Wong Tionghoa-Indonesia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Agnes Monica, Keturunan Tionghoa ing Indonesia
Suku Tionghoa-Indonesia
Populasi total
1.739.000 (sensus 2000)[1]
7.670.000 (perkiraan 2006)[2]
Pedunung wigati ing
Kalimantan Barat, DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Timur, Sumatera Utara, Riau, Kepulauan Riau, Jambi, Sumatera Selatan, Bangka-Belitung, Sulawesi Selatan, Sulawesi Utara, Nusa Tenggara Timur, dan Papua.
Basa

Indonesia, Hokkien, Hakka, Tiochiu, Mandarin, Jawa dan bahasa-bahasa daerah lainnya.

Agama

sebagian besar penganut agama Kristen, Katolik dan Buddha, sebagian kecil menganut Kong Hu Cu dan Islam.

Suku bangsa cedhak dhéwé

Mayoritas suku Han dan minoritas suku Hui di Cina.

Suku bangsa Tionghoa (biasa dipunsebut ugi Cina[3]) ing Indonesia inggih punika salah satunggaling etnis ing Indonesia. Biasanipun nyebut piyambakipun kanthi istilah Tenglang (Hokkien), Tengnang (Tiochiu), utawi Thongnyin (Hakka). Wonten ing basa Mandarin dipunsebut Tangren (Hanzi: 唐人, "tiyang Tang") utawi lazim dipunsebut Huaren (Hanzi Tradisional: 華人 ; Hanzi Sederhana : 华人) . Dipunsebut Tangren amargi sami kaliyan kasunyatan bilih tiyang Tionghoa-Indonesia mayoritas asalipun saking Cina selatan ingkang nyebut piyambakipun minangka tiyang Tang, dene tiyang Cina utara nyebut piyambakipun minangka tiyang Han (Hanzi: 漢人, Hanyu Pinyin: Hanren, "tiyang Han").

Leluhur tiyang Tionghoa-Indonesia nindakaken imigrasi kanthi bertahap wiwit ewunan taun kapungkur ingkang nglewati bidang niaga. Peranipun sapérangan medal wonten ing sajarah Indonesia, ugi sadéréngipun Republik Indonesia dipundeklarasikaken lan kabentuk. Cathetan-cathetan saking Cina ngandharaken bilih kerajaan-kerajaan kuno ing Nuswantara sampun berhubungan kaliyan dinasti-dinasti ingkang kumawasa ing Cina. Faktor punika ingkang lajeng nyuburaken dedagangan lan lalu lintas barang punapa déné manungsa saking Cina nuju ing nuswantara ugi kosok wangsulipun.

Sabibaripun negara Indonesia mardika, tiyang Tionghoa ingkang kewarganegaraanipun Indonesia dipungolongaken minangka salah satunggaling suku wonten ing lingkup nasional Indonesia, kados déné Pasal 2 UU Nomor 12 Tahun 2006 tentang Kewarganegaraan Republik Indonesia.[4]

Asal Tembung[sunting | sunting sumber]

Tionghoa utawi tionghwa, inggih punika istilah ingkang dipundamel piyambak dening tiyang keturunan Cina ing Indonesia, ingkang asalipun saking tembung zhonghua wonten Basa Mandarin. Zhonghua wonten dialek Hokkian dipunlafalaken minangka Tionghoa.

Wacana Cung Hwa sakboten-botenipun sampun dipunwiwiti taun 1880, inggih punika wontenipun pepinginan saking tiyang-tiyang ing Cina saperlu kabebas saking kekuwasan dinasti krajan lan mbenuk sawijining negara ingkang langkung demokratis lan kiyat. Wacana punika ngantos kamireng dening tiyang asal Cina ingkang dumunung ing Hindia Belanda ingkang nalika punika dipunsukani nama Tiyang Cina.

