Suku Manchu
| Manchu (Manju, Man) 满族 |
|---|
| Gunggung populasi |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
Menawa ana uga bagean ing Taiwan, Amérika Sarékat, Kanada lan Jepang |
| Basa |
| Manchu • Cina Mandarin |
| Agama |
| Buddha, Shamanisme, Kristen, liya-liyané |
| Kelompok etnis paling cedhak |
| Xibe, suku liyané Tungusic |
Suku Manchu (basa Manchu: Manju; Hanzi: 滿族, hanyu pinyin: manzu) iku salah siji saka limang suku kang gedhe ing Cina utawa Republik Rakyat Cina. Suku iki makmur nalika ngedekake Dinasti Qing kang mrentah wiwit taun 1644 nganti tekan 1911.[1][2] Wong Manchu kurang luwih ana 10 yuta, lan akehe ana ing Cina Lor. Warga suku Manchu paling akeh urip ing Liaoning. Suku Manchu iki sajarahe dawa, kurang luwih wis 2000 taun.[1]
Warga suku Manchu kagolong etnis Tungusic saka Manchuria, saiki ana ing sisih wetan lor Cina. Suku Manchu anggone kuwasa ing Cina kurang luwih wis 300 taun.[2]
Dinasti Ming kang bubar nalika taun 1644 banjur diganti dening Dinasti Qing. Nalika taun 1616, pimpinane suku Manchu, Nurhaci kang mimpin nalika taun 1559 tekan 1626 dadi mungsuhe dinasti Ming, banjur ngedekake Later Jin Dynasty (后金, Hou Jin, diwaca Ho Cin).[2] Nurhaci banjur mbangun kekuwatan kanggo ndadekake siji bangsa Manchu kanggo ngrebut Mukde (saiki dadiShenyang).[1] Taun 1636 anake Nurhaci kang arane Huang Taiji mimpin bangsa Manchu banjur ngajak wong-wong Suku Han kang padha ora seneng karo Dinasti Ming lan wong Mongol ngganti jeneng Hou Jin dadi Dinasti Qing lan jeneng iku dadi jeneng dinasti ing Cina.[1][2]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d (id)baltyra.com; 56 Etnis Suku Manchu
- ^ a b c d (id)web.budaya-tionghoa.net
|
|||||