Menyang kontèn

Priyantun Baduy

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Badui)
Tiyang Baduy
Barkas:Baduy-erin014-25.jpg
Kulawarga Baduy
Gunggung cacah jiwa
(10.879, (5.465 kakung), (5.414 èstri)[1].)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Banten, Indonésia
Basa
Dhialèk Baduy saking Sundha
Agama
Sundha Wiwitan, Islam, Buda (Minoritas)
Golongan ètnik magepokan
Sundha
Dalem Baduy Njawi
Kreteg Cigajeboh
Gelang Baduy

Tiyang Baduy utawi Priyantun Baduy punika suku ingkang wonten ing Banten. Panceripun, suku Baduy punika wonten ing Désa Kanekes, Kacamatan Leuwidamar, Kabupatèn Lebak, Banten Kidul ing laladan Gunung Kendheng. Laladan Gunung Kendheng 900 mètér saking parmukaan seganten. Miturut pancer geografisipun, laladan Baduy dumunung ing 6°27’27”-6°30’ Lintang Utara (LU) lan 180°3’9”-106°4’55” Bujur Timur (BT).[2].

Tiyang Baduy dipunpérang dados kalih mitumut tata cara ugi wewengkonipun, inggih punika Baduy Jawi lan Lebet. Tiyang ingkang gesang ing kampung kajeroan dipunwastani tiyang Baduy lebet. Kampung Kajeroan cacahipun wonten tiga, inggih punika; kampung Cikeusik, Cibéo, lan Cikartawana. Lan tiyang ingkang gesang ing urip sakjawinipun tigang kampung punika, dipunwastani suku Baduy Jawi. Kinten-kinten wonten 60 (nenem dasaan) kampung ing Baduy Jawi. Kejawi béda wewengkon gesangipun, wonten kathah malih ingkang saged mbédakaken Baduy lebet lan jawai, kados tatacara nganggé rasukan, warni rasukan, wujud dalem, aturan adat, lan sanès-sanèsipun.

Asal-usul Tiyang Baduy

[besut | besut sumber]

Konon Tiyang Baduy awitipun saking wadyabala Karajan Pajajaran ingkang nguwaosi tlatah Pasundhan. Laladan ingkang dipunkuwaosi kados ta laladan Banten, Bogor, Priangan, ngantos laladan Cirebon. Wekdal punika ingkang dados ratu inggih punika Prabu Bramaiya Misatandraman kagungan gelar Prabu Siliwangi. Ing abad XV laladan Baduy wiwit dilebeti piwucalan agami Islam ingkang dipunkembangaken déning saudhagar-saudhagar Gujarat saking Arab Saudi lan Wali Sanga. Sunan ingkang ngayahi laladan Cirebon ngantos Banten inggih punika Sunan Gunung Jati. Sunan Gunung Jati terus ngembangaken Islam ing laladan Pasundhan, lan njalari kuwaosipun ugi pamoripun ratu saya dangu sangsaya alit. Pungkasanipun ratu kaliyan sénopatinipun ugi para ponggawa ingkang taksih tetep setia nilar kraton lajeng mlebet wana gong liwang liwung ing Pasundhan sisih kidul, piyambakipun nilar laladan awitipun kanthi tékat ingkang teguh. Kateguhan manah punika kagambar saking pantun Priyantun Baduy inggih punika Jauh teu puguh nu dijugjug, leumpang teu puguhnu diteang, malipir dina gawir, nyalindung dina gunung, mending keneh lara jeung wiring tibatan kudu ngayonan perang jeung paduduluran nu saturunan atawa jeung baraya nu masih keneh sa wangatua. Artosipun: Tebih boten ngertos paran, lumaku boten ngertos ingkang dipunjujug, lumaku ing pèrènging tebing, mados wilujeng ing wangsulipun redi, luwung lingsem lan dipunécé tinimbang keda perang kaliyan bebrayat utawi kulawarga ingkang isih sakturunan [3]. Miturut Djoewarsa, priyantun Baduy asalipun pancèn saking para senapati uga pungguwa setia ratu ingkang mlajeng ing abad XII [4].

Baduy punika nami kondhang ingkang dianggé nyebut masarakat Désa Kènèkès. Nami Baduy wiwit sasampunipun agami Islam mlebet ing laladan Banten lèr ing abad 16 (nembelas), udakawis taun 1522-1526. Muturut panemunipun Judistira Garna; "Kasetianipun tiyang Baduy ing agami dipunwarisi saking buyut ngantos turun temurun, kados-kados nganggep tiyang Baduy punika sanès tiyang Baduy asli. Blume tau nyerat babagan asal usulipun tiyang Baduy, Baduy asalipun saking Karajan Sundha, inggih punika Padjajaran ingkang ndhelik nalika karajan Padjajaran kasoran ing prang wiwit abad 17 (pitulas) lan salakunipun majunipun karajan Banten Islam.[5].

Baduy Lebet

[besut | besut sumber]

Tiyang Baduy Lebet wonten ing laladan kampung tangtu tilu (artiné: namung tiga) inggih punika Cikeusik, Cibeo lan Cikartawana. Kawontenan kampung Baduy Lebet béda kaliyan Baduy Jawi, dalem-dalem tiyang Baduy Lebet langkung prasaja tinimbang dalem tiyang Baduy Jawi. Dalem panggungipun kagungan pondhasi ingkang langkung inggil, lan boten kagungan èmpèr dalem. Ing Baduy Lebet ugi kagungan pantangan ingkang langkung ketat sanget. Salah satunggaling pantangipun inggih punika kados boten oléh nganggé bahan-bahan kimia (kados; sabun, odhol, rokok). Wonten ngandhap puniki pantangan-pantangan sanèsipun ingkang wonten ing Baduy Lebet:

  1. Ora olèh nganggo kabèh jinising tetunggangan
  2. Ora olèh nganggo sandhal
  3. Lawang omah kudu madhep lor utawa kidul (kajaba omah Puun)
  4. Ora olèh nganggo piranti èlèktronik
  5. Kudu nganggo kain warna putih kang ditenun dhéwé utawa dijait dhéwé lan ora olèh nganggo klambi kang modhèren [5].
  6. Ora olèh ngapusi
  7. Ora olèh nyenèni wong liya
  8. Ora olèh poligami, utawa poliandri
  9. Ora olèh mangan ing wektu bengi
  10. ora olèh ngombé alkohol utawa inuman kang bisa mabukaké
  11. Ora olèh pacangan
  12. Ora olèh zinah
  13. Ora olèh nyolong
  14. Ora olèh nglanggar ukum adat
  15. Ora olèh ngemis (njaluk-njaluk)
  16. Ora olèh nyiksa kéwan [6].

Baduy Jaba

[besut | besut sumber]

Baduy Jawa yaiku kampung kang isih ana ing laladan Baduy kajaba kampung tangtu tilu (Cibéo, Cikeusik lan Cikartawana). Kira-kira ana 60 (suwidak) kampung. Hukum adat Baduy Jaba ora patia akèh kaya Baduy Jero. Akèh prakara kang mbédakaké Baduy Jero lan Baduy Jaba, kaya ta:

  1. Wong Baduy Jaba nganggo klambi warna ireng
  2. Omah wong Baduy Jaba luwih tumata, ana èmpèré lan direnggo
  3. Wong Baduy Jaba isih olèh nganggo bahan kimia (yaiku: sabun ados, lan sabun isah-isah)
  4. Wong wadon Baduy Jaba makarya dadi tukang tenun, lan kang lanang néng ladhang.

Tata Yasan Baduy

[besut | besut sumber]

Kados adatipun griya adat wonten ing pèranganing laladan ingkang gadhah kaunikan, lan béda mitumut kapreluanipun piyambak-piyambak, semanten ugi Tiyang Baduy ingkang gadhah griya ingkang nyelé. Griyanipun tiyang Baduy saged dipunwastai griya panggung amargi gadhah suku griya. Suku griya punika gadhah ancas kanggé nyangga griya. Griya ing Baduy mboten wonten ingkang nganggé banon utawi sakjinising, nanging cekap nganggé deling ingkang dipunsusun ngantos minangka griya. Anggènipun yasa griya mboten saged sakajengipun piyambak-piyambak nanging ugi wonten aturanipun. Kaping pisan, sedaya griya kedah mayun lèr utawi kidul lan sami payun-payunan, mboten kènging mayun étan utawi kilèn. Mbangung griya ugi wonten aturan utami sanèsipun, ingkang cetha mboten kènging ngrèsak lemah, lan alam ing laladan kana. Yasan-yasan kang ana ing laladan Baduy kudu panggah nyalarasaké karo alam, dadi ngadegé omah kudu mèlu kamiringane lemah. Ora bisa sakenaké dhéwé nrèpèsi lemah, jalaran kuwalat.

Bahan utama kang kanggo njunjung omah utawa kanggo sikile omah yaiku pring utawa kayu liya. Dipasang nganggo pasak, jalaran piranti kaya paku ora olèh dianggo ing kana. Nganggo pasak kanggé nyambungaké pondhasi omah malah luwih bisa ngraketaké kayu siji lan liyané, apa manèh nalika kayu wis garing.[7]

Budaya Ngahuma

[besut | besut sumber]

Wong Baduy olèhé ngarani ladhang iku huma. Bekasé huma diarani jami, lan bekasé huma kang wis suwé diarani reuma. Miturut wong Baduy, jinising huma ana lima, yaiku; huma serang, huma puun, huma tangtu, huma tuladan lan huma panamping.

Huma serang yaiku ladhang adat kang dikuwasani déning kabèh masarakat. Olèhé nggarap ladhang iki dikerjaaké bebarengan déning kabèh masarakat Baduy, bisa Baduy Jero lan Baduy Jaba kang dipandhégani déning Puun (pangarsaning Adat). Huma Serang mung ana ing laladan Baduy Jero, yaiku ing Cikartawana, Cibéo lan Cikeusik.

Huma Puun yaiku ladhang ing panguwasané Puun. Olèhé nggarap uga dikerjaaké berarengan déning masarakat, ananinging ora akèh kaya Huma Serang. Kaya déné Huma serang, Huma Puun uga mung ana ing laladan Baduy Jero, yaiku ing Cikartawana, Cibéo lan Cikeusik. Ladhang mau mung bisa diduwèni karo puun nalika njabat dadi pangarsaning wong Baduy.

Huma Tangtu yaiku ladhang kang dicepakaké kanggé kapreluan masarakat Baduy.

Huma Tuladan yaiku ladhang kang asring dianggo kanggé kapreluan upacara ing laladan panamping.

Huma Panamping yaiku ladhang kanggo kapreluan masarakat panamping, kang dikerjaaké ing pungkasan wektu.[2].

Budaya Ngahuma wong Baduy ora sakarepé dilakokaké, nanging uga kudu njaga imbangé alam. Wong Baduy ora sakarepé dhéwé anggoning ngiwiwiti lan mungkasi ngladhang jalaran wong Baduy duwèni aturan lokal kanggo nemtuaké wektu ngladhang. Nemtuaké wektu kanggo ngwiwiti ngladhang ora nganggo tanggalan masèhi utawa parintah saka dinas tetanèn ing wewengkon kana, nanging nganggo katoné lintang. Miturut panemuné wong Baduy, ngahuma sataun sakali nyokot anggeran ka bentang kang artiné "ngladhang dianakake setaun pisan njukuk pathokan saka lintang". Ing wektu wong Baduy wiwit taram (mbukak ladhang) diandharaké ing tuturan: Mun matapoe geus dengkek ngaler, lantaran jagad urang geus mimiti tiis, tah dimimitan ti wayah eta kakara urang nanggalkeun Kidang, tanggal Kidang mah laju turun kujang, tegesé: "yèn srengéngé wis ana ing sisih lor, buminé awaké dhéwé wiwit adhem, wiwit wektu iku nembé awaké dhéwé neliti wiwité pananggalan lintang Kidang (lintang waluku), kang ing tanggal Kidang mau diwiwiti nganggo kujang (kaya bendho).[2].

Sunda Wiwitan

[besut | besut sumber]

Sunda Wiwitan yaiku agama masarakat wong Baduy kanggo ngormati roh karuhun (leluhur) [8]. Saka peperangane panemu para ahli kang mumpuni, Sunda Wiwitan iku agama kang kasile saka campure agama Islam lan Hindhu. Ing agama Sunda Wiwitan uga ana sahadat, amèh padha karo sahadat Islam, yakui:

Asyhadu syahadat Sunda

Jaman Allah ngan sorangan

kaduanana Gusti Rosul

ka tilu Muhammad

ka opat umat Muhammad

nu cicing di bumi angaricing

nu calik di alam keueung

ngacacang di alam mokaha

salamet umat Muhammad

Artiné:

Sahadad Sundha

Allah mung siji

Keloro para Rosul

Katelu Muhammad

Kapapat umat Muhammad

kang ana ing donya kang ramé

kang lungguh ing alam kang medèni

nglanglang ing nepsu

wilujeng umat Muhammad.[9]

Olèh-olèh saka Baduy

[besut | besut sumber]

Wis dadi adaté wong kang plesir ing salah sawijining papan mesthi golèk olèh-olèh saka papan kang dituju. Laladan Baduy uga duwé olèh-olèh kang kas; ana kaos Baduy, kain tenun Baduy, gantungan kunci Baduy, lan ana barang cilik-cilik kaya gelang uga ali-ali. Kabèh barang iku mau mung diregani Rp 25.000,-(slawé èwu) kanggo kaos, gantungan kunci, gelang regané Rp 2.000,-, ali-ali mung Rp 1.000,-lan yèn kain tenun antara Rp 25.000,-nganti Rp 300.000,-bisa luwih uga gumantung ukurané kain kang dituku. Dodolan barang-barang kayaiku mau uga dadi pagaweané wong Baduy, mligi wong Baduy Jaba. Barang-barang iku mau digawé saka serat ayat utawa njalin, kang dadi bahan dhasaré nggawé tas, gelang, ali-ali.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Judhul Artikel: Sunda Wiwitan Baduy, Pengarang: Masykur Wahid, Tahun: 2010, Halm: 3
  2. a b c R. Cecep Eka Permana,(2011) BENDE: Kearifan Lokal dalam Berbagai Aspek Budaya,, Halm: 22 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku4" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. "Asal Usul Baduy". Diarsip saka sing asli ing 2012-04-27. Dibukak ing 2012-06-20.
  4. Djoewarsa,(1987) Suku Baduy,, Halm: 1
  5. a b Wong Baduy: Karya Tulis Norma Rizkiananingrum
  6. Ahmad Yani dalam Ferry Fathurokhman; Hukum Pidana Adat Baduy dan Relevansinya dalam pembaharuan Hukum Pidana, Tahun: 2010, Halm: 86
  7. Arsitektur Baduy
  8. R. Cecep Eka Permana Tata Ruang Masarakat Baduy. Tahun: 2006
  9. Masykur Wahid Sunda Wiwitan. Tahun: 2010