Piagam PBB
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Cithakan:Treatybox Piagam PBB yakuwi konstitusi PBB kang ditapak asmani ing San Francisco tanggal 26 Juni 1945 déning sèket anggota asli PBB. Piagam iki wiwit dadi paugeran sacara remi tanggal 24 Oktober 1945 sawisé diratifikasi déning lima anggota pendiriné; Republik China, Perancis, Uni Soviet, Britania Raya, Amérika Sarékat —lan mayoritas penanda tangan liyané.
Minangka sawijining Piagam, Piagam PBB iki dadi perjanjèn konstituen, lan kabèh penanda tangan kaiket déning surasané. Saliyané kuwi, Piagam kuwi uga sacara eksplisit mratélaaké yèn Piagam PBB nduwé kuasa ngluwihi kabèh perjanjèn liyané. Piagam iki diratifikasi déning Amérika Sarékat tanggal 8 Agustus 1945, kang ndadèkaké AS minangka negara pisanan kang gabung jroning PBB.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pangaturan Piagam
Piagam PBB dumadi saka bab pambuka (preamble), kang sacara garis besar disusun mèmper preamble Konstitusi AS, lan kumpulan pasal kang dipérang dadi sangalas bab.
[sunting] Isi Piagam
- Pambuka.[1]
- Bab I ngamot tujuan Perserikatan Bangsa-Bangsa ( PBB ), klebu perluné njaga perdamaian lan keamanan internasional.
- Bab II ngamot kritéria kaanggotaan.
- Bab III-XV, ngamot organisasi institusi lan badan sarta kakuwasané.
- Bab XVI lan Bab XVII, ngamot aturan hubungan PBB karo hukum internasional.
- Bab XVIII lan Bab XIX, ngamot pangowahan lan ratifikasi Piagam PBB.
Bab-bab ing ngisor iki magepokan karo kakuwasan Badan-badan Perserikatan Bangsa-Bangsa:
- Bab VI, mratélakaké kakuwasan Dewan Keamanan PBB kanggo investigasi lan mediasi persengkétaan;
- Bab VII , mratélakaké kakuwasan Dewan Keamanan PBB kanggo ngenakaké sanksi ekonomi, diplomatik, lan militèr, uga panggunaan kakuatan militèr, kanggo ngrampungi persengkétaan;
- Bab VIII, pangaturan regional kanggo njaga perdamaian lan keamanan jroning tlatahé dhéwé;
- Bab IX lan Bab X, kakuwasan PBB kanggo kerjasama ekonomi lan sosial, lan anané Dewan Ekonomi lan Sosial PBB kang nggunakaké kakuwasan kuwi;
- Bab XII lan Bab XIII, ngamot Déwan Perwalian PBB, kang ngawasi dekolonisasi;
- Bab XIV lan Bab XV ngamot kakuwasan Mahkamah Internasional lan Sekretariat PBB.
[sunting] Referensi
[sunting] Delengen uga
- en:Dumbarton Oaks - pangonan nyusun konsèp Piagam
- en:Civic Center, San Francisco, California - panggonan penandhatanganan Piagam.
- en:Command Responsibilities
- en:Nuremberg Principles
- Implications of the Charter for the Bush Doctrine
[sunting] Pranala jaba
- Full text of the charter
- Searchable/cross-referenced/Trackback-enabled text of the charter
- Charter of the United Nations at Law-Ref.org - fully indexed and crosslinked with other documents
- Full text of the charter in PDF Format at filepedia.org
- Alger Hiss recounts transporting the UN Charter after its signing.
- LIFE Magazine Articles
Cithakan:UN Charter Cithakan:International Criminal Law
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.