ITU
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
International Telecommunication Union (ITU; jroning basa Prancis: Union internationale des télécommunications, jroning basa Spanyol: Unión Internacional de Telecomunicaciones) kuwi sawijining organisasi internasional sing diadegaké kanggo mbakokaké lan nata regulasi radio internasional lan telekomunikasi. ITU diadegaké minangka International Telegraph Union ing Paris tanggal 17 Mei 1865. Tujuan utamané nyakup standarisasi, alokasi spektrum radio, lan ngorganisasèkaké perjanjèn rangkaian interkonèksi antara negara-negara kang béda-béda kanggo mujudaké panggilan telepon internasional. Fungsiné tumrap telekomunikasi amèh padha karo fungsi UPU tumrapé layanan pos. ITU minangka salah siji agensi khusus PBB, sing nduwèni markas ing Jenewa, Swiss, ing sisihé gedhung utama kampus PBB. ITU dumadi saka telung biro:
[sunting] Kapemimpinan
ITU diketuani déning sekretaris jenderal, sing dipilih saben 4 tahun déning anggota nasional jroning konferensi pleno.
Ing konferensi pleno kaping-17 ing Antalya, Turki, anggota ITU milih Dr Hamadoun I. Toure saka Mali minangka sekretaris jenderal.
[sunting] Delengen uga
- Tanda panggil
- Awalan ITU
[sunting] Pranala jaba
| Artikel perkawis organisasi punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|