Serak Jawa
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 97 dinten 116 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Serak Jawa | |
|---|---|
| Tyto alba alba di British Wildlife Centre, Surrey, Inggris | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Strigiformes |
| kulawarga: | Tytonidae |
| Subkulawarga: | Tytoninae |
| Genus: | Tyto |
| Species: | T. alba |
| Jeneng binomial | |
| Tyto alba (Scopoli, 1769) |
|
| Sinonim | |
|
Strix alba Scopoli, 1769 |
|
Serak Jawa utawa Tyto Alba yaiku manuk sing isih kelebu jinise manuk beluk.[1] Serak Jawa gampang dititeni rupane mbentuk jantung, wernane putih lan pinggire soklat.[1] Matane madhep mangarep.[1] Wulune alus, wernane putih, bagiyan dhuwure abu-abu rada padhang lan ana garis sing rada peteng lan totol-totol nyebar ing awake kabeh.[1] Ana tandha kempling ing suwiwi lan gegere.[1] Bagiyan ngisore wernane putih karo totol-totol ireng utawa oa ana.[1] wulu sikile arang-arang.[1] Ndhase gedhe, keker lan mbunder.[1] Iris mata wernane ireng.[1] Cucuke landhep, madhep ngisor, rada putih.[1] Sikile putih rada kuning nganti soklat.[1] Lanang-Wedok gehdene lan wernane arep padha nanging biasane sing wedok awake luwih gedhen 25%.[1]
Manuk Beluk umume ana ing saben negara ing donya.[1] Ana ing Indonésia dhewe, saliyane Tyto Alba sing asale saka Famili Tytonidae, ana uga genus-genus saka famili Strigiadae, kaya: Otus, Bubo, lan Ninox.[1] Senajan wis akeh sing dingerteni sadurunge, Tyto Alba nembe dideskripsike tahun 1769 dening naturalis saka Italia asmane Giovanni Scopoli. Jeneng spesies alba dipilih amarga wulune putih.[1] jeneng liya saka Tyto alba yaiku: burung hantu muka monyet, burung hantu kerdil, burung hantu emas, burung hantu perak, burung hantu malam, burung hantu tikus, burung hantu pemekik, burung hantu jerami, lan burung hantu cantik.[1]
Bab lan Paragraf |
Morfologi[sunting]
Awak bagiyan ndhuwur wernane abu-abu padang ana garis-garis rada peteng lan totol-totol pucet sing nyebar ing wulu sakawake.[2] Ing suwiwi lan gegere ana totol-totol lusuh.[2] Bagiyan ngisor wernane putih lan ana sing duwe totol-totol ireng (nanging uga ana jinis sing ora duwe totol-totol ireng).[2] Wulu ing sikil ngisor biasane tipis.[2] Bentuk raine kaya jantung werna putih lan pinggire rada soklat.[2] Iris mata wernane ireng.[2] Werna sikil putih arep nguning nganti soklat.[2]
Gedhene Awak[sunting]
Gedhene awak manuk sig lanang lan wedok arep padha, nanging biasane sing wedok awake luwih gedhe sitik.[2]
Ukurane manuk wedok
Dhawane awak: 34-40 cm[2]
Rentang suwiwi: ± 110 cm[2]
Bobot awak: ± 570 gr[2]
Ukuran manuk lanan
Dhawane awak: 32 – 38 cm[2]
Rentang suwiwi: ± 107 cm[2]
Bobot awak: ± 470 gr[2]
Fisiologi[sunting]
Kemampuan terbang[sunting]
Rikala nggolek mangsa, Tyto Alba nduwe strategi sing beda karo jinis-jinis manuk predator liyane.[3] Manuk-manuk predator liya, biasane ngandelake mabure sing cepet lan nggawe kaget mangsane.[2] Rikala nggolek mangsa Tyto Alba ngandelake cara mabur sing tanpa swara lan ngrungokake swara mangasane.[2] Swara amerga obahe suwiwi, dilirihake karo lapisan kaya beludru ing wulu-wulu suwiwine.[2] Saliyane kuwi, pinggir suwiwine Tyto Alba ana jumbai-jumbai alus sing bisa nglirihake swara suwiwi.[2] Cara mabur sing tanpa swara iki nyebabake mangsa ora bisa krungu obahe Tyto Alba.[1]
Indera penglihatan[sunting]
Mata Tyto Alba peka sanget saengga bisa ndelok senajan ana ing petengan.[3] Kanggo ngerteni panggonan mangsane, mata lan pangrungon Tyto Alba kerja bareng-bareng.[3] Mata Tyto Alba panggonane ajeg ing panggonane, madhep mengarep lan ngewenehi pandelengan sing sipate binokuler lan stereoskopik.[3] Panggonan mata sing ajeg duweni kakurangan, utamane kanggo ndeteksi sekitare.[3] Kanggo nanggulangi kaya ngene, Tyto Alba duwe gulu sing fleksibel saengga ndase bisa muter 270 derajat.[3] Mata Tyto Alba bisa adaptasi sing apik kanggo ndelok senajan panggonane ora padang.[3] Iki bisa dititeni saka ukurane pupil mata sing gedhe lan retina sing kasusun saka sel-sel sensitif sing ngewenehi efek pandelengan monokromatik.[3] Mata Tyto Alba duwe lapisan membran panutup sing bisa dibuka lan ditutup.[2] Obahe buka lan nutup membran kuwi fungsine kanggo ngresiki mata saka bleduk lan reget sing neplek ing mata.[1]
