Suku Qiang
| Qiang |
|---|
Nama lain:Ch'iang, Chiang-Min, Erma |
| Gunggung populasi |
|
200.000 |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
| Sichuan, Cina: 200.000 |
| Basa |
| Qiang |
| Agama |
| Ruisme, Buddha Tibet, Taoisme, Islam |
Suku Qiang (Cina: 羌族; pinyin: qiāng zú) iku kelompok etnis kang dadi salah siji suku saka 56 suku kang ana ing Republik Rakyat Cina. Cacahe wong suku Qiang kurang luwih ana 200.000 wong. Warga Suku Qiang akeh urip ing propinsi Sichuan. Suku iki ana wiwit nalika jaman Dinasti Shang.
Ana budaya ing Suku Qiang, nlika arep nyedhaki taun anyar Imlek, warga suku Qiang padha lungguh mubengi wadhah arak. kanthi pimpinan kang wis tuwa, para warga gentennan nyedhot arak kanthi pipa kang dawane kurang luwih sameter.[1]
Wong suku Qiang nggunakake basa Qiang, kang isih kalebu basa Tibet-Birma rumpun basa Sino-Tibeto.[2] Ana rong dialek ing basa Qiang, yaiku dialek lor lan kidul.[2] Saben dialek nduweni limang basa. Umume wong Qiang nggunakake Basa Mandarin. Hurup kang digunakake ing basa Qiang yaiku hurup Mandarin.[2] Jaman biyen suku Qiang agamane agama primitif animisme, ana uga kang agama Lamaisme, yaiku wong kang manggon bareng suku Tibet. [2]
Suku Qiang kagolong suku minoritas kang wis mapan suwe ing Tiongkok.[2] Wiwit 3.000 taun kepungkur wis ditemokake cathetan ngenani suku Qiang ing bathoke kura-kura lan ing balung. Nalika jaman Dinasti Tang (618/907) warga suku Qiang padaha nyampur karo Suku Tibet lan Suku Han.[2]
Cathetan sikil [sunting]
|
|||||
