Wikipédia:Paugeran maringi nami artikel
|
Paugeran maringi asma artikel
Aran geografis
[besut sumber]Langkung saé migunakaken aran geografis ingkang limrah dipun agem/dipun ucapaken priyantun Jawi, utawi ingkang limrah ing basa Indonesia. Upami taksih bingung saged ugi migunakaken basa aslinipun lan langkung saé ngindhari migunakaken basa Inggris. Aran ing basa Inggris saged dipun pigunakaken kanggé pengalihan (redirect).
Conto:
Aranipun panggènan wonten ing tanah manca
[besut sumber]- Antwerpen lan sanès Antwerp (basa Inggris).
- Moskwa lan sanès Moscow (basa Inggris).
- Singapura lan sanès Singapore (bahasa Inggris).
- Wina lan sanès Wien (bahasa Jerman) punapa malih Vienna (basa Inggris).
- Yerusalem lan sanès Jerusalem (basa Inggris).
Aranipun panggènan wonten ing Tanah Jawa
[besut sumber]- Surabaya lan sanès Suroboyo.
- Wanagiri lan Wonogiri saged dipun alihaken (redirect) tumuju Wanagiri.
- Surakarta utawi Sala, nanging sanès Solo.
- Purwakerta lan sanès Purwokerto ing Jawi Kilèn.
Aranipun panggènan kang asring dipun-sebat wonten ing Indonesia
[besut sumber]- Kabupaten lan Kota. Panyebatipun kabupaten lan kota wonten ing Indonesia, aran artikelipun migunakaken format "Kabupaten AA" lan "Kota AA", contonipun: Kabupaten Aceh Besar lan Kota Lhokseumawe, sanès "Aceh Besar" lan "Lhokseumawe". Paugeran punika tetep dipun-trapaken sinaosa panyebatan aran punika namung gadhah setunggal kegunaan. Wonten ing conto punika, Aceh Besar dipun-sebat Kabupaten Aceh Besar, sinaosa boten wonten Kota Aceh Besar.
- Kecamatan. Panyebatipun kecamatan migunakaken pola "aran kecamatan, aran kabupaten utawi kota" kadosta Ciawi, Bogor lan Ciawi, Tasikmalaya lan boten namung kasebat Kecamatan Ciawi, amargi aran kecamatan saged ugi sami sinaosa wonten ing bènten kabupaten.
- Kelurahan/desa. Aranipun kelurahan migunakaken pola "aran kelurahan, aran kecamatan, aran kabupaten utawi kota", kadosta Seutui, Baiturrahman, Banda Aceh lan sanès Seutui utawi Kelurahan Seutui utawi Seutui, Baiturrahman.
- Pulau, Sungai, Danau, Suku, Air terjun, Tanjung, Selat, Teluk. Saged nuladha pola "Pulau AA", "Sungai Mahakam" lan sapanunggalanipun. Contonipun: Pulau Simeulue, sanès Simeulue. (paugeran punika boten dipun-trapaken wonten ing panyebatan Jawa, Sumatra, Sulawesi, Kalimantan, saengga panyebat pulau boten dipun pigunakaken malih amargi sampun kawentar/umum)
- Prekawis panyebatan aran panggènan wonten ing Indonesia ingkang gadhah kegunaan langkung saking setunggal, artikel kanthi panyebatan aran punika dipun tengeri halaman disambiguasi. Contonipun: "Malang". Amargi gadhah arti langkung saking setunggal, pramila artikel "Malang" dados kaca disambiguasi ingkang ngèmu pranala tinujokaken dumateng Kota Malang lan Kabupaten Malang.
Nama-nama tokoh
[besut sumber]Asma-asma paraga utawi tokoh migunaaken pangucapan jawi (menawi wonten). Lan menawi mboten wonten saged migunaaken asma aslinipun. Menawi saged kapurih ngilari asma ing basa Inggris menawi aslinipun saking basa sanèsipun. Menawi wonten ingkang mboten njelas supados tumut patrapanipun ing basa Indonesia.
Asma-asama punika kapurih dipun serat kanthi jangkep.
Upaminipun:
- Aristoteles lan sanès Aristotle.
- Boris Yeltsin lan sanès Yeltsin.
- Jeanne d'Arc lan sanès Joan of Arc.
- Kong Hu Cu lan sanès Kung Fu-tse
- Lenin lan sanès Vladimir Lenin.
- Mao Zedong lan sanès Mao Tse-tung.
- Ptolemeus lan sanès Ptolemy.
- Soeharto lan sanès Suharto.
- Soekarno lan sanès Sukarno.
- H.O.S. Tjokroaminoto lan sanès H.O.S. Cokroaminoto.
Anggèn-anggènanipun Gelar
[besut sumber]Gelar-gelar ningrat lan akadhemis supados mboten kagem judhul artikel.
Upaminipun:
- Hamengkubuwana IX lan sanès Sultan Hamengkubuwono IX
- Kartini lan sanès R.A. Kartini utawi Raden Adjeng Kartini utawi Raden Ajoe Kartini
- Jusuf Kalla lan sanès Drs. Jusuf Kalla
- Sawetawis gelar sanèsipun ingkang supados dipun ilari ing antawisipun: GPH (Gusti Pangeran Haryo), KGPH (Kanjeng Gusti Pangeran Haryo), GBPH (Gusti Bendoro Pangeran Haryo) lan sanès-sanèsipun.
Pasang Aksara
[besut sumber]Kagem nami tiyang ingkang ngalami jaman modern lan dipun-tulis wonten ing layang-layang resmi seratan latin, asmanipun saged migunakaken seratan resmi kasebat, upaminipun:
- Soekarno, sanès Sukarna.
- Susilo Bambang Yudhoyono sanès Susila Bambang Yudhoyono
Kagem nami paraga ingkang saking jaman kapungkur lan saking Tanah Jawi, prayoginipun dipun-serat kanthi éjaan aksara jawi. Tuladhanipun:
- Dipanegara lan sanès Diponegoro.
- Arjuna, sanès Arjuno.
Irah-irahan (judhul) sastra lan seni manca
[besut sumber]Judhul buku mawi basa manca ingkang sampun dipun terjemahaken ing basa Jawa saged kanggé nami artikel. Menawi dèrèng wonten, sageda migunakaken basa aslinipun lan becikipun boten sisah nganggé basa Inggris menawi panci basa aslinipun basa Inggris.
Paugeran punika inggih saged ugi kanggé nyerat nami anggitan seni.
Upaminipun:
- Wong Njaba lan sanès L'Étranger punapa malih The Stranger.
- Le Secret de la Licorne lan sanès Rahasia Kapal Unicorn' punapa malih The Secret of the Unicorn
Cathetan penting
[besut sumber]Judhul utawi irah-irahanipun artikel menika case sensitive, maksudipun mbèntenaken seratan aksara ageng (kapital) kalih aksara alit. Tuladha:
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih Gunung slamet
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih gunung slamet
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih GUnung slamet
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih Gunung SLamet
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih GUNUNG SLAMET
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih Gunung-Slamet
- Judhul Gunung Slamet bènten kalih GunungSlamet
- kejawi, judhul Gunung Slamet sami kalih gunung Slamet, amargi khusus aksara ing ngajeng piyambak, otomatis dipun gantos dados aksara kapital
Judhul artikel ingkang mawi tandha diakritik ugi case sensitive.