Suku Tidung
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning KLBot2 (Kontrib • Log) 35 dinten 259 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Populasi total |
|---|
| kurang lebih 235.000(Indonesia), 58.000(Malaysia) |
| Pedunung wigati ing |
| Kabupaten Malinau, Kabupaten Tana Tidung, Kota Tarakan, Kalimantan Timur: 235.000 |
| Basa |
| Agama |
| Suku bangsa cedhak dhéwé |
Suku Tidung minangka suku ingkang tanah asalipun dumunung ing bagéyang lér Kalimantan Timur. Suku punika ugi minangka anak negeri ing Sabah, saéngga minangka suku bangsa ingkang wonten ing Indonesia ugi ing Malaysia (negeri Sabah).[1] Suku Tidung wiwitan gadhah sawijining kerajaan ingkang dipunwastani Kerajaan Tidung.[2] Ananging pungaksanipun punah amargi wontenipun politik adu domba saking Belanda.
Bab lan Paragraf |
Basa Tidung [sunting]
Basa Tidung dialek Tarakan minangka basa Tidung ingkang pertengahan amargi dipunmangertosi déning sedaya warga suku Tidung. Sapérangan tembung basa Tidung taksih kagungan kesamaan kaliyan basa Kalimantan sanésipun. Kemungkinan suku Tidung taksih kerabat kaliyan suku Dayak rumpun Murut (suku-suku Dayak ingkang wonten ing Sabah). Amargi suku Tidung agama Islam lan ngembangaken krajan Islam saengga boten dipunanggep minangka suku Dayak, ananging dpungolongaken suku ingkang berbudaya Melayu (hukum adat Melayu) kadosta suku Banjar, suku Kutai, lan suku Pasir.[3]
Basa Tidung [sunting]
Basa Tidung kalebet ing "Kelompok Basa Tidung" salah satunggal bageyan saking Kelompok Basa Dayak Murut.[4]
Kelompok Basa Tidung :
- Basa Tidung (tid)
- Basa Bulungan (blj)
- Basa Kalabakan (kve)
- Basa Murut Sembakung (sbr)
- Basa Murut Serudung (srk)
Persamaan kosakata basa Tidung kaliyan basa-basa Kalimantan sanésipun, kadosta :
- matonandow wonten ing basa Tidung sama kaliyan matanandau (basa Ngaju) tegesipun matahari.
- bubuan wonten ing basa Tidung sama kaliyan bubuhan (basa Banjar) tegesipun kulawarga, kerabat.
- taka wonten ing basa Tidung sama kaliyan takam (bahasa Maanyan), ta'am (basa Abal), taka (basa Pasir) tegesipun kita.
| Melayu | Tidung |
| Kepala | Utok |
| Rambut | Abuk |
| Telinga | Telingo |
| Hidung | Adung |
| Pipi | Malo |
| Mulut | Kabang |
| Leher | Liog |
| Perut | Tinay |
| Tangan | Tendulu |
| Kaki | Tanog |
| kuku | Sandop |
| Paha | Apa |
| Lutut | Atut |
| Pinggang | Awak |
| Dada | Kubab |
| Bapak | Yama |
| Ibu | Ina |
| Nenek | Yadu |
| Kakek | Yaki |
| Paman | Yujang |
| Tante | Keminan |
| Adik | Yadi |
| Kakak | Yaka |
| Keponakan | Yakon |
| Cucu | Ingkupu |
| Saudara | Pensulod |
| Nenek Moyang | Yadu yaki |
| Ipar | Yangu |
| Menantu | Anak Iwan |
| Mertua | Iwan |
Wilayah penutur Basa Tidung [sunting]
Penutur Basa Tidung umumipun dumunung ing wilayah Kalimantan timur lan sabah malaysia. Saking 13 Kabupaten lan kutha ingkang wonten ing provinsi kalimantan timur punika. Penutur Basa Tidung wonten ugi ing pitung Kabupaten ing kalimantan timur lan tigang kutha ing negeri sabah. Sedasa daerah kasebut inggih punika,Kota Tarakan, Kab. Malinau, Kab. Bulungan, Kab. Nunukan, Kab. Tana Tidung, Kab. Berau, Kab. Kutai Kartanegara, Kota Tawau, Kota Sandakan lan Kota Lahad Datu.[6]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njaba [sunting]
- (ms) Suku Tidung di Tawau, Sabah
- (id) Bahasa Tidung