Al-Bīrūnī
| Jeneng pepak | Abū Rayḥān Muḥammad ibn Aḥmad Al-Birunī |
|---|---|
| Lair | September 5, 973 Khwarazm, Samanid Persia |
| Pati | 15 Desember 1048 (umur 75) |
| Éra | Islamic Golden Age |
| Wilayah | Persia |
| Kawigatèn utama | Physics, anthropology, comparative sociology, astronomy, astrology, chemistry, history, geography, mathematics, medicine, psychology, philosophy, theology |
| Gagasan wigati | Penemu Indology |
| Karya utama | Ta'rikh al-Hind, The Mas'udi Canon, Understanding Astrology |
|
Kaprabawan déning
|
|
|
Mrabawani marang
|
|
Abū al-Rayḥān Muḥammad ibn Aḥmad al-Bīrūnī, ilmuwan islam kang misuwur.[1] Panyerat atusan buku lan ngawe instrumen kanggo ilmu astronomi.[2] Ninggal yuswa nalika taun 1048 Masehi ning yuswa 75 taun[2], tepaté tanggal 13 Desember 1048 Masehi ning kota Ghaza.[1] Al Biruni kuwi ilmuwan gedhe kang fenomenal, sajarah kaserat, Al Biruni kuwi sarjana muslim kang kapisan njlentrehaké lan melajari babagan seluk beluk India lan tradisi Brahmanical.[1] piyambake intens melajari babagan basa, teks, sajarah lan kabudayan India.[1] Nyerat buku astrologi kang judulé The Elements of Astrology, lan nyerat buku kang isiné babagan ilmu kedokteran, geografi lan ilmu fisika.[1] Kanggo tetep ngenang jasané, para astronom ngabdikaké jenengé (Al Biruni) ning kawah rembulan.[1]
Sumbangan Ilmu [sunting]
Sumbangan Ilmu sala Al Biruni[1]:
- Astronomi, nyerat risalah babagan astrolabe sarta memformulasika tabel astronomi kanggo Sultan Mas'ud.
Uga nyerat risalah babagan planisphare lan armillary sphere, negaske menawa bumi iku bundher. Nalika taun 1031 Masehi, piyambaké ngrampungaké ensiklopedia astronomi kang judulé Al Qanun Al Mas'udi.
- Astrologi, Ilmuwan kapisan kang mbedakaké istilah astronomi lan astrologi (abad kaping 11 Masehi).
- Ilmu Bumi, Nyumbang kanggo perkembangan ilmu bumi, mula kuwi piyambaké dinobatké dadi Bapak Geodesi lan
nyumbang kontribusi signifikan kanggo kartografi, geografi, geologi sarta babagan mineralogi
- Kartografi (ilmu babagan gawe peta lan globe), nalika umur 22 taun,
Al Biruni wis nulis karya penting babagan kartografi yaiku, studi babagan proyeksi gawe peta.
- Geodesi' lan Geografi, nalika umur 17 taun Al Biruni wis isa ngitung garis lintang Kath Khawarzmi nggunakaké dhuwuring matahari
- Geologi, ngasilaké karya ning bidang geologi, salah sijiné piyambaké nyérat bab geologi India
- Mineralogi, ning kitab kang judule Kitab al-Jawahir utawa Book of Precious Stones, Al Biruni njlentrehake macem-maceming mineral lan mbagi-mbagi maceme miturut warna, mambu, alote, padete lan abote.
- Metode Sains, Al Biruni uga anduweni peran ning pangenalan metode saintifik ning setiap bidang kang dipelajari,
kayata ning kitab Al Jamahir kagolong ilmuwan kang eksperimental
- Optik, ning bidang optik, Al Biruni kagolong ilmuwan kang kapisan (karo Ibnu Al-Haitham) kang ngkaji lan
belajar babagan ilmu optik, Al Biruni kuwi ilmuwan kang kapisan nemukaké kacepatan cahaya luwih cepet tinimbang kacepatan suara.
- Antropologi, ning ilmu sosial, Al Biruni didapuk dadi antropolog kapisan ning dunya.
Piyambaké nyerat studi komparatif babagan antropologi manungsa, agama, budaya Timur Tengah, Mediterania lan Asia bagian kidul.
- Psikologi Eksperimental, dicatet dadi pelopor psikologi Eksperimental lewat panemuné babagan konsep reaksi wektu.
- Sajarah, nalika umuré 27 taun, piyambaké nulis buku sajarah kang judulé Cronology, ananging buku kuwi ilang.
- Indologi, piyambaké kuwi ilmuwan kapisan kang ngkaji babagan India merga ana indologi (studi babagan India)
- Matematika, nyumbang teori, praktik aritmatika, bilangan irasional, teori rasio, geometri lanliyané.
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||||||||||||||||||||||||||