Suku Han
Suku Han (Hanzi sedherhana: 汉族; Hanzi tradisional: 漢族; hanyu pinyin: hanzu) iku salah siji suku mayoritas kang ana ing Tiongkok. Sukuiki entuk jeneng saka Dinasti Han lan nduweni sajarah kang dawa wiwit 2200 taun kepungkur. jeneng Han digunakake kanggo ngarani bangsa Tiongkok wis suwe, kedadean iku amarga Dinasti Han kang makmur lan mrentah Tiongkok suwene 400 taun punjul. Nalika Dinasti Han kuwasa akeh babagan kang maju, kayata kabudayan, nasionalisme, ekonomi, lan politik.
Suku Han iku suku kang paling gedhe ing donya. 19 % saka wong donya, lan 91 % saka warga Cina iku asale saka Suku Han.[1] Suku Han akeh sing urip ing Asia, kayata Laos, Nepal, Tanzania, Kamboja, lan Thailand.[2]
Suku Han nduweni kurang luwih 4000 taun cathetan sajarah. Suku Han sumebar ing kabeh Tiongkok, lan padha nggunakake Hanyu Basa Han. Sajarah Hanyu dawa lan akeh nduweni tetembungan. Saiki Hanyu nggunakake Hurup Blok pesagi (fangkui Hanzi), kang maju saka Jiaguwen lan Jinwen.[1]
Wong suku Han iku sregep, lan prigel gawe kabudayan kang misuwur. Wiwit jaman Chunqiu(770-476 SM), wong Han wis miwiti mbangun pertanian lan irigasi. Irigasi Dujiangyan di Sichuan dibangun nalika jaman Zhanguo(475-221 SM) nganti saiki isih isa digunakake.[1]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c (id)www.belajartionghoa.com
- ^ misi.sabda.org
|
|||||