Suku Miao
| Hmong/Mong | |||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Orang Miao di Republik Rakyat Tiongkok | |||||||||||||||||||||
| Gunggung populasi | |||||||||||||||||||||
|
4 sampai 5 juta |
|||||||||||||||||||||
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan | |||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||
| Basa | |||||||||||||||||||||
| Hmong/Mong | |||||||||||||||||||||
| Agama | |||||||||||||||||||||
| Shamanisme, Buddhisme, Kristen, dsb |
Suku Miao (Hanzi: 苗族; basa Vietnam: Mèo utawa H'Mông; Thai: แม้ว (Maew) atau ม้ง (Mong); Burma: mun lu-myo)) iku salah siji suku kang minoritas gedhé ing Republik Rakyat Cina. Suku Miao iku akèh kasebar ing sisih kidul Guizhou, sisih kulon Guangxi lan Hainan.[1] Suku iki uga kasebar ing propinsi liya minangka wong kang lagi lelana.[1] Ing sajabané Tiongkok, suku iki uga ana kang urip ing Asia Kidul Wetan, kayata Laos lan Vietnam. Saliyané iku uga ana kang urip ing Éropah, Kanada, lan Amerika.[1]
Suku Miao nduwèni basa Miao, nanging basa iki ora nduwèni tulisan dhéwé. Suku iki asliné isih katurunan saka Suku Nanman kang ana ing jaman Dinasti Han. Jeneng Miao iku aran kango suku Hmong ing Republik Rakyat Tiongkok.[2]
Ing CIna, kurang luwih ana 4 yuta wong suku Miao kang urip ing Guizhou, banjur papan iku diarani Propinsi Suku Miao. Ana 97% Suku Miao urping kutha Tai.[1] Etnis Miao cacahe ana patang kelompok, yaiku[1]:
- Ghao Xong (Red Miao) mapan ing sakuloné Hunan.
- Hmu, gha Ne (Ka Nao) (Black Miao) mapan ing kidul wetane Guizhou.
- A-Hmao, (Big Flowery Miao) mapan ing lor kuloné GuiZhou lan ing wetan-loré Yunnan.
- Hmong, (White Miao) Mong, (Green (Blue)) Miao, Small Flowery Miao; mapan ing kidulé Sichuan, ing GuiZhou lan kidulé Yunnan.
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ a b c d e (id)baltyra.com
- ↑ (id)books.google.co.idMitos dan legenda China Oleh ETC Wemer (hal 388)
|
|||||