Mahkamah Internasional
|
|||||
Peace Palace, kalungguhan ICJ. |
|||||
| Tipe Organisasi | Organ utama | ||||
| Akronim | ICJ, CIJ | ||||
| Pamimpin | Presidhèn ICJDame Rosalyn Higgins DBE |
||||
| Status | Aktif | ||||
| Madeg | 1945 | ||||
| Website | www.icj-cij.org | ||||
| Wikimedia Commons |
|||||
| Portal | |||||
|---|---|---|---|---|---|
Mahkamah internasional kuwi badan yudisial ing Perserikatan Bangsa Bangsa (PBB), dunungé ing kutha Den Haag, Walanda. Mahkamah iki minangka badan kehakiman sing paling utama jroning organisasi PBB . Dewan keamanan bisa nyerahaké sawijining sengkéta hukum marang mahkamah.
Sumber-Sumber Hukum[sunting]
Sumber-sumber hukum sig dipigunakaké naika nggawé kaputusan yakuwi :
a. konvensi-konvensi internasional kanggo netepaké perkara-perkara sing diakoni déning negara-negara sing lagi sulaya
b. kabiasaan internasional minangka bukti praktèk umum sing ditampa minangka hukum
c. azas-azas umum sing diakoni déning negara-negara sing nduwèni peradaban
d. kaputusan-kaputusan kehakiman lan pendhidhikan saka publisis-publisis sing paling mumpuni saka werna-werna negara, minangka cara tambahan kanggo nentokaké peraturan-peraturan hukum
Mahkamah bisa nggawé kaputusan “ex aequo et bono” (tegesé : miturut apa sing dianggep adil) yèn pihak-pihak sing magepokan nyetujoni.
Kaanggotaan[sunting]
Mahkamah dumadi saka limalas hakim, sing dikenal minangka ”anggota” mahkamah. Para hakim mau dipilih déning majelis umum lan dewan keamanan sing nganakaké pemungutan swara sacara kapisah. Hakim-hakim dipilih adhedhasar kacakapané, dudu miturut dhasar kabangsan ananging diusahakaké supaya bisa njamin yèn sistem-sisitem hukum sing paling wigati ing donya diwakili déning mahkamah. Ora ana loro hakim sing dadi warga negara saka negara sing padha. Hakim-hakim mengku jabatan jroning wektu sangang taun lan bisa dipilih manèh. Para hakim mau ora kena nglungguhi jabatan liya samangsa mengku jabatan minangka hakim ing mahkamah iki.
Pranala njaba[sunting]
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|