Muhammed ibn Umail al-Tamimi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Muhammed ibn Umail al-Tamimi
LairMesir
Pati349
Kondhang ingKimia
Karièr ngèlmiah
BabaganAhli Kimia, Sastrawan
gambar yang njelasaké kitab seratané, ya iku Hilal risalah ilal al-shams (Esay bab Matahari lan rembulan)

Muhammad Ibn Umail al Tamimi, (Arabic: أبو عبد الله محمد بن أميل التميمي)) nama lengkapé Abu Abd Allah Muhammad al-Hakim al Sadiq al Tamimi Ibnu Umail, manggon ing Mesir urip nalika abad kaping papat Hijriyah (Abad 10 Masehi) ninggal dunya kira-kira taun 349 H/960 M.[1] salah sijiné ilmuwan kondhang Islam kang gawé kontribusi marang perkembangan ngèlmu kimia.[1] piyambaké duwé posisi wigati ing sajarah ngèlmu kawruh, amarga loro saka karya-karya ning Éropah tuwa dhéwé ning babagan ngèlmu kimia sebeneré pertalan saka buku-buku seratané.[1]

Muhammad Ibn Umail al Tamimi, iku pemimpin panguripan kang pelosok, adoh saka pandangan masarakat.[1] Buku-bukuné nyebar ning kalangan kanca-kanca cedhaké.[1] Informasi saka Muhammad Ibn Umail al Tamimi ora dingerteni, nanging buku-bukuné lan pengetahuanné tekan marang wong-wong turun-temurun.[1] Tanggal sing pas karo lair lan ninggalé ora ana kang mangerteni.[1] Belajar bab ngèlmu Kimia saka Abul Qasim Abd al-Rahman.[1] Ibn Umail al Tamimi percaya manawa piramida Mesir kuna kang tinemu cedhak Kairo duwé rahasia bab kawruh ing babagan ngèlmu kimia.[1] Piyambaké lumebu piramid karo wong loro kancané, maksudé mung belajar.[1] Ibn Umail al Tamimi, mènèhi gambaran saka piramid, patung-patung lan lukisan ing salah siji bukuné.[1] Piyambaké uga nulis penjelasan saka kawruh ing babagan ngèlmu kimia.

Prestasi saking Muhammmad Ibn Umail al Tamimi ya iku[1]:

  • Nyerat buku bab ngèlmu kimia
  • Nyusun puisi-puisi dawa kang karan qasida

Buku-buku lan puisiné kaya shams al Risalah ilal hilal, Ma wal ardh al waragi al najmiya, al siFR al-kabir fi hall al ashkal birbawiya tasawir wal al, al Qasida al-nuniya, al naqaiya al Durat, lan Kha2as al bar bahr wal.[1] Hilal risalah ilal al-shams (Esay bab Matahari lan rembulan sabit) lan Ma al-Waraqi wal ardh al naimiya, banyu bening (keperakan) lan lintang kang ngiasi bumi (bumi berbintang) kang wis diterjemahké ning basa Latin nalika taun 1200 Masehi judhulé Tabula Chimica Linam Creescentem lan Apistola Solis.[1] Kutipan saking ilmiawan jaman biyèn, saka Mesir, Yunani, lan ilmuean Yunani kaya ta Hermis Markunus]] (Mesir), Socrates, Plato (ngango basa Yunani), Khalid bin Yazid, Jabir ibn Hayyan lan [[Dzu; Nun al Misri.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o Ibnu Umail dipununduh tanggal 8 Juni 2011