Indera pendengaran[sunting]
Tyto Alba duwe susunan panggonan kuping sing beda karo liyane, amerga ora simetris utawa dhuwur lan sudute ora padha.[4] Bolongan-bolongan kuping kasebut dislubungi karo lapisan fleksibel sing kasusun saka wulu-wulu cendhak kaya wulu sing nutupi raine.[4] Lapisan kasebut fungsie mawa keping pemantul utawa reflektor swara.[4] Sing kaya ngono kuwi nggawe Tyto Alba nduwe pangrungon sing peka lan sifate ngarah (direksional) marang sumber swara, saenga Tyto Alba bisa ngerti panggonan mangsane senajan kahanane peteng ndedet.[4]
Cara Mangan[sunting]
Tyto Alba duwe kebiasaan mangan sing beda, gumantung saka gedhene mangsa sing kecekel, Tyto Alba bisa nguntal mangsane wutuh utawa dicacah dadi luwih cilik sadurungen diuntal.[4] Daging lan bagiyan sing empuk saka awake bakal dicerna, wulu lan balung ora dicerna banjur dimuntahake meneh arupa pellet.[4]
Reproduksi[sunting]
Ana panaliten sing nyatakake Tyto Alba duwe sipat Poligami.[5] Manuk lanang siji bisa duwe pasangan luwih saka siji, sing jarak susohe kurang saka 100 meter.[5] Pas wayah kawin, manuk lanang mabur ngiteri wit cedak susoh, karo ngentokake swara kaya koaran.[5] Akeh-akehe Tyto Alba nggawe susoh ing wit nganti dhuwure 20 meter.[5] Dheweke uga bisa nyusoh ing wangunan tuwa, guwa, lan ceruk sumur.[5] Burung Hantu bisa manak saben tahun, gumantung saka cukup orane sumber pangan.[5] Yen kahanan lingkungane ndukung, sapasang Tyto Alba bisa manak ping loro setahun.[5] Ana ing dhaerah temperata lan sub Artik, mangsa kawin lan manak Tyto Alba kedadeyan rikala musim semi.[5] Populasi tikus sing dhuwur bisa ndadekake Tyto Alba ngrembaka saya akeh.[5] Ana ing samangsa kawin manuk wedok Tyto Alba bisa ngendhog 3-6 malah ana sing nganti 12 ing rentang rong dina.[5] Werna ndhoge putih lan wujude bunder lonjong.[5] Dhawane 38-46 mm lan ambane 30-35mm.[5] Ndhog age-age dikremi sawise diselehke suwene 30-34 dina.[5] Anakan sing awake luwih gedhe biasane luwih akeh entuk pakan saka mbokne.[5] Merga kuwi, arang banget ditemokake kabeh anakan netes ing sasusoh barengan bisa urip, kejaba sumber pakan ing sekitar kono akeh.[5] Umume, anakan sing paling cilik utawa sing netes paling keri bakal mati dipateni anakan sing luwih tuwa.[5]
Habitat lan Pasebarane[sunting]
Habitat[sunting]
Serak Jawa utawa Tyto Alba umume ana ing dhaerah wit-witan, nganti panggonan sing dhuwure 1.600 m dpl.[6] Ing pinran alas, perkebunan, pekarangan nganti taman-taman kutha gedhe.[6] Kerep menclok endep ing wit-witan utawa perdu, karo ngentokake swara saut-sautan karo pasangane.[6] Pisan-pisan mudhun nyamber mangsane.[2] Kerep uga nggolek mangsa bareng karo anak-anake. Aktif rikala bengi, nanging kala-kala aktif rikala sore lan pajar.[6] Awan-awan Tyto Alba biasane mung meneng ing bolongan-bolongan wot, guwa, sumur, wangunan-wangunan tuwa.[2]
Ana jinise Tyto Alba khusus, sing bisa manggoni panggonan gaweyan manungsa sing kaya bolongan wit.[6] Susoh gagak lan manuk predator liya sing ditinggal uga bisa dadi pilihan.[6] Sela-selane watu uga dienggoni.[6]
Distribusi populasi[sunting]
Tyto alba kuwi jinise manuk sing sumebar nganti sadonya (kosmopolitan).[6] Populasi manuk iki bisa ditemoni ing saben benua kejaba Antartika, kelebu kabeh wilayah Australia lan Tasmania.[6] Tyto Alba uga bisa ditemoni ing wilayah Inggris lan Eropa, lan bisa uga ing Asia Selatan, tenggara lan barat, Afrika lan Wilayah Amerika Utara.[6] Ing Amerika Selatan, Tyto Alba bisa ditemokake ing dhaerah savana lan kepulonan Oceania kaya kepulonan Galapagos.[6]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r (id)Spesies Serak Jawa (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (id)ejournal Undip (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
- ^ a b c d e f g h (id)KOnservasi Serak Jawa (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
- ^ a b c d e f (id)Tyto alba javanica (Barn Owl) Discussion (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)Serak Jawa (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
- ^ a b c d e f g h i j k (id)Bersahabat Predator Demi Medali Emas (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)