Bab VI Piagam PBB
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan of the United Nations#Chapter VI - Pacific Settlement of Disputes Charter of the United Nations#Chapter VI - Pacific Settlement of Disputes |
Bab VI Piagam PBB (en:Chapter VI of the United Nations Charter), kuwi ngenani panyelesaian sengkéta sacara damai. Bab iki nuntut supaya negara-negara kang nduwé sengkéta kang bisa dadi perang golèk dalan damai dhisik liwat negosiasi, pitakonan/panyelidhikan utawa enquiry, mediasi, konsiliasi, arbitrasi, panyelesaian hukum, pitulungan utawa pangaturan liwat agènsi regional, utawa cara damai liya sing dipilih dhéwé." Yèn cara-cara resolusi alternatif sengkéta iki gagal, negara-negara kang duwé sengkéta mau kudu mènèhi weruh Dewan Keamanan PBB. Miturut pasal 35, sawenèh negara olèh ngajokaké sengkétané marang Dewan Keamanan PBB utawa Sidang Umum PBB. Pasal iki mènèhi hak marang Dewan Keamanan PBB kanggo nggawé rekomendhasi nanging ora mènèhi kakuwasan kanggo ngetokaké resolusi kang nalèni (binding); bab iki dilebokaké ing Bab VII Piagam PBB. Bab VI kuwi sarujuk karo pasal 13-15 Akad Liga Bangsa-Bangsa (Covenant of the League of Nations) kang nyadiakaké dalan arbitrasi lan ngajokaké menyang Dewan tumrap sengkéta kang ora diajokaké marang arbitrasi.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Referensi[sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan of the League of Nations Covenant of the League of Nations |
Delengen uga[sunting]
Pranala jaba[sunting]
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|