Sidang Umum PBB
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Presidhen Spanyol ing Sidang Umum PBB ing New York |
|||||
| Tipe Organisasi | Organ utama | ||||
| Akronim | GA, UNGA | ||||
| Pamimpin | Presidhèn Sidang Umum PBB |
||||
| Status | Aktif | ||||
| Madeg | 1945 | ||||
| Website | www.un.org/ga | ||||
| Wikimedia Commons |
|||||
| Portal | |||||
|---|---|---|---|---|---|
Sidang Umum PBB utawa Majelis Umum PBB kuwi salah siji saka enem badan utama PBB. Majelis iki anggotané negara-negara anggota PBB lan ketemu saben taun dipimin déning Presidhèn Majelis Umum PBB kang dipilih saka wakil-wakil. Pertemuan pisanan dianakaké ing tanggal 10 Januari 1946 ing Hall Tengah Westminster ing kutha London lan dirawuhi déning utusan saka 51 negara.
Pertemuan iki biasané dimulai dina Selasa katelu wulan September lan rampung ing pertengahan Desember. Pertemuan khusus bisa dianakaké yèn dijaluk déning Dewan Keamanan, utawa déning mayoritas anggota PBB. Pertemuan khusus dianakaké pada Oktober 1995 kanggo mèngeti dina kalairan 50 taun PBB.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tugas lan kakuasan Majelis Umum
Tugas lan kekuasan majelis umum bisa dipérang dadi 8 golongan, yaiku bab :
- Pelaksaan perdamaian lan keamanan internasional ;
- Kerja sama ing lapangan perekonomian lan masyarakat internasional ;
- Sistem perwakilan internasional ;
- Keterangan-keterangan bab daerah-daerah kang durung nduwé pamaréntah dhéwé ;
- Urusan kauangan ;
- Panerapan kaanggotaan lan penerimaan anggota ;
- Perubahan piagam ;
- Hubungan karo alat-alat perlengkapan liyané;
[sunting] Badan-badan
Jroning ngayahi tugasé Majelis Umum mbentuk werna-werna badan, kayata; komite (cacahé 30, sing utama 6), komisi (pitu); badan (board) (cacahé enem), déwan lan panèl (lima), kelompok kerja lll. Badan-badan mau ing antarané[1] :
[sunting] Kommite
[sunting] Komité Utama
Cacahé ana enem, biasané diwènèhi nomer, 1-6:
- Perlucutan sanjata lan keamanan International (DISEC)
- Ekonomi lan Finansial (ECOFIN)
- Sosial, Kamanungsan lan Budhaya (SOCHUM)
- Politik Spesial lan Dekolonisasi (SPECPOL)
- Administratif lan Budget
- Hukum
[sunting] Komité Liyané
Ora nganggo nomer. Kang paling wigati[2], antara liya :
- Komité Kredential.
- Komité Umum. [3]
[sunting] Komisi
Ana pitung Komisi, yakuwi:
- Komisi Perlucutan Sanjata, didegaké kanthi Resolusi Sidang Umum 502 (VI) lan S-10/2
- Komisi Layanan Sipil International, didegaké kanthi Resolusi Sidang Umum 3357 (XXIX)
- Komisi Hukum International, didegaké kanthi Resolusi Sidang Umum 174 (II)
- Komisi Hukum Dhagang International (UNCITRAL), didegaké kanthi Resolusi Sidang Umum 2205 (XXI)
- Komisi Konsiliasi Palestina, didegaké kanthi Resolusi Sidang Umum 94 (III)
- Komisi Perdamaian, didegaké kanthi Resolusi Sidang Umum 60/180 lan Resolusi Déwan Keamanan PBB 1645(2005) lan 1646(2005)]
[sunting] Badan (Board)
Ana enem badan. [4]
[sunting] Déwan lan Panel
Cacahé ana papat Déwan lan siji Panèl [5] Kang paling wigati lan paling anyar yakuwi Déwan Hak Azasi Manungsa.
[sunting] Kelompok Kerja lan liya-liyané
Ana sawetara Badan Majelis Umum PBB liyané sing arupa Kelompok Kerja utawa Badan liyané. [6]
[sunting] Kaanggotaan
Anggota Majelis Umum PBB dumadi saka negara-negara anggota lan negara pengamat PBB:
[sunting] Delengen uga
[sunting] Referensi
[sunting] Pranala jaba
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|

