Suku She
| She, Sa |
|---|
| Gunggung populasi |
|
709,592 (2000) |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
| China: Fujian, Zhejiang, Jiangxi, Guangdong, Anhui |
| Basa |
| Predominantly Hakka. A minuscule minority speak She in Zengcheng, Boluo County, Huidong County and Haifeng County in Guangdong province. |
| Agama |
| Buddhism, Taoism |
| Kelompok etnis paling cedhak |
| Yao, Miao, Hakka |
Suku She iku salah sijine saka 56 suku kang ana ing Republik Rakyat Cina. Kurang luwih ana 709.592 wong Suku She urip ing Zhejiang, Jiangxi lan Guangdong, Fujian. Suku She iku minoritas kang paling gedhe ing propinsi Fujian lan Zhejiang. Suku She urip bareng karo Suku Han. Suku She lan Suku Han ngarani wong rong suku kang urip bareng kanthi ajejuluk Shanha. Shanha iku tegese Shan tegese gunung, lan Ha tegese pelanggan. Dadi Shanha tegese pelanggan saka gunung.[1][2] Suku She akeh kang urip ing papan kang ana bukite, lan ana lembahe. Papan kang dadi panggon uripe suku she iku hawane lembab, lan ora patiya adhem. Wong Suku She akeh sing dadi tani lan padha nandur pari, tela, gandum, kacang, mbako, lan kenthang.[1]
Bahasa Suku She iku mirip karo dialek Hakka, salah siji saka 7 dialek ing Republik Rakyat Cina, saka Suku Miao-Yao saka filum Sino Tibet. Suku She anggone ngomong nggunakake basa nasional Cina. Suku She kang urip ing Guangdong anggone ngomong nganggo basa kang mirip karo dialek Suku Miao. Aksara kang digunakake yaiku aksara Cina.[1]
Cathetan Sikil [sunting]
|
|||||