Suku Dani
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 1033 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Populasi total |
|---|
| 2009: kurang lebih 25.000 Jiwa. |
| Pedunung wigati ing |
Indonesia:
|
| Basa |
| Agama |
|
Mayoritas Kristen Protestan dan Islam Sunni, namun ada sedikit yang beragama Katholik, Animisme, Animatisme, Dinamisme dan Totem |
| Suku bangsa cedhak dhéwé |
|
Suku Damal, Suku Yali, Suku Lani dan Suku Moni. |
Dani inggih punika salah sawiji saking kathahipun suku bangsa ingkang dumunung ing wilayah Pegunungan Tengah, Papua, Indonesia. Lan dumunung ing sedaya Kabupaten Jayawijaya lan sapérangan kabupaten Puncak Jaya.[1]
Bab lan Paragraf |
Selayang Pandang Suku Dani [sunting]
Suku Dani minangka salah satunggaling suku ingkang dumunung ing wilayah Lembah Baliem ingkang misuwur wiwit atusan taun kapengker minangka petani ingkang trampil lan migunakaken piranti utawi perkakas ingkang wiwit dipunpanggihaken dipunmangertosi sampun ngenal teknologi panganggo kapak batu, lading ingkang kadamel saking balung kewan, pring, lan ugi tombak ingkang kadamel migunakaken kayu galian ingkang kondhang kiyat lan abot.[2] Suku Dani taksih kathah ingkang migunakaken “koteka” ingkang kadamel saking kunden/labu kuning lan para wanita migunakaken busana wah asalipun saking rumput/serat lan dumunung ing “honai-honai” (gubuk ingkang atapipun kadamel saking dami lan alang-alang). Upacara-upacara ageng lan keagamaan, perang suku taksih dipunlaksanakaken.[3]
Suku Dani Dipunpanggihaken [sunting]
Suku Dani Papua, Perkampungan ingkang pisanan dipunmangertosi ing Lembah Baliem dipunprakirakaken antawis atuasan taun kepengker. Kathah observasi ing dataran tinggi pedalaman Papua ingkang dipunlaksanakaken. Salah satunggalipun inggih punika ingkang kapisanan Expedisi Lorentz nalika taun 1909-1910 (Netherlands), ananging boten operasi ing Lembah Baliem.[4]
Lajeng panaliti saking Amerika ingkang nama Richard Archold anggota timipun inggih punika tiyang ingkang kapisanan ngawontenaken interaksi kaliyan penduduk asli ingkang dereng nate ngawontenaken komunikasi kaliyan negara sanes. Punika kadadosan ing taun 1935. Lajeng ugi sampun dipunmangertosi bilih penduduk Suku Dani minangka para petani ingkang trmapil migunakaken kapak batu, alat pengikis, pisau ingkang kadamel saking balung kewan, pring utawi tombak kayu lan tongkat galian. Pangaruh Eropa dipunbekta dening para Missionaris ingkang mbangun pusat Missi Protestan ing Hetegima antawis taun 1955. Lajeng sabibaripun Bangsa Belanda madegaken kutha Wamena saengga agama Katholik wiwit nyebar.[4]
Basa Suku Dani [sunting]
Basa Dani kasungsun saking 3 sub kulawarga basa, inggih punika:
- Sub kulawarga Wano ing Bokondini
- Sub keluarga Dani Pusat ingkang kasungsun saking logat Dani Barat lan logat lembah Besar Dugawa.
- Sub kulawarga Nggalik lan ndash
Basa suku Dani kalebeb kulawarga basa Melansia lan basa Papua tengah.[5]
Cathetan Suku [sunting]