Muhammad ibn Zakariya al-Razi
| Jeneng pepak | Muhammad ibn Zakariyā Rāzī |
|---|---|
| Lair | August 26,[citation needed] 865 |
| Pati | 925 |
| Era | Medieval era |
| Wilayah | Persia |
| Pendhidhikan | Persian science |
| Kawigatèn utama | Kimia, Obat-obatan, Biologi |
| Gagasan wigati | Sing pisanan nemokaké asam (acids) kayadéné asam sulfur (sulfuric acid), nulis ngenani penyakit kaya cacar lan cacar banyu, pionir ing babagan ophthalmologi, pengarang buku pediatrik, mènèhi kontribusi marang kimia organik lan kimia anorganik, uga pengarang sawetara karya filsafat. |
Abu Bakr Mohammad Ibn Zakaria al-Razi, (864-930 AD)Al Razi utawa Ar Razi,Ibnu Zakaria (basa Latin Rhazes lan Rasis), polymath Iran kang aktif ning bidang kedokteran, ilmu kimia lan filusuf.[1] Lair ing Rayy (Rages), ingkang leres Razi menika saking habasa Persia ingkang anggadahi teges kutha Ray.[1] Razi dipuntugasaken wonten ing Rumah Sakit gedhe ingkang pisanan wonten ing kutha Ray, menika anggawe piyambakipun pindah menyang Baghdad.[1] Razi sakmenika Hakim, ahli kimia uga dados filusuf.[1] saderengipun dados dokter, piyambakipun remen kaliyan musik, anduweni pangalaman uga ilmu teori musik mula saged dipunsebut, piyambakipun pamain musik ingkang saé.[1]Al Razi dipunaku dados salah satunggaling ahli kimia ingkang misuwur.[1] panemunipun dipunagem ngantos 10 abad luwih laminipun.[1] Razi dados panemu saka Alkohol, Alkohol ingkang diagem kangge obat-obatan, uga nemukaké asam sulfat.[1]
Razi sampun nyerat 184 buku lan artikel, artikel ingkang njlentrehaken babagan cabang ilmu ingkang boten sami.[1] Buku-buku lan artikel kalamau, samenika dipunnamani dening Ibnu Abi Asi'boed.[1]
Seratan ingkang paling wigati saka buku kaliyan artikel ingkang dipun serat inggih menika kitab al Hawi, ensiklopedi ageng ingkang isinipun babagan isi seratan para panyerat Yunani lan Hindu uga pengamatan piyambak.[2] Kitab al Mansuri, ingkang isinipun babagan ilmu pangatahuan Yunani.[2]
Ibnu an-Nadim mbedakaké lima bidang ilmu kang dipunjlentrehaké Al Razi[1]:
- Razi dipunaku dados dokter paling saé nalika masané
- Guru medis ingkang dipunremeni dening para murid ingkang boten sekedhik, murid ingkang enggal utawi murid lanjutan
- Ziarah maring negara sanes anggawe piyambakipun misuwur, amerga dipuntepang kaliyan para pangeran uga para saudagar.
- Piyambakipun anduweni sipat ingkang alus
- Piyambakipun sering maos lan dados panyerat ingkang aktif lan nyerat buku kang ora sithik.
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||||||||||||||||||||||||||