Suku Hui
| Suku Hui حُوِ ذَو 回族 (Huízú) |
|---|
| Suku Hui |
| Gunggung populasi |
|
9,82 juta (sensus 2000) |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
| Republik Rakyat Cina |
| Basa |
| Basa Tionghoa |
| Agama |
| Islam [1] |
| Kelompok etnis paling cedhak |
| Dungan, Panthay, Han, kelompok suku Muslim yang lain |
Suku Hui (Hanzi: 回族, hanyu pinyin: hui zu) iku salah siji suku saka limang suku paling gedhe ing Republik Rakyat Cina. Suku iki nduweni agama Islam lan paling gedhe ing Tiongkok. Punjere ana ing Ningxia, Hainan, Gansu, Yunnan lan Qinghai. Ningxia iku panggon kang diotonomi dening suku muslim Hui. Cacahe warga suku Hui kurang luwih 10 yuta.[1]
Wong suku Hui gampang anggone ngenali, wong suku Hui asring nggunakake klambi muslim, sing lanang nggunakake kopyah putih lan jenggoten, sing wedok nggunakake jilbab.[1] Menawa warga Suku Hui kang urip ing kutha-kutha, akeh kang dodolan panganan utawa mbukak restoran.[1] Ana ciri kang khas ing warung utawa restorane wong suku Hui, yaiku ing lawang ngarepe ana tulisan aksara Arab.[1] Saliyane iku uga ana tulisan كوشير ing sisihe ana tulisan aksara Kanji 清真 (Pinyin: qing zhen, baca: jing cen) kang tegese padha, yaiku halal. Ing papan wisata akeh wong suku Hui kang dodolan sate wedhus khas suku Hui kang didol nggunakake sepeda.[1]
Sanajan suku Hui iku akeh sing agamane Islam, nanging wong suku Hui sopan lan santun marang wong kang agamane Kristen.[2] Wong suku Hui ora gelem nganut agama liya, amarga sapa wonge saka suku Hui ngenut agama saliyane Islam bakal disiksa dening kulawargane.[2] Amarga iku wong suku Hui ora isa nampa Injil, sanajan wis luwih saka 30 taun wong suku Hui diujuk-ujuk supaya mlebu Kristen.[2] Nganti saiki kurang luwih ana wong 200 kang agamane Kristen ing Suku Hui.[2]
Cathetan sikil [sunting]
|
|||||