Serat Jatiswara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Serat Jatiswara minangka salah sawijining korpus ingkang saèstu sugih, dipunwastani korpus ingkang sugih amargi nyakupi manéka warna manuskrip ing lebetipun. Kirang langkung wonten 55 manuskrip ingkang mlebet ing sajeroning 7 resènsi ingkang bènten setunggal twin setunggalipun. Korpus Jatiswara ngemu kisahing salah sawijining mudha tumaruna ingkang lelana jajah nagari minangka dados pangembara. Ancasipun lelana jajah nagari sayektinipun inggih punika namung madosi wonten pundi manggènipun sedulur kakungipun ingkang sakpunika ngilang misterius, Jatiswara pinanggih kalian guru-guru para ulama ingkang arif saha keramat, wonten ingkang minangka pertapa, resi, ananging wonten ugi ingkang minangka dados guru kharismatik sajeroning pondok pesantrèn.[1]

Korpus Jatiswara[besut | besut sumber]

Serat Jatiswara ugi kawastanan korpus ingkang majemuk, dipunsebat majemuk amargi saking kathahipun manuskrip salebetipun korpus punika, kados ingkang kasebat ing ngginggil manuskrip ingkang mlebet ing sajeroning korpus Jatiswara kirang langkung wonten 55 manuskrip, sedayanipun kasebar ing saperangan resènsi-resènsi ingkang wonten inggih punika 7 resènsi. Salah sawijining resènsi ugi wonten gayutipun kalian korpus Centhini ugi Sélarasa.[1]

Carita singkat Jatiswara[besut | besut sumber]

Jatiswara minangka mudha tumaruna ingkang lelana amargi madosi wonten pundi papan dunungipun sedherek kakungipun, wonten korpus Jatiswara punika dipunjelasaken malih bilih papan kadadèan carita punika utawi sètting papanipun tebih saking kraton raja-raja. Sawalikipun ingkang minangka dados sètting papan panggènan inggih punika wonten ing désa ugi bandar-bandar pasisir lèr pulo Jawa. Dangu boten kepanggih-kepanggih lajeng Jatiswara malik pikir, panjenengane boten malih madosi wonten ing dharatan ananging ing dhasaring samodra, wonten ing pertapan ing dhasar samodra punika panjenenganipun taksih dèrèng kepanggih kalian sedhèrèkipun. Wangsul malih dhateng dharatan, Jatiswara kalian para prajuritipun dipunadhang kalian grombolan ingkang arsa mejahi dhumateng Jatiswara sakadang prajuritipun, prastawa punika dumadi wonten ing papan palereman ingkang sepisan ceraking bandar ingkang ageng. Jatiswara sapara prajuritipun dipun tudhuh minangka penyelèwèng agama saha kedah dipunhukum pejah. Sadaya tudhuhan kala wau lepat, saking kadigdayanipun Jatiswara para grombolan wau boten saged mejahi Jatiswara sakadang prajuritipun. Ing pungkasainipun, panghulu ing désa punika ingkang minangka sumberipun paukuman tumrap Jatiswara punika nuwun dhumateng Jatiswara supados dipunkeparengaken maguru dhumateng Prabu Jatiswara.Sabibaripun lelana ing negari-negari salajengipun, kathah dredah saha pepanggihan ingkang kebak ing petualangan. Kalih sedhèrèk punika netep wonten ing salah sawijining papan, awit saking punika kamasyuran kondhang dumugi manca-manca nagri.

Antawisipun resènsi-resènsi ingkang wonten ing korpus Jatiswara punika bènten-bènten struktur naratif, ugi boten sedaya ngemu rincian ngenani ulasan dramatik ingkang trep kalian resènsi-resènsi setunggal salah setunggalipun.[1]

Panalitèn tumrap Serat Jatiswara[besut | besut sumber]

Panalitèn ngenani Serat Jatiswara punika saèstu sampun dipunleksanakaken kalian kathah tokoh-tokoh ingkang remen dhumateng korpus Jatiswara punika. Sadèrèngipun Serat Jatiswara ingkang kagungan korpus Jatiswara punika dipun taliti kalian T. E. Behren, Jatiswara sampun dipuntaliti antawisipun déning:

  1. Syair Jawa khususipun Jatiswara sakedhik snaget ingkang dipun jamah kalian Panaliti Walandi, namung sakedhik ingkang purun dhawah sajeroning panalitèn Jatiswara punika. Salah sawijining manuskrip kagunganipun Karl Schoemann, ingkang nyambut damel wonten ing Jawi antawisipun taun 1845 dumugi 1951 minangka guru kegem laré-larénipun Gubernur Jéndral J.J. Rochussen, manuskrip Jatiswara sampun wonten ing Éropah punika minangka kolèksinipun Tuan Karl Schoemann punika, ananging nembé ing taun 1975 manuskrip punika terbit mawi judhul terbitanipun Javanese and Balinese Manuscripts déning Pigeaud ing sajeroning seri Verzeichnis der orientalishen Handschriften in Deutschland.
  2. Panalitèn ingkang dipunleksanakaken déning A. B. Cohen Stuart, kanca saking Winter twin Wilkens ingkang kondhang ing Surakarta antawisipun taun 1847 dumugi ngantos 1861. Wonten kolèksi pribadhinipun ingkang dipunampilaken dhumateng Bataviaasch Genootschap (BG) sabibar pejahipun Cohen wonten salah sawijining kopi lontar BG ingkang ngemu wos tèks Jatiswara, mawi nomer 535, ingkang dipunanggit déning juru tedhak naskah wonten ing kantor Eerste Gouvernements Secretaris (Inventaris 1976). Sabibaripun pikantuk tedhakan utawi kasil putranan tèks Jatiswara punika Cohen boten ngowah-owahi.
  3. Dr. Palmer van den Broek, Nalikaning jabat minangka dados lurahing kweekschool ing seklah dwija antawisipun taun 1873-1952, penjenenganipun paring dhawuh supados yasa putranan naskah inggih punika Jatiswara punika kanthi resènsi Solo. Kasil saking putrani naskah Jatiswara punika sakpunika kasimpen wonten ing perpustakaan Leiden minangka hibah saking Tuan Palmer van den Broek tahun 1882. Panjenenganipun Tuan Palmer kagungan pamanggih bilih Jatiswara punika terusan utawi lanjutan saking Centhini, ananging wonten karya-karyanipun Rama punika, panjenenganipun boten natos micantenaken prekawis punika.
  4. Taun 1892 mijil katalog ingkang lengkap minangka katalog sepisanan ngenani manuskrip ing Leiden, salah sawijining dhéskripsi ngenani Jatiswara dipunwedhar, dipunpublikasikan, saha dipunsebar dhumugi pundi kémawon. A. C. Vreede ugi natos naliti Jatiswara punika, Vreede boten sarujuk kaliyan pamanggihing Palmer ingkang suraosipun bilih Jatiswara punika terusan saking Centhini. Vreede kagungan panemu piyambak inggih punika kekalih karya sastra punika antawisipun Jatiswara kalian Centhini boten karya ingkang terusan ananging karya ingkang mlebet ing genre utawi jinis ingkang sami. Dipunsebat sami amargi wosipun nyirosaken inggih punika salah sawijining musafir utawi pangembara ingkang lelana ugi ing sajeroning anggennya lelana punika kathah pandangon tumrap masalah agama dhumateng para pandhita-pandhita ingkang dipunpanggihi.
  5. H. N. van der Tuuk natos naliti kirang langkungipun wonten 4 manuskrip Jatiswara ingkang mijil saking Bali-Lombok kanthi mawi dhéskripsi singkang dipuntambah cuplikan-cuplikan singkat ingkang muncul sajeroning Beschrijving der Javaansche, Balineesche en Sasaksche Handschriften aangetroffen in de Nalatenschap van Dr. H. N. van der Tuuk taun 1901. Manuskrip-manuskrip kala wau nambah daftar katalog wonten ing katalog Vreede, saéngga khazanah manuskrip Jawa ing Leiden dados langkung kathah malih.
  6. Juynboll (1911) nyusun manuskrip-manuskrip Jawi punika wonten ing katalog ingkang taksih sami kalian katalogipun Vreede, dipuntambah saking catetan-catetan manuskrip sajeroning Lijst taun 1906 punika, saha inventaris 1907 kalian ing sajeroning suplemèn wonten ing katalog Vreede. Ananging nembé ing taun-taun salajengipun nembé wonten panalitèn kasusastran ingkang sepisan mawi bahan saking Jatiswara.
  7. Ing taun 1933 Pigeaud nerbitaken ikhtisar sarta pengantar singkat dhumateng korpus Centhini-Centhini ingkang utami rikala taun 1814. Minat sanèsipun Pigeaud dhumateng panalitèn punika dipunbuktèkaken medal salah sawijining panalitènipun ngenani resènsi Centhini ingkang langkung lekasipun, inggih punika manuskrip Centhini Jajalèn, ingkang miturut Pigeaud mijil saking pasisir ing pungkasaning abad kaping-18. Sajeroning naliti Centhini Jajalèn punika Pigeaud manggihaken bilih sajeroning carita Jatiswara punika wonten 10 tembang, Pigeaud ugi manggihaken kasepadanan antawisipun resènsi Jatiswara kalian resènsi Centhini, kekalihipun sami-sami ngemu carios babagan Jatiswara.
  8. Brandes natos ndèrèk ndèskripsèkaken resènsi Jatiswara ingkang mijil saking Lombok.
  9. Poerbatjaraka bentenaken dados kalih resènsi tumrap manuskrip Jatiswara ingkang wonten ing Jakarta, manuskrip punika ingkang setunggal mijil saking Jawi wétan, wosipun inggih punika pupuh tembang Dhandhanggula saha tembang-tembang sanèsipun gantos-gantosan; ingkang angka kalih mijil saking Lombok, sedayanipun dipunsusun mawi métrum tembang Dhandhanggula.
  10. Voorhoeve, minangka pimpinanipun perpustakaan Universitas Tubingen, yasa déskripsi ngenani wos saking manuskrip kagunganipun perpusatakaan utawi pabukon punika. Panjenenganipun bentenaken manuskrip Jatiswara punika dados 3 golongan antawisipun: setunggal, golongan ingkang sedayanipun kasusun mawi métrum tembang Dhandhanggula, kaping kalih dipunsusun kanthi ingkang kathah piyambak métrum Dhandhanggula, lajeng ingkang kaping tiga manuskrip Jatiswara dipunsusun utawi dipunanggit mawi métrum tembang menéka warna métrumipun.[1]

