Anatomi tetanduran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Anatomi tetuwuhan utawa fitotomi iku analogi saka anatomi manungsa utawa kéwan. Sanajan kanthi prinsip kajian kang diayahi iku ndeleng fisik minangka pérangan-pérangan kang kanthi fungsional béda-béda, anatomi tetuwuhan migunakaké pendekatan métodhe kang béda karo anatomi kéwan. Organ tetuwuhan kaékspos saka njaba, saéngga lumrahé ora perlu "pambedhahan".

Anatomi tetuwuhan lumrahé dipérang dadi telung pérangan miturut hierarki sajeroning kauripan:

  • Organologi, nyinaoni struktur lan fungsi organ dhedhasar jaringan-jaringan penyusuné;
  • Histologi, nyinaoni struktur lan fungsi manéka jaringan dhedhasar wangun lan peran sèl panyusuné; lan
  • Sitologi, nyinaoni struktur lan fungsi sèl sarta organel-organel ing sajeroné, prosès kauripan sajeroning sèl, sarta gegayutan antara siji sèl karo sèl liyané. Sitologi kaloka uga minangka biologi sèl.

Morfologi tetuwuhan uga kerep dikaji bebarengan karo anatomi tetuwuhan.

Organologi[besut | besut sumber]

Organologi nyinaoni struktur lan fungsi sawijining organ. Ing ngisor iki jaringan-jaringan dhasar kang nyusun telung organ pokok tetuwuhan.

Oyod[besut | besut sumber]

Oyod utawa oyot, kasusun saka jaringan-jaringan:

Lapis njaba oyod kerep dilindhungi déning lapisan gabus tipis. Pérangan pucuk oyod duwé jaringan tambahan ya iku tudhung oyod. Pucuk oyod uga dislimuti déning lapisan mèmper lendhir kang diarani misel (mycel) kang wigati sajeroning pertukaran hara sarta interaksi karo organisme (mikroba) liya.

Wit[besut | besut sumber]

Susunan wit (basa Indonésia: batang), ora akèh bédané karo oyod. Wit kasusun saka jaringan iki:

Struktur iki ora akèh owah, ing wit utama, pang, utawa ranting. Lumahing wit mawa kayu utawa tetuwuhan wujud wit-witan kerep dilindhungi déning lapisan gabus (suber) lan/utawa kutikula kang ngandhut lenga (hidrofobik). Jaringan kayu ing wit dikotil utawa monokotil tinamtu bisa ngalami prosès lignifikasi kang lanjut saéngga kayu dadi atos banget.

Godhong[besut | besut sumber]

Godhong jangkep dumadi saka pelepah godhong, gagang godhong sarta helai godhong. Helai godhong duwé urat godhong kang ora liya minangka terusan saka jaringan panyusun wit kang fungsiné nyaluraké hara utawa produk fotosintesis. Helai godhong kasusun saka jaringan-jaringan dhasar iki:

Permukaan epidermis kerep kalapis déning kutikula utawa rambut alus (pilus) kanggo nglindhungi godhong saka gegremet pemangsa, spora jamur, utawa tetesan banyu udan.

Histologi[besut | besut sumber]

Histologi tetuwuhan nyinaoni jinis-jinis sèl (dhedhasar wangun lan fungsi) kang nyusun sawijining jaringan.

Jaringan panyusun tetuwuhan antarané: 1. epidermis (jaringan pelindhung) 2. kolenkim (jaringan penyokong) 3. sklerenkim (jaringan penyokong) 4. parenkim (jaringan dhasar) 5. xilem (jaringan pembuluh/pengangkut) 6. floem (jaringan pembuluh/pengangkut)

Sitologi[besut | besut sumber]

Pirsani artikel sèl (biologi) kanggo pembasan luwih jero.

Sitologi nyinaoni fungsi manéka warna sèl lan organel-organel kas pendhukung fungsi mau.