Wikipedia:Paugeran maringi nami artikel

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Paugeran maringi asma artikel

Aran geografis[sunting | sunting sumber]

Langkung saé migunakaken aran geografis ingkang limrah dipun agem/dipun ucapaken priyantun Jawi, utawi ingkang limrah ing basa Indonesia. Upami taksih bingung saged ugi migunakaken basa aslinipun lan langkung saé ngindhari migunakaken basa Inggris. Aran ing basa Inggris saged dipun pigunakaken kanggé pengalihan (redirect).

Conto:

Aranipun panggènan wonten ing tanah manca[sunting | sunting sumber]

  • Antwerpen lan sanès Antwerp (basa Inggris).
  • Moskwa lan sanès Moscow (basa Inggris).
  • Singapura lan sanès Singapore (bahasa Inggris).
  • Wina lan sanès Wien (bahasa Jerman) punapa malih Vienna (basa Inggris).
  • Yerusalem lan sanès Jerusalem (basa Inggris).

Aranipun panggènan wonten ing Tanah Jawa[sunting | sunting sumber]

Aranipun panggènan kang asring dipun-sebat wonten ing Indonesia[sunting | sunting sumber]

  • Kabupaten lan Kota. Panyebatipun kabupaten lan kota wonten ing Indonesia, aran artikelipun migunakaken format "Kabupaten AA" lan "Kota AA", contonipun: Kabupaten Aceh Besar lan Kota Lhokseumawe, sanès "Aceh Besar" lan "Lhokseumawe". Paugeran punika tetep dipun-trapaken sinaosa panyebatan aran punika namung gadhah setunggal kegunaan. Wonten ing conto punika, Aceh Besar dipun-sebat Kabupaten Aceh Besar, sinaosa boten wonten Kota Aceh Besar.
  • Kecamatan. Panyebatipun kecamatan migunakaken pola "aran kecamatan, aran kabupaten utawi kota" kadosta Ciawi, Bogor lan Ciawi, Tasikmalaya lan boten namung kasebat Kecamatan Ciawi, amargi aran kecamatan saged ugi sami sinaosa wonten ing bènten kabupaten.
  • Kelurahan/desa. Aranipun kelurahan migunakaken pola "aran kelurahan, aran kecamatan, aran kabupaten utawi kota", kadosta Seutui, Baiturrahman, Banda Aceh lan sanès Seutui utawi Kelurahan Seutui utawi Seutui, Baiturrahman.
  • Pulau, Sungai, Danau, Suku, Air terjun, Tanjung, Selat, Teluk. Saged nuladha pola "Pulau AA", "Sungai Mahakam" lan sapanunggalanipun. Contonipun: Pulau Simeulue, sanès Simeulue. (paugeran punika boten dipun-trapaken wonten ing panyebatan Jawa, Sumatra, Sulawesi, Kalimantan, saengga panyebat pulau boten dipun pigunakaken malih amargi sampun kawentar/umum)
  • Prekawis panyebatan aran panggènan wonten ing Indonesia ingkang gadhah kegunaan langkung saking setunggal, artikel kanthi panyebatan aran punika dipun tengeri halaman disambiguasi. Contonipun: "Malang". Amargi gadhah arti langkung saking setunggal, pramila artikel "Malang" dados kaca disambiguasi ingkang ngèmu pranala tinujokaken dumateng Kota Malang lan Kabupaten Malang.


Nama-nama tokoh[sunting | sunting sumber]

Asma-asma paraga utawi tokoh migunaaken pangucapan jawi (menawi wonten). Lan menawi mboten wonten saged migunaaken asma aslinipun. Menawi saged kapurih ngilari asma ing basa Inggris menawi aslinipun saking basa sanèsipun. Menawi wonten ingkang mboten njelas supados tumut patrapanipun ing basa Indonesia.

Asma-asama punika kapurih dipun serat kanthi jangkep.

Upaminipun:

Anggèn-anggènanipun Gelar[sunting | sunting sumber]

Gelar-gelar ningrat lan akadhemis supados mboten kagem judhul artikel.

Upaminipun:

  • Hamengkubuwana IX lan sanès Sultan Hamengkubuwono IX
  • Kartini lan sanès R.A. Kartini utawi Raden Adjeng Kartini utawi Raden Ajoe Kartini
  • Jusuf Kalla lan sanès Drs. Jusuf Kalla
  • Sawetawis gelar sanèsipun ingkang supados dipun ilari ing antawisipun: GPH (Gusti Pangeran Haryo), KGPH (Kanjeng Gusti Pangeran Haryo), GBPH (Gusti Bendoro Pangeran Haryo) lan sanès-sanèsipun.

Pasang Aksara[sunting | sunting sumber]

Kagem nami tiyang ingkang ngalami jaman modern lan dipun-tulis wonten ing layang-layang resmi seratan latin, asmanipun saged migunakaken seratan resmi kasebat, upaminipun:

Kagem nami paraga ingkang saking jaman kapungkur lan saking Tanah Jawi, prayoginipun dipun-serat kanthi éjaan aksara jawi. Tuladhanipun:

Irah-irahan (judhul) sastra lan seni manca[sunting | sunting sumber]

Judhul buku mawi basa manca ingkang sampun dipun terjemahaken ing basa Jawa utawi basa Indonesia saged kanggé nami artikel. Menawi dèrèng wonten, sageda migunakaken basa aslinipun lan becikipun boten sisah nganggé basa Inggris menawi panci basa aslinipun basa Inggris.

Paugeran punika inggih saged ugi kanggé nyerat nami anggitan seni.

Upaminipun:

Cathetan penting[sunting | sunting sumber]

Judhul utawi irah-irahanipun artikel menika case sensitive, maksudipun mbèntenaken seratan aksara ageng (kapital) kalih aksara alit. Tuladha:

Judhul artikel ingkang mawi tandha diakritik ugi case sensitive.