Guwa
Guwa yaiku sawijining bolongan alami ing lemah kang lumayan gedhe lan jero. Saperangan ilmuwan njlentrehake menawa guwa kuwi kudu lumayan gedhe saengga saperangan bageyan ing jerone ora nampa cahya srengenge; nanging ing kagunan umume pangertene lumayan gedhe, kalebu parlindungan watu, guwa laut.
Tembung "guwa" asale saka basa Sanskerta guha[1].
Bab lan Paragraf |
Rekor[sunting]
Amarga guwa anyar terus dijelajahi, mula rekor ukuran guwa terus diperbaharui.
Sistem guwa paling gedhe (ing jarak) yaiku Guwa Mammoth (Kentucky, Amerika Serikat) kanthi panjang 579 km. Rekor iki kaya-kaya ora bakal diliwati kanthi wektu cedhak amarga guwa paling dawa kaping lorone kang dingerteni ana ing Pechera Optymistychna Ukraina kang dawane 214 km.
Taun 2005, guwa paling jero kang wis dingerteni (diukur saka panggonan mlebu nganti titik paling cethèke) yaiku Guwa Voronya (Abkhazia, Georgia, kanthi kajeronan 2.080 m. Iki minangka guwa pisanan kang tau dijlajahi nganti kajeronan luwih saka 2 km. Guwa pisanan kanthi kajeronan luwih saka 1 km kang tau dijlajahi yaiku Gouffre Berger kang misuwur ing Perancis. Gouffre Mirolda - Lucien Bouclier guwa ing Perancis lan Lamprechtsofen Vogelschacht ing Austria minangka guwa kaping loro lan kaping telu paling jero kanthi kajeronan 1733 m lan 1632 m, runtut. Rekor iki wis ganti nganti kaping pirang-pirang ing taun-taun pungkasan.
Rekor kajeronan guwa njorok mangisor kacekel dening guwa Vrtoglavica ing Slovenia kanthi 603m, diéloni dening guwa Velebit ing gunung Velebit ing Kroasia kanthi kajeronan 553m.
Guwa paling gedhe kang wis ditemokake yaiku Sarawak Chamber, ing Taman Nasional Gunung Mulu (Sarawak, Borneo, Malaysia), kang ambane 600 m x 400 m lan dhuwure 80 m.
Cathetan sikil[sunting]
- ^ Daigorō Chihara, Hindu-Buddhist architecture in Southeast Asia, 1996
Delengen uga[sunting]
- Dhaptar guwa
- Dhaptar guwa paling jero ing donya
- Guwa Maria
- Fakta geografi dunia
- Caving. olah raga panjelajahan guwa
- pertunjukan guwa, guwa kang wis didekorasi supaya narik wisatawan
- Perumpamaan gua Plato
- Spéléologi. Ilmu kang nyinaoni lingkungan guwa
- Teori klasik perkembangan paguwanan
- Teori terbaru perkembangan paguwanan
Pranala jaba[sunting]
- Komunitas Karst, Speleologi dan Caving Indonesia (INA): http://www.subterra.web.id
- Indonesian Caver Society (INA): http://www.indocaver.org
- Kelompok Penelusur Gua Yogyakarta (INA): http://www.asc.or.id
- About Gua Niah
- British Caving Association (BCA), UK
- Classification of Caves Very detailed list of cave types with links to further information
- National Speleological Society (NSS), US
- NSS Geo2 Committee on Long and Deep Caves A website with numerous pages on cave world records, e.g., the longest and deepest caves; compiled by Bob Gulden
- Ogof Ffynnon Ddu A virtual tour of Ogof Ffynnon Ddu, the deepest cave in the UK
- The Virtual Cave A site with exceptional photography by Dave Bunnell, the editor of the NSS News. Make a virtual caving trip!
- Kapsia Cave - Exploration of a Sinkhole in Arkadia (Southern Greece)