Suku Kirgiz
| Suku Kyrgyz | |||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| A traditional Kyrgyz Manaschi performing part of the Manas epic poem at a yurt camp in Karakol | |||||||||||||||||||||||||||
| Gunggung populasi | |||||||||||||||||||||||||||
|
approx. 4.5 million |
|||||||||||||||||||||||||||
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan | |||||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||||
| Basa | |||||||||||||||||||||||||||
| Kyrgyz | |||||||||||||||||||||||||||
| Agama | |||||||||||||||||||||||||||
| Predominantly Sunni Islam. | |||||||||||||||||||||||||||
| Kelompok etnis paling cedhak | |||||||||||||||||||||||||||
| other Turkic peoples |
Suku Kirgiz iku suku kang ka-31 kang diakoni dening pamarentahan Republik Rakyat Cina, minangka salah siji suku minoritas ing Cina. Cacahe wong suku Kirgiz kurang luwih ana 160.823, arep 80 % saka warga kang urip ing Prefektur Otonomi Kizilsu Kirgiz ing sisih Kulon Kidule Xinjiang Uygur Autonomous Region. Sisane kasebar ana ing ILI, Dacheng, Kashgar, Aksu. Kira-kira ana atusan klan kang imigrasi wiwit atusan taun kepungkur menyang Wetan Lore Cina, saiki padha manggon ing Desa Wujiazi Fuyu County, Propinsi Heilongjiang[3].
Sadurunge Cina ngadek dhewe nalika taun 1949, suku Kirgiz uripe kanthi ngingu kewan, lan manut marang alam. Kurang luwih ana 15 % saka suku Kirgiz dadi tani kanthi cara kuna, yaiku kanthi cara ngobong papan kang arep digunakake kanggo tandur.[3] Wong Kirgiz ora tau ngabuk lan maculi, nggaru utawa ngluku. Usaha liyane yaiku gawe kethiplak kanggo jaran, karpet, topi wulu, ngrajut wol. Perkakas kango pawon diolehke kanthi cara dol tinuku ijolan karo kewan ternake.[3]
Suku Kirgiz iku kabentuk saka pirang-pirang klan suku kang mirip karo kelompok. Saben suku klan nduweni sub suku, lan ora diwajibake urip ing saenggon. Saben sub suku ana pira-pira Ayinle utawa clan.[3]
Nalika ing pertengahan abad ka-18, wong-wong suku Kirgiz kang urip ing Xinjiang padha percaya karo agama Islam. Nganti saiki wong suku Kirgiz isih ana sing agamane Islam.[3] Suku Kirgiz kang ana ing Emin (Dorbiljin) County ing Xinjiang lan Fuyu County ing Heilongjiang, diujuk-ujuki dening suku Mongol, supaya mlebu agama Lamaism. Ulama Suku Kirgiz diarani akhunds.[3]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ 2009 Census preliminary results (Basa Rusia)
- ^ Censuses 1970-1989 show 0.9 % Kyrgyz population share in Uzbekistan total, 2000 estimates were also 0.9 % (Ethnic Atlas of Uzbekistan), actually Uzbekistan population is 27,767,100 (2009), so 0.9 % is appr. 250,000
- ^ a b c d e f The Kirgiz
|
|||||