Manuskrip Jatiswara[besut | besut sumber]

Serat Jatiswara piyambak mlebet sajeroning korpus Jatiswara, ing babagan punika anggènipun naliti ngenani Jatiswara dipungambaraken mawi wujud resènsi-resènsi Jatiswara, wonten manuskrip punika dipunbagi dados pitung resènsi inggih punika awit resènsi A dumugi resènsi G.

Resènsi Jatiswara[besut | besut sumber]

Resènsi A[besut | besut sumber]

Resènsi punika boten dados resènsi ingkang kawitan piyambak. Resènsi A punika taksih mlebet sajeroning urut-urutaning syair Jawi sadèrèngipun, gampilipun turunan paling cerakipun inggih punika saking Jawa tumuju ing Sasak. Amèh kémawon resènsi A punika taksih kathah kasimpen wonten ing Lombok; ing pulo punika sastra Jawa ingkang kala rumiyin dipunimpor nalikaning abad kaping-17 ugi sabibaripun taksih diremeni dumugi sapunika. Sawalikipun wonten ing tanah Jawi, namung ing Universitas ingkang wonten jurusan sastra Nusantara kémawon ingkang taksih nguri-nguri karya sastra tinggalanipun mbah-mbah kita punika, ing sajawinipun universitas punika sampun boten wonten tiyang ingkang nyamdhak utawi ngremeni manuskrip punika, gampilipun saged dipunwastani sampun pejah. Kathah sanget manuskrp Lombok punika ingkang katulis mawi aksara Bali. Sayektinipun resènsi A punika taksih wonten gayutipun kalian tèks-tèks ingkang sumebar wonten ing pasisir lèr pulo Jawi punika ing abad kaping-17.[2]

Resènsi Lompok punika endah ugi narik kawigatèn tumrap sedaya kémawon wit saking komposisi métrumipun. Senadyan dumadi langkung kathah saking 10000 gatra ing sajeroning gurit, syair punika boten kabagi-bagi dados pupuh sajeroning manéka warna mantra. Sedaya karya saben guritipun dipunanggit mawi métrum tembang Dhandhanggula. Resènsi Lombok ugi dipunwastani resènsi ingkang unik, unik amargi kagungan kadhar variasi utawi manéka warna ingkang awujud ing antrawisipun manuskrip-manuskripipun. Manéka warna variasi punika dipunsebat "Sub-resènsi". Sub-resènsi saged dipuntlisik saking alur kisahan utawi kadadèan prastawa saha tingkat kasepadanan ing sajeroning pada.

Wekdal dipunkintenaken resènsi Lombok punika mlebet ing Lombok inggih punika kinten-kinten ing taun 1650, prosès nganggitipun kinten-kinten setunggal punapa déné kalih gerenasi sadèrèngipun. Kurun wekdal kontak langsung antawisipun Jawa kalian Lombok ingkang bekta kathah panyampuring budaya, kasebar sapajangipun abad kaping-16 saha kaping-17. Sunan Giri utawi Sunan Prapèn punika ingkang dipunpitados sanget ingkang bekta agami Islam saking Jawa tumuju ing Sasak.[3] Nadyan boten kedah pitados kalian pamanggih punika, ananging bukti sanèsipun inggih punika dhaérah pasisi lèr pulo Jawi paring dayang ingkang kiat dhumateng manéka warna bab tumrap masyarakat Sasak.

