Dewan Perwalian PBB

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Déwan Perwalian PBB kuwi sawijining sistem perwalian internasional sing wis diadegaké déning anggota PBB kanggo ngatur pamaréntahan dhaérah-dhaéerah sing didèlèh ing sangisoré pangawasan PBB ngliwati pasetujon-pasetujon perwalian individual. (dhaérah-dhaérah sing mangkono banjur diarani “dhaérah-dhaérah perwalian”).

Bab lan Paragraf

[sunting] Ancas

  1. miara perdamaian lan kaamanan internasional
  2. ngusahakaké kamajuan pedunung dhaérah perwalian supaya bisa gawé pamaréntahan dhéwé utawa kamardikan
  3. mènèhi surungan supaya ngakoni lan ngurmati hak-hak manungsa saka rakyat-rakyat ing donya
  4. mesthèkaké perlakuan sing padha ing dhaérah perwalian djroning bab sosial, ekonomi, lan komersial kanggo kabèh anggota PBB lan kabangsan-kabangsané, sarta perlakuan sing padha kanggo kabangsan kabèh anggota jroning ngatur kaadilan ing dhaérah-dhaérah sing di jupuk saka negara-negara mungsuh akibat perang donya kaloro lan liya-liyané sing sacara sukarela didèlè ing sangisoré sistem perwalian. Ora ana siji waé negara sing dadi anggota PBB bisa diatur pamaréntahané ing sangisoré sistem perwalian.

[sunting] Tugas lan hak Déwan Perwalian

Déwan Perwalian duwé tugas kanggo nglakokaké kewajiban Majelis Umum ing bab-bab sing magepokan karo dhaérah-dhaérah perwalian, kajaba dhaérah-dhaérah strategis sing diurus déning Dewan Keamanan. Adhedhasar panyerahan kuwasa iku Déwan Perwalian diwènèhi hak kanggo :

  1. Nimbang laporan-laporan sing dikirim déning negara-negara panguwasa
  2. Nampa layang-layang panyuwunan banjur nyelidhiki sacara bebarengan karo negara-negara panguwasa
  3. Ngayahi kunjungan kala-kala menyang dhaérah perwalian sing disetujoni déning Negara panguwasa
  4. Nglakokaké pegawéyan-pegawéyan kanthi syarat-syarat pasetujon perwalian

[sunting] Kaanggotaan

Déwan Perwalian dumadi saka 3 golongan anggota ,yaiku :

  1. Anggota-anggota sing nguasani dhaérah perwalian
  2. Anggota-anggota tetep dewan keamanan sing ora nguasani dhaérah perwakilan (Rusia lan Tiongkok)
  3. Sawetara anggota sing dipilih kanggo 3 taun déning majelis umum saéngga anggota-anggota sing nyekel perwalian padha gunggungè karo anggota-anggota sing ora nyekel perwalian

[sunting] Pranala njaba


Perserikatan Bangsa-Bangsa Gendéra PBB

Sistem PBB
Sidang Umum | Dewan Keamanan | Dewan Ekonomi dan Sosial
Dewan Perwalian | Sekretariat | Mahkamah Internasional

Resolusi PBB
Resolusi Sidang Umum | Resolusi Dewan Keamanan

Program lan Agensi
FAO · ICAO · ILO · IPCC · ITU · UNCTAD · UNDCP · UNDP · UNEP · UNESCO · UNFIP · UNFPA · UNHCR · UNHRC · UN-HABITAT · UNICEF · UNRWA · UPU · WFP · WHO · WMO

Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Dewan_Perwalian_PBB"