Suku Zhuang
| Zhuang (Bouxcuengh) |
|---|
| Suku Zhuang |
| Gunggung populasi |
|
18 juta |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
| Basa |
| Zhuang, Mandarin Cina, Cina Pinghua |
| Agama |
| Didominasi animisme dengan pemujaan leluhur; beberapa Buddha Theravada, Taois, dan Kristen |
| Kelompok etnis paling cedhak |
| Buyei Tày and Nung (Vietnam) |
Suku Zhuang (ingbasa Zhuang: Bouчcueŋь / Bouxcuengh (diucapake shung bou); ing basa Thai: จ้วง ผู้ (diucapkan Poo Chuang) Tionghoa: 壮族; Cina tradisional: 壮族; pinyin: Zhuàngzú) iku salah siji kelompok etnis kang akeh manggon ing Panggon Otonomi Guangxi Zhuang ing Cina kidul. Saliyane ing kono ana uga kang mapan ing Yunnan, Guangdong, Guizhou lan propinsi Hunan. Suku iki kalebu 56 suku kang resmi ing Republik Rakyat Cina. Cacahe wong SUku Zhuang kurang luwih ana 18 yut wong. Cacahe wong suku Zhuang iki nomor loro sawise Suku Han. Iki kang ndadekake suku Zhuang dadi minoritas kang paling gedhe ing Cina.
Jeneng Zhuang (Rao) ditulis 獞. Nanging, karakter iki uga diangep padha karo asu liyar, amarga iku dianggep masalah etnik. Ing taun 1949, "kewan" radikal diganti karo "manungsa" radikal, lan karakter dadi 童. Banjur, karakter iki diganti dadi 壮, karakter iku tegese kuwat.[1]
Sadurunge dijenengi Zhuang denign pamarentah Cina taun 1965, ana akeh aran kanggo suku iki. Jeneng liya kanggo Zhuang yaiku: Buzhuang, Butu, Buliao, Buyayi, ing Yunnan Zhuang diarani Nongren, Sharen, Tuliao lsp. Kira-kira ana 20 aran kanggo suku iki. Wiwitane wong suku Zhuang akeh kang urip ing Lingnan. Jaman pre-Qin (220 SM) mbah buyut suku Zhuang yang asale saka wong Luoyue dan Xiou ing Baiyue, Cina Kidul.[2]
Wong kang misuwur ing Suku Zhuang[sunting]
- Huang Xianfan, sejarawan Cina, etnologis, pendhidhik
- Li Ning, pesenam Cina lan pengusaha
- Shi Dakai, pemimpin Taiping
- Nong Zhigao, pemimpin Zhuang
- Xianzi, musisi pop
Cathetan sikil[sunting]
- ^ John Defrancis|Defrancis, John (1984). The Chinese Language: Fact and Fantasy, p. 117. University of Hawaii Press. ISBN 0-8248-0866-5.
- ^ baltyra.com Etnis Zhuang
|
|||||