Tèks Jatiswara kasebar wonten ing saben désa. Kolèksi manuskrip Lombok ingkang kawitan sanget ing Éropah (1874) jumlahipun namung 21 manuskrip, ananging sampun nyakupi syair Jatiswara. Manuskrip ingkang utami punika kasimpen wonten ing kolèksi umum, kirang langkung wonten 21 manuskrip miturut kode manuskripipun antawisipun punika:

  1. A1 Leiden University Library, Oriental manuscript 3608.
  2. A1a Leiden University Library, Oriental manuscript 4206.
  3. A2 Leiden University Library, Oriental manuscript 2216.
  4. A3 Leiden University Library, Oriental manuscript 4202.
  5. A4 Leiden University Library, Oriental manuscript 4205.
  6. A5 Leiden University Library, Oriental manuscript 5060.
  7. A6 Leiden University Library, Oriental manuscript 5072.
  8. A7 Leiden University Library, Collection Teeuw 12.
  9. A8 Koninklijk Instituut voor de Tropen, 1330/396.
  10. A9 Musiyum Nasional, lontar BG 40.
  11. A10 Musiyum Nasional, lontar BG 47.
  12. A11 Musiyum Nasional, lontar BG 60.
  13. A12 Musiyum Nasional, lontar BG 103.
  14. A13 Musiyum Nasional, lontar BG 358.
  15. A14 Musiyum Nasional, lontar BG 542.
  16. A15 Musiyum Nasional, lontar BG 543.
  17. A16 Musiyum Nasional, lontar BG 545.
  18. A16a Musiyum Nasional, codèk Br. 47.
  19. A17 Fakultas Sastra Universitas Indonesia, Kolèksi Pigeaud NR 388.
  20. A18 Musiyum Negeri Nusa Tenggara Barat 3681.
  21. A19 Transkripsi Lalu Wacana.

Taksih kathah manuskrip-manuskrip sanèsipun ingkang kasimpen ing Lombok piyambak. Ing sedaya pulo punika manuskrip-manuskrip punika sok dipunpentasaken sajeroning ngisahaken salah sawijining tokoh sedalu natas ing dusun-dusun.

Resènsi B[besut | besut sumber]

Resènsi B ugi dipunsebat resènsi Jawi Kilèn utawi Jawa Barat. Namung wonten setunggal resènsi Jatiswara vèrsi Jawa Barat ingkang wonten ing manuskrip ing Leiden. Ing èpisode-èpisode kawitan wonten gayutipun kalian resènsi A saking Lombok, ananging salajengipun boten cocog malih utawi wonten penyimpangan. Penyimpanganipun ing kawitan dumugi ngantos paripurna métrum tembang ingkang dipunginakaken inggih punika Dhandhanggula, lajeng ing pungkasanipun wonten métrum Durma. Boten kathah déskripsi tumrap resènsi B punika amargi kajawi jumlahipun namung setunggal ugi kondhisinipun boten layak utawi risak sanget, boten lengkap, pedhot-pedhot, angel menawi dipunwaos saking sudhut pandhang pundi kémawon. Manuskrip punika dipunpikantukaken saking Sumedhang, Jawi Kilen déning Dr. C. Snouck Hurgronye. Pigeaud nyobi ngenali ragam tulisan wonten ing manuskrip punika, miturut panemunipun Pigeaud ragam aksaranipun mirip kalian ragam pasisiran Lèr. Saèstu awrat sanget nemtokaken pinten yuswanipun manuskrip punika. Amargi awit saking rasa penasaranipun Snouck Hurgronye lajeng ngempalaken naskah-naskah ingkang taksih wonten gayutipun kalian manuskrip resènsi B, panjenenganipun manggihaken manuskrip ingkang kondhisinipun sampun sepuh sanget, dipunwastani resènsi B1, manuskrip punika boten wonten catetanipun, saking sumber data punika Snouck saged nemtokaken kinten-kinten yuswanipun manuskrip B1 sampun langkung saking 100 taun, dados manuskrip B kala wau menawi dipunkinten-kinten yuswanipun dipuntedhak utawi dipunputrani ing taun 1800 M. Awit boten dipunpanggihaken manuskrip-manuskrip sanèsipun ingkang mlebet dateng golongan resènsi B ing manuskrip Jawi Tengah, punapa déné Jawi Wétan, saged dipunpethik dudutanipun inggih punika manuskrip B ingkang dipunpanggihaken wonten ing Sumedhang kala wau dipunanggit ing kawasan ing pérangan kilen pulo Jawa ingkang mawi basa Jawi, saged Banten, dhaérah sacerakipun Cirebon, utawi kabupaten ingkang taksih ngugemi budaya Jawi saged Sumedhang punika piyambak.

Struktur métrum