Suku Laut

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Suku Laut

Suku Laut utawi asring ugi dipunsebut Tiyang Laut inggih punika suku bangsa ingkang dumunung ing Kepulauan Riau, Indonesia.

Langkung luas, istilah Tiyang Laut nglingkupi "maneka suku lan kelompok ingkang dumunung ing pulo-pulo lan muara kali ing Kepulauan Riau-Lingga, Pulo Tujuh, Kepulauan Batam, lan pesisir lan pulo-pulo ing lepas pante Sumatera Timur lan Semenanjung Malaya bageyan selatan." [1]

Sebutan sanés kangge Tiyang Laut inggih punika Tiyang Selat. Tiyang Laut kadang kala rancu antawis Tiyang Laut kaliyan suku bangsa maritim sanésipun, Tiyang Lanun.

Kanthi historis, Tiyang Laut kala rumiyin inggih punika perompak, ananging peranipun wigati ing Kerajaan Sriwijaya, Kesultanan Malaka lan Kesultanan Johor. Tiyang Laut njaga selat-selat, ngusir bajak laut,lan mandu para pedagang nuju ing pelabuhan Kerajaan-kerajaan kasebut, lan njaga hegemoninipun ing daerah kasebut. [2]


Basa Tiyang Laut[sunting | sunting sumber]

Basa Tiyang Laut mirip kaliyan Basa Melayu lan dipungolongaken minangka Basa Melayu lokal. Sakmenika tiyang laut umumipun makarya minangka nelayan. Kados suku Bajau tiyang laut kadang kala jejuluk minangka "kelana laut", amargi anggénipun gesang pindhah-pindhah ing nginggil perahu.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Nalika jaman kejayaan Malaka, Tiyang Laut minangka pendhukung wigati tumrap krajan maritim kasebut. Nalika Malaka asor, Tiyang laut nglajengaken kesetiaanipun dhumateng keturunan sultan Malaka ingkang lajeng mbangun Kesultanan Johor. Nalika Belanda badhe nyerang Johor ingkang nembe bangkit nyaingi Malaka--ingkang abad ke-17 dipunrebut Belanda saking --Sultan Johor ngancem badhe marentah Tiyang Laut saperlu boten malih maringi perlindhungan dhumateng kapal-kapal Belanda.[3]

Nalika 1699 Sultan Mahmud Syah, keturunan pungkasan wangsa Malaka-Johor, séda. Tiyang Laut nolak ngakoni wangsa Bendahara ingkang minggah tahta minangka sultan Johor ingkang enggal, amargi kulawarga Bendahara dipuncurigani ndherek rajapejah kasebat. Nalika taun 1718 Raja Kecil, sawijining petualang Minangkabau ngakoni hak saking tahta Johor, Tiyang Laut maringi sengkuyungan. Ananging kanthi sengkuyungan saking prajurit-prajurit Bugis Sultan Sulaiman Syah saking wangsa Bendahara sukses ngrebut malih tahta Johor. Kanthi bantuan saking tiyang-tiyang Laut (Tiyang suku Bentan lan tiyang Suku Bulang) mbiyantu Raja Kecil mbangun Kesultanan Siak, sabibaripun kausir saking Johor.[4]

Nalika abad ke-18 peranan Tiyang Laut minangka penjaga Selat Malaka tumrap Kesultanan Johor-Riau dangu-dangu dipungantosaken dening suku Bugis.


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "The Malay Peninsula and Archipelago 1511–1722" The Encyclopedia of World History 2001;
  2. ^ Mary Somers Heidhues. Southeast Asia: A Concise History. London: Hudson and Thames, 2000. Halaman 27
  3. ^ [www.anneahira.com/suku-laut.htm]
  4. ^ [www.anneahira.com/suku-laut.htm]

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Suku_Laut&oldid=847316"