta) tiba-tiba
umbar, tog jar (Surabaya), bèn membiarkan
wayer kipas angin

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Tabel Hasil Sensus Penduduk 2010 Provinsi JAWA TIMUR". bps.go.id. Badan Pusat Statistik. Diarsip saka sing asli ing 2011-10-28. Dijupuk 2019-11-30. 
  2. E.M., Uhlenbeck (1964). A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura. The Hague: Martinus Nijhoff. OCLC 469418172. 
  3. Budi, Arifina (2016-12-27). "Ini Keunikan yang Hanya Dimiliki Masyarakat Jawa Timur". Good News From Indonesia. Dijupuk 2020-01-28. 
  4. Paryono, Yani (2014). Sistem Kata Ulang Bahasa Jawa Subdialek Madiun. doi:10.31503/madah.v5i2.515. 
  5. Satrya, I Dewa Gde (2016-08-16). "Belajar Nilai dari Keluarga Jawa Mataraman". Universitas Ciputra. Dijupuk 2020-01-28. 
  6. Ningsih, Faridha Sadik Purwita (2013). "Pemetaan Bahasa Jawa Dialek Mataraman di Kecamatan Puncu, Kabupaten Kediri, Jawa Timur". Universitas Muhammadiyah Malang: hlm. 3. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]