Avicenna

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Abū ‘Alī al-Husayn bin ‘Abdullāh bin Sīnā (basa Persia: ابوعلى سينا ,Abu Ali Sina), seratan arab : أبو علي الحسين بن عبد الله بن سينا , basa Latin, Avicenna, Dokter lan filsuf Arab.[1] Lair ning Kharmaithen, provinsi Bokhara 980 .[1] Ninggal ning Hamadan, Lor Persia, 1037.[1] Sebeneré Ibnu Sina asli saka Persia (saniki Uzbakistan) ora saka Arab.[1] Ibnu Sina aktif nyerat buku, buku babagan filosofi sarta babagan pangobatan.[1] Buku babagan pangobatan kang kondhang, judulé Qanun fi Thib kang saiki dadi sumber kanggo ilmu bidang kedaokteran lan pangobatan.[1] Ibnu Sina dikenal "Bapak Pangobatan Modern", fisikawan, matematikawan, panemu lan celukan liya amerga buku-buku seratané.[1] amerga buku kang kondhang babagan ilmu pangobatan , al Qanun (Canon), dheweké oleh undang-undangan "Prince of Dokter".[2] Buku lan karya-karyané kang wis diterjemahaké nganggo basa Latin, dadi pengaruh para filosof saka Kristen, kaya Thomas Aquinas.[2] Ibnu Sina uga dikenal al-Sheikh al-Rais (pamimpin para wong bijak), undang-undangan kang digunakaké dening murid-muridé kanggo ngundang dheweké.[2]

Ibnu Sina, salah siji Filosof kondhang nalika jaman kaemasan kemajuan islam, tunggale saka al Farabi lan Ibn Rusyd.[2] Buku filosofis kang diserat Ibnu Sina menika salah sijiné buku kang dadi sumber utama al-Ghazali kanggo nahan serangan pengaruh filosofi liya ning agama islam.[2] Ibnu Sina dianggep pamuda kang dewasa durung wektuné.[1] nalika umuré tembe 5 taun, Ibnu Sina wis apal Al Qur'an.[1] sadurungé umuré genep 16 taun, Ibnu Sina wis nguasani ilmu kang dipelajari, kaya ilmu Kimia, Fisika, Matematika, Metafisika lan Logika.[1] umur nembelas taun (16), Ibnu Sina mulai belajar babagan ilmu kedokteran.[1] Pernah njabat dadi ketua dokter lan penasehat ning Persia.[1]

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l (en)Ibnu Sina dipununduh tanggal 9 Juni 2011
  2. ^ a b c d e (en)Abnu Sina (Avicenna) dipununduh tanggal 9 Juni 2011

jv:Ibnu Sina

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Avicenna&oldid=705048"