Sekelompok tiyang asal Cina ingkang putra-putranipun lair ing Hindia Belanda, ngraos prelu nyinaoni kabudayan lan basanipun. Nalika taun 1900, kelompok punika ndhirikaken sekolah ing Hindia Belanda, ing ngandhap naungan sawijining badan ingkang dipunsukani nama "Tjung Hwa Hwei Kwan", ingkang menawi dipunlafalaken ing Indonesia dados Tiong Hoa Hwe Kwan (THHK). THHK wonten ing lampahipun boten kemawon maringi pendidikan basa lan kabudayan Cina, ananging ugi nuwuhaken raos persatuan tiyang-tiyang Tionghoa ing Hindia Belanda, sesarengan kaliyan ewah-ewahaning istilah "Cina" dados "Tionghoa" ing Hindia Belanda.

Populasi ing Indonesia[sunting | sunting sumber]

Adhedhasar Volkstelling (sensus) nalika masa Hindia Belanda, populasi Tionghoa-Indonesia dumugi 1.233.000 (2,03%) saking penduduk Indonesia ing taun 1930.[5] Boten wonten data ingkang resmi babagan cacah populasi Tionghoa ing Indonesia dipunmedalaken pamarentah wiwit Indonesia mardika. Ananging ahli antropologi Amerika, G.W. Skinner, wonten ing risetipun nate pmrakirakaken populasi masyarakat Tionghoa ing Indonesia dumugi 2.505.000 (2,5%) nalik taun 1961.[6]

Wonten ing sensus penduduk nalika taun 2000, nalika pisanan responden sensus dipunsuwuni pirsa babagan asala etnisipun, namung 1% saking jumlah populasi Indonesia ngaku minangka Tionghoa. Prakiran kasar ingkang dipunpitadosi babagan cacah suku Tionghoa-Indonesia nalika punika inggih punika wonten ing kisaran 4% - 5% saking sedaya cacah populasi Indonesia.[7]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Definisi "etnis" ingkang dipungnakaken BPS adhedhasar saking pangakon tiyang ingkang dipunsensus. Adhedhasar punika, cacah punika saged dipunanggep minangka bates andhap ("lowerbound") amargi kathah warga Tionghoa ingkang boten ngaku minangka "Tionghoa" wonten ing sensus. Miturut Perpustakaan Universitas Ohio [1], cacah suku Tionghoa ing Indonesia dumugi 7.310.000 jiwa. Cacah punika minangka cacah ingkang paling ageng ing njawi Cina.
  2. ^ (zh) "印尼2006 年華人人口統計推估 (Perkiraan Statistik Jumlah Penduduk Tionghoa-Indonesia Tahun 2006)" (PDF). Overseas Compatriot Affairs Commission, R.O.C (Taiwan). http://www.ocac.gov.tw/download.asp?tag=P&file=DownFile/File_9894.pdf&no=9894. Retrieved 2013-01-15. "本會以人口增加率1.38%估計,2006 年印尼華人人口約有767 萬人,約占印尼總人口的3.4%,尚屬合理。"
  3. ^ Delengen uga Panganggo istilah Cina, China lan Tiongkok#Ing Indonesia
  4. ^ Trisnanto, AM Adhy (Minggu, 18 Februari 2007), "Etnis Tionghoa Juga Bangsa Indonesia", Suara Merdeka, http://www.suaramerdeka.com/harian/0702/18/nas04.htm
  5. ^ Vasanty, Puspa (2004). Prof. Dr. Koentjaraningrat. ed. "Kebudayaan Orang Tionghoa Di Indonesia", Manusia Dan Kebudayaan Di Indonesia. Penerbit Djambatan. p. hal. 359. ISBN 979-428-510-2.
  6. ^ Skinner, G.W. (1963). R.T. McVey. ed. "The Chinese Minority", Indonesia. New Haven, HRAF. p. hal. 99.
  7. ^ Kusno, Malikul (Sabtu, 9 Desember 2006), "UU Kewarganegaraan dan Etnis Tionghoa", Harian Umum Sinar Harapan, http://www.sinarharapan.co.id/berita/0612/09/opi01.html