Khālid ibn Yazīd
Khalid bin Yazid bin Muawwiyah, (miyos taun 635 Masehi, ninggal yuswa taun 704 Masehi [1])priyantun Arab kapisan ingkang anggadhahi karemenan bab ilmu al kemis (635-704 Masehi).[2] Seratan menika saking terjemahan buku damelan al kemis Yunani.[2] Piyambakipun uga dipunkenal dados panulis buku bab ilmu kimia, katah Seratan bab ilmu kimia, ananging buku-buku manika boten wonten ingkang tasih dipunpangihi.[2] Ananging sampun katah ahli al kemis sanes ingkang ngutip seratan saking Khalid bin Yazid, ingkang dipunserat malih wonten buku-buku bab ilmu kimia Khalid bin Yazid menika guru saking ahli al kemis uga panemu ageng Jābir ibn Hayyān ingkang dipuntepang Bapak ilmu kimia wonten ing tlatah Eropa.[3]
Kamunculan Khalid bin Yazid dipunsambungaken kaliyan ilmu kimia, piyambakipun belajar ilmu kimia kaliyan obat-obatan saking Monk Marianos.[3] Ilmu Kimia menika dipunjlentrehaken kemalih dening Khalid bin Yazid saking terjemahan abasa Yunani (tahap kapisan) dipunlajengaken tahap inovasi sarta panemuan.[3] Ngangge buku-buku bab ilmu Kimia saking Yunani sarta Mesir ingkang piyambakipun angsal, Para ahli al kemis saking Arab saget milai nyobi ugi ngawontenaken panelitian asli ngangge acuan saking buku menika.[2]
Deskripsi saking praktek kapisan para ahli kimia menika dipunserat wonten kitab al Fihrist, ensiklopedia ingkang dipunserat dening Al Nadim saking Arab nalika taun 988 CE.[2] Wonten ing ensiklopedia menika, wonten bab ingkang mbahas bab ilmu kimia ingkang nyebataken asal-usul saking ilmu menika.[2] Uga wonten daftar asma-asma saking para ahli kimia Yunani ingkang misuwur nalika jaman samana.[2] Antawisipun priyantun Arab, kayata Yazid bin Khalid, Jābir ibn Hayyān, Ar-Razi, Ibnu Wahshiyya uga Dhu'n-Nun (priyantun Mesir).[2]
Khalid bin Yazid nyerat tiiga risalah bab ilmu kimia[3]:
- Al-Ser Al-Badea fi Fak Al-Ramz Al-Manea
- Ferdous Al Hekma fi Elm Al-Chemea sarta
- Maqalata Marianos Al-Raheb (loro barang saking Monk Marianos) ingkang isinipun cariyos-cariyos kaliyan Marianos uga belajar bentuk saking simbol-simbol.[3]
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||||||||||||||||||||||||||
Teks tebal