Ibnu Al-Baitar
| Al-Baitar | |
|---|---|
Al-Baitar
|
|
| Miyos | 1197 Málaga |
| Tilar donya | 1248 Damaskus |
| Kabangsan | Andalusia |
| Bidhang | Ahli Botani, Scientist, Pharmacist, Physician |
| Kaahlian | Scientific classification Oncology |
Ibnu Al-Baitar yaiku peneliti tanduran obat. [1]Dheweke dikenal minangka sawijining dokter kewan, ahli tanduran, lan farmakologi, sarta sarjana ilmu tanduran. [1]Jeneng dawane yaiku Abu Muhammad Abdallah Ibn Ahmad Ad-Din Ibn Al-Baitar Al-Din Al-Maliqi. [1]Wong kulonan ngarani dheweke kanthi jeneng Alpetragius.[1] Ibnu Al-Baitar kerep nganakake paneliten ngenani tanduran lan kasiate ing Afrika lan Asia.[1] Nalika taun 1219, dheweke lunga ing pesisir lor Afrika lan Asia Timur. [1]Dheweke entuk jinising tanduran nganti ewonan. [1]Asil panalitene ditulis ana ing buku Al-jami fi al- Adwiya al-Mufrada, sawijining buku ensiklopedi tanduran kang diakoni minangka rujukan babagan kedhokteran nganti abad 16.[1]
Al-Baitar lair ana ing Malaga (Spanyol) ing abad 12 kang pungkasan. [2]Dheweke turunane kulawarga Al-Baitar ing Malaga.[2] Al-Baitar sekolah kang wiwitan ing Serville, Spanyol. [2]Ing kono, dheweke nglumpukake pirang-pirang jinis tanduran kang urip ana ing kono.[2] Nalika nglumpukake, dheweke bebarengan karo guru-gurune yaiku Abu Al-Abbas An Nabati, Abdulah bin Shaleh, lan Abu Al-Hajjaj.[2] Nalika taun 1220, dheweke ngalih ana ing tlatah wetanan. [2]Sawise ngliwati tlatah Afrika Utara (Maroko, Algeria, lan Tunisa), dheweke uga lunga menyang Asia cilik lan Suriah.[2] Ibnu Al-Baitar tinggal donya ing Damaskus taun 1248. [2]
Cathetan suku[sunting]
Pranala njaba[sunting]
Vernet, J. (2008). "Ibn Al-Bayṭār Al-Mālaqī, Ḍiyāʾ Al-Dīn Abū Muḥammad ʿAbdllāh Ibn Aḥmad". Complete Dictionary of Scientific Biography. Encyclopedia.com.
|
||||||||||||||||||||||||||||||||