Ja'far al-Sadiq

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Cithakan:Infobox Imams

Nebula, benda astronomi ingkang dipunsinauni dening Ja'far al Shidiq

Ja'far al Shadiq (Ja'far al Shidiq), utawi Ja' jauh ibn Muhammad al Shadiq (702-765 AD) miyos tanggal 17 Rabi'al Awwal 83 AH.[1] Miyos wonten ing Madinah,[1] Ninggal yuswa tanggal 25 Syawal taun 148 AH, [1] Amargi dipunracun dening al Mansur, dipunmakamaken wonten Jannatul Baqi.[2] Asma saking bapanipun inggih menika Muhammad ibn Ali ibunipun Ummu Farwa binti Qasim.[2] Ja'far al shidiq, menika tiyang ingkang misuwur ugi dipunhormati dening tiyang muslim Sunni kaliyan tiyang muslim Syiah dados tiyang ingkang angadhahi adab sopan santun (kapribadian) islam ingkang ageng.[1] uga dipuntepang dados ahli akademik muslim Syiah.[1]

[sunting] Kaahlian

Ja'far al Shidiq menika priyantun ingkang anggadhahi keahlian ingkang sanes, kayata ahli wonten ing bidang Astronomi, ahli wonten ing bidang Al kemis.[1] Sarjana islam ingkang ngulawentah ilmu bab ilmu kalam (islam teologi).[1] Uga dados panyerat literatur islam, dados filsuf, dokter, ahli fisika, uga ilmuwan utawi panemu.[1] Ja'bar al Shidiq menika guru saking ahli kimia kayata Jābir ibn Hayyān (uga dipuntepang Geber), Abu Hanifah (ingkang ngawontenaken Hanafi).[1]

Ja'far al Shidiq, dipunpitados dening masarakat muslim Syiah dados salah satunggaling enem imam maksum, utawi dados pamimpin kaagamaan kaliyan dados panerus nabi Muhammad.[1] Dipunakuni dados imam dening Ismailiyah sarta Syi'ah.[1]

Al Shidiq menika julukan ingkang dipunangsal saking jasa-jasanipun, jasa ingkang andadosaken masarakat Islam Sunni ( Jama'ah islam ingkang ageng, ngantos 90% saking total populasi islam ingkang wonten dunya, dipun tepang ugi Ahlus Sunnah wa Al Jama'ah utawi Ahlus Sunnah, agama ortodoks islam).[1] Priyantun ingkang saleh menika dipunkurmati wonten tlatah timur tengah, dados ahli fiqh (hambok menawa piyambakipun dipuntepang minangka priyantun ingkang ngawontenaken Syiah Fiqh )[1] Ja'fari utawa Jaafari menika, guru saking ulama-ulama ageng ingkang ngawontenaken Hanafi, Maliki, uga ngawontenaken sekolah ingkang ageng bab pamanggihan.[1] Uga dados Imam wonten ning rangkaian rantai Syiah, piyambakipun uga dipunkurmati dening Naqsybandi (perintah spiritual tawasuf utama Islam Sufi).[1]

[sunting] Sajarah

Miyos wonten ing Madinah.[1] Nalika tanggal 20 [[April 702 Masehi (Al Awwal 17 Rabi', 83 HA), anggadhahi tiga gelar inggih menika As Shidiq, Al Fadil, At Tahir.[1] [3] Asama saking bapanipun Muhammad al Bagir (imam kalima Syiah Imamiyah uga iman kapapat saking Syiah Ismailiyah saderengipun imam Ali bin Husain sarta ibunipun Fatimah binti al Hasan).[1] dipunanggep kaum Shyiah dados imam Shyiah ingkang kaping lima.[1] Dipunanggep khalifah kapisan dening masarakat Sunni.[1] Ja'far al Shidiq dipunangkat dados pamimpin nalika yuswa 34 taun, amargi bapanipun Muhammad al Aqirr ninggal yuswa amargi dipunracun.[1]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (en)Jafar al shidiq dipununduh tanggal 5 Juni 2011
  2. a b (en)[ttp://www.ezsoftech.com/islamic/infallible8.asp kawolu maksum] dipununduh tanggal 5 Juni 2011
  3. (en)Artikel Islam Al Mujtaba, Imam Ja'far al Shidiq as dipununduh tanggal 5 Juni 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ja%27far_al-Sadiq&oldid=678890"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès