Al-Khwarizmi al-Khati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Muhammad ibn Musa al Khawarizmi

Al Khawarizmi, nama asliné Muhammad Ibn Musa al-Khawarizmi dikenal uga Abu Abdullah Muhammad bin Ahmad bin Yusoff.[1] Al Khawarizmi ning laladan Kulon, dikenal al Khawarizmi, al Cowarizmi, al Ahawizmi, al Karismi, al Goritmi, al Gorismi lan undang-undangan liyané.[1] Al Khawarizmi lair ning laladan Bukhara.[1] Jaman kaemasan Al Khawarizmi nalika taun 780-850 Masehi.[1] piyambake ninggal yuswa kira-kira taun 220-230 Mesehi.[1] Nanging ana sumber liya kang njlentrehaken manawa, Al Khawarizmi urip nalika awal partengahan abad kaping 9 Masehi.[1] Sumber liya bisa negaske manawa, Al Khawarizmi urip ning Uzbekistan nalika taun 194 Hijriyah /780 Masehi lan ninggal yuswa taun 266 Hijriyah /850 Masehi ning Baghdad.[1] Ning babagan pendidikan, piyambake wis jelas unggulé.[1] Pangetahuan lan pengetahuané ora namung babagan agama utawa saréngat nanging babagan filsafat, logika, aritmatika, geometri, musik, matematika (ngèlmu itung), sajarah lan ngèlmu kimia.[1]

Al Khawarizmi Guru Aljabar ning Éropah[besut | besut sumber]

Nalika esih enom, piyambaké nyambut gawé ning papréntahan Khalifah al Ma'mun, nyambut gawé ning Bayt al-Hikmah ning Banghdad.[1] Nyambut gawé ning pérangan observatory ya iku ning papan belajar matematika lan Astronomi.[1] Uga dipercaya dadi pengurus pabukon khalifah.[1] Tau ngenalké angka-angka India lan carané ngitung India lan gayutané ning agama lan ajaran Islam.[1] Panyerat Ensiklopedi, ning babagan ngèlmu kang béda.[1] Al Khawarizmi, tokoh kang kapisan ngenalké aljabar lan ngèlmu hisab.[1] Ora mung iku, piyambaké uga ngenalke ngèlmu lan konsèp-konsèp ngèlmu matematika kang esih digunakaké kanthi saiki.[1]

Sumbangan Ilmu[besut | besut sumber]

Sumbangan Ilmu saka Al Khawarizmi dhapuré karya, kaya ta[1]:

  1. Al-Jabar wa'al Muqabalah, panemu saka sistem itung kanggo nyelidiki trigonometri lan astronomi (secans lan tangnens)
  2. Hisab Al-Jabr wa al-Muqabalah, panemu lan pangaju babagan masalah itung-itungan lan njlèntrèhaké 800 masalah kang dadi parsoalan kang ana ning jaman Neo.Babylian kang dhapuré esih diragukaké, lan wis dibuktikaké beneré déning al Khawarizmi.
  3. Sistem Nomor, panemu sistem nomer, kaya Cos, sin lan Tan kanggo masalah trigonometri, teorema segitiga sama kaki lan itung-itungan luas segitiga, segi empat lan lingkaran ning ngèlmu geometri.
  4. Lan ngèlmu liyané kang konsepé saka ngèlmu Matematika, ngèlmu Astronomi ning Islam karan ngèlmu falaq (pangetahuan babagan perbintangan kang dihubungaké karo kajian babagan kedudukan, perobahan, pamikiran lan tafsiran bab lintang mau)

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Abu Abdullah Muhammad bin Ahmad bin Yusoff Archived 2010-08-10 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 9 Juni 2011