Sundha Wiwitan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sundha Wiwitan (cara Sundha: ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮝᮤᮝᮤᮒᮔ᮪, Sunda Wiwitan) iku agama tradhisional wong Sundha. Agama iki muja kuwasaning alam lan jiwaning para leluhur (animisme lan dhinamisme).[1] Ing Carita Parahyangan, agama ingaran Jatisunda (cara Jawa: Jatisundha).

Para nggilut Sundha Wiwitan racaké sumebar ing désa-désa Jawa Kulon, kaya ta Kanekes, Lebak, Banten; Ciptagelar Kasepuhan Banten Kidul, Cisolok, Sukabumi; Kampung Naga; lan Cigugur, Kuningan. Wong-wong iku ndhaku yèn Sundha Wiwitan wis dadi dalan uripé kawit duk nguni, sadurungé tumeka Hindhu lan Islam ing Tanah Jawa. Kitab suci Sundha Wiwitan arané Sang Hyang Siksakanda ng Karesian sing ngemu panuntun agama lan solah laku, paugeran, lan piwulang. Pustaka iku tinenger Kropak 630 déning Perpustakaan Nasional Indonesia. Miturut kokolot (sesepuh) ing Désa Cikeusik, wong Kanekes ora nggilut agama Hindhu utawa Buda. Wong-wong iku nggilut agama sing muja jiwaning para leluhur. Nanging, sangsaya suwé agama Sundha Wiwitan kaprabawa lan kacampur unsur-unsur Hindhu lan Islam.[2]

Ontologi lan sistem kapercayan[besut | besut sumber]

Minangka Kang Mahakuwasa ing agama Sunda Wiwitan iku Sang Hyang Kersa ("Sang Digdaya") utawa Nu Ngersakeun ("Sang Mangarsa"). Wujud linuhung iku duwé jeneng liya, kaya ta Batara Tunggal ("Sang Tunggal"), Batara Jagat ("Cakrawarti"), lan Batara Séda Niskala ("Sang Suksma"). Sang Hyang Kersa dumunung ing buwana paling suci ya iku Buana Nyungcung (cara Jawa: "Buwana Pucuk"). Para déwa Hindhu (Brahma, Wisnu, Siwah, Indra, Yama, lan liyané) dianggep bawahané Sang Hyang Kersa.[1]

Miturut ontologi Sundha Wiwitan, jagat iku dumadi telung buwana:

  1. Buana Nyungcung ("Buwana Pucuk"): buwana sing paling dhuwur; layaning sang linuhung Sang Hyang Kersa.
  2. Buana Panca Tengah ("Buwana Tengah"): bumi, buwananing manungsa lan sato kéwan, mawa limang kéblat: wétan, kulon, lor, kidul, lan tengah.
  3. Buana Larang ("Buwana Larangan") : yamani, buwananing para buta lan asura, minangka buwana paling ngisor.

Adat lan upacara[besut | besut sumber]

Ing adat Sundha Wiwitan, dedonga lan ritual iku diayahi sarana gita saka kidung Sundha lan beksan kidung. Ritual-ritual iki dilakoni nalika upacara panèn pari lan nalika karaméan taun anyar ingaran Seren Taun. Upacara adat iki isih diayahi déning wong Kanekes, Lebak, Banten; Ciptagelar Kasepuhan Banten Kidul, Cisolok, Sukabumi; Kampung Naga; lan Cigugur, Kuningan.

Sanadyan wong Sundha modhèren nglakoni piwulang Islam utawa liyané, sawenèh unsur adat, piandel, lan budaya Sundha Wiwitan isih lestari tekan sapréné. Ngenani prabawané ing gandra-gandra sosial lan adat budaya, wong Sundha ora ninggal piandel-piandel tradhisionalé.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Edi Suhardi Ekajati (1995). Kebudayaan Sunda: suatu pendekatan sajarah. Pustaka Jaya. k. 72-73. 
  2. Kenang-kenangan Pangeran Aria Achmad Djajadiningrat. Kolff-Buning-Balai Poestaka. 1936.