UNDP
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
United Nations Development Programme (UNDP) utawa Badan Program Pembangunan PBB (Basa Arab: برنامج الامم المتحده الانماءي , Basa Prancis: Programme des Nations Unies pour le développement, Basa Spanyol: Programa de desarrollo de Naciones Unidas ) kuwi organisasi multilateral kang paling gedhé mènèhi bantuan teknis lan pembangunan ing donya.
Nduwèni kantor pusat ing New York City la uga minangka organisasi paling gedhé jroning Perserikatan Bangsa-Bangsa. Organisasi iki dibiayai déning donor. Donor-donor iki biasané mbiyantu nyediaké ahli lan penaséhat, pelatihan, lan perlengkapan pembangunan kanggo negara berkembang, kanthi nambah bantuan kanggo negara berkembang
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
UNDP didegaké ing taun 1965 minangka penggabungan rong organisasi sadurungé (Program Bantuan Teknis PBB lan Program Dana Khusus PBB). Organisasi iki disawang minangka organisasi kang nglakokaké tugas pokok PBB saliyané mujudaké perdamaian lan kaamanan donya.
[sunting] Kauangan
Total dana Operasional PBB nganti taun 2004 yakuwi watara $ 4 milliar (setara Rp. 36.900.000.000.000 'Telung puluh enem triliun sangang atus milyar rupiah', yakuwi yèn 1$ = Rp. 9.225)
[sunting] Donor (Bantuan)
Negara donor paling gedhé yakuwi Amérika Sarékat, nyumbang $ 243 yuta, nuli Britania Raya, kang nyumbang $ 233 yuta menyang UNDP. Jepang, Walanda, Norwegia lan Swedia nyumbang luwih saka $ 100 yuta. Sauntara, Uni Eropah nyumbang luwih saka $921 yuta ($ 226 yuta asal saka Komisi Eropah lan sisané asal saka negara-negara anggota Uni Eropah.
[sunting] Informasi Umum
[sunting] Kaanggotaan
UNDP nduwé anggota luwih kurang 166 negara ing donya, nyambut gawé bebarengan karo bantuan pamaréntah lan LSM lokal.
[sunting] Fungsi
Fungsi umum UNDP, antara liya:
- Mujudaké demokrasi jroning sawijining negara
- Penanggulangan kamiskinan
- Mbantu negara kanggo bangkit saka keterpurukan
- Perluasan Energi lan Kaseimbangan Lingkungan
- Penanggulangan HIV/AIDS
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
- (en) Situs Resmi UNDP
- (id) Situs Resmi UNDP Bahasa Indonesia
- Global Embassy
- Official UNDP web site
- U.S. Committee for the UNDP web site
- UNDP for Beginners: a short, comprehensive introduction to the UNDP; an updated, second edition from June 2006 is now available online
- Official UNDG web site
- Declaration on Social Progress and Development
- Palgrave Macmillan, official publisher of the Human Development Report 2006
- Interactive maps
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|

