Dewan Ekonomi lan Sosial PBB
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
The room of the United Nations Economic and Social Council. UN headquarters, New York |
|||||
| Tipe Organisasi | Primary Organ | ||||
| Akronim | ECOSOC | ||||
| Pamimpin | President of ECOSOC (one year term) |
||||
| Status | Active | ||||
| Madeg | 1945 | ||||
| Website | www.un.org/docs/ecosoc | ||||
| Wikimedia Commons |
|||||
| Portal | |||||
|---|---|---|---|---|---|
Dewan Ekonomi lan Sosial (ECOSOC) Perserikatan Bangsa-Bangsa tugasé mbantu Sidang Umum PBB jroning upaya ningkataké kerjasama lan pembangunan ékonomi lan sosial international. ECOSOC nduwèni 54 anggota, kabèh pinilih déning Sidang Umum PBB kanggo mangsa jabatan telung taun. Presidhèn ECOSOC dipilih kanggo mangsa setahun lan dipilih saka wakil negara-negara cilik lan madya. ECOSOC nganakaké patemon setaun pisan ing sasi Juli sajroning patang minggu. Wiwit taun 1998, ECOSOC nganakaké patemon liya saben April karo Mentri-mentri Kauangan kang mimpin komite kunci saka Bank Donya lan International Monetary Fund (IMF). Pisah saka badan kusus kang dikoordinir, fungsi ECOSOC klebu bab ngumpulaké informasi, mènèhi pamrayoga marang negara anggota, lan nggawé rekomendhasi. Saliyané kuwi, ECOSOC uga wigati tumrap nyelarasaké kawicaksanan lan koordinasi fungsi-fungsi kang tumpang tindhih ing badan-badan ngisoran PBB lan ing peran iki ECOSOC aktif banget.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Presidhèn ECOSOC
Presidhèn ECOSOC yakuwi Dalius Čekuolis, saka Lithuania. Presidhèn ECOSOC dipilih kanggo mangsa setahun lan dipilih saka wakil negara-negara cilik lan madya.
[sunting] Reformasi
Owah-owahan Piagam PBB ingkang ngowahi Bab X Piagam PBB, anggota ECOSOC ditambah, wiwitané 18 dadi 27 anggota ing taun 1965, lan dadi 54 anggota ing taun 1971.
Jroning sajarah, ECOSOC utamané minangka wahana dhiskusi kanggo bab ekonomi lan sosial. ECOSOC mung duwé kakuwasan sithik kanggo nglaksanakké sawijining langkah tindhakan lan sawetara negara anggota ngrasa yèn pigunané mung marginal utawa sethithik banget. Senajan mengkono, wiwit taun 1992, Amérika Sarékat lan negara-negara liyané miwiti upaya supaya ECOSOC luwih relevan kanthi nguwataké kawicaksané ngenani tanggung jawab bab ekonomi, sosial lan bidhang kang magepokan, utamané jroning nerusaké sasaran-sasaran pembangunan.
Reformasi mau ndadèkaké ECOSOC pembina (oversight) lan badan panata kawicaksanan kanggo aktifitas pembangunan operasional PBB lan badan eksekutif (cilik) kanggo Program Pembangunan PBB UNDP, UNFPA, lan UNICEF kang mènèhi agènsi-agènsi mau paugeran operasi lan ningkataké manajemen. Reformasi mau uga mènèhi kakuwatan marang ECOSOC supaya agènsi-agènsi PBB nganakaké koordinasi jroning ngayahi tugasé bab sing dadi kawigatèn umum, kayadéné pananggulangan narkotika, hak azasi manungsa, pangentasan kemelaratan, lan pencegahan HIV/AIDS.
Siji kasil positif saka reformasi yakuwi carané sistem pembangunan PBB wiwit merèspon sacara luwih padhu (coherent) lan efisièn marang krisis kamanungsan ing saindhenging donya. Reformasi kang diprakarsai déning Sekretaris Jenderal PBB Annan wis kasil mènèhi owah-owahan kang wigati tumrap terus nguwataké koordinasi ing antara agènsi-agènsi kang ngayahi tugas kamanungsan.
Salah sijiné conto yakuwi kaputusan ECOSOC ing taun 1994 kang mènèhi kakuwasan kanggo nggawé sawijining program PBB gabungan lan disponsori bareng-bareng kanggo nanggulangi HIV/AIDS. Program iki (UNAIDS) nggabungaké sumber daya lan ahli kang magepokan karo HIV/AIDS saka WHO, UNICEF, UNDP, UNFPA, UNESCO, lan Bank Donya jroning program global kang nyawiji, ngilangaké duplikasi lan ningkataké kaprigelan negara-negara anggota kanggo ngatasi wabah AIDS. Program iki diwiwiti ing sasi Januari 1966.
[sunting] Komisi komisi fungsional
- Komisi PBB kanggo pembasngunan sosial [2]
- Komisi PBB kanggo hak azasi manungsa (UNCHR) [3]: Dibubaraké taun 2006, diganti Dewan PBB kanggo hak azasi manungsa (UNHRC), organ ngisoran saka Sidang Umum PBB.
- Komisi Narkotika [4]
- Komisi pencegahan kriminal lan keadilan [5]
- Komisi ngèlmu lan tèknologi kanggo pembangunan (CSTD) [6]
- Komisi Pembangunan berkelanjutan (CSD) [7]
- Komisi PBB bab status wanita (UN CSW) [8]
- Komisi PBB bab populasi lan pembangunan [9]
- Komisi Statistik PBB [10]
- Forum PBB bab alas [11]
[sunting] Komisi Regional
- ECOSOC Eropah (ECE)
- ECOSOC Afrika (ECA)
- ECOSOC Amérika Latin lan Karibia (ECLAC)
- ECOSOC Asia Pasifik (ESCAP)
- ECOSOC Asia Kulon (ESCWA)
[sunting] Agènsi Kusus
The Specialized Agencies are autonomous organizations working with the United Nations and each other, inter alia through the coordinating machinery of the Economic and Social Council.
- ILO
- FAO
- UNESCO
- WHO
- Grup Bank Donya
- IMF
- ICAO
- IMO
- ITU
- UPU
- WMO
- WIPO
- IFAD
- UNICEF
- UNIDO
- UNDP
- IRO (mandheg ing taun 1952)
- INCB
[sunting] Referensi
[sunting] Delengen uga
- Sistem PBB
- Sidang Umum PBB
- Dewan Keamanan PBB
- Dewan Perwalian PBB
- Sekretariat PBB
- Mahkamah Internasional
- Konsensus Kopenhagen
[sunting] Pranala jaba
- United Nations Economic and Social Council
- United Nations Economic and Social Development page
- United Nations Department of Economic and Social Affairs
- Congo - Conference of UN NGO's
- Global Policy Forum - Social and Economic Policy at the UN
- United Nations - Official site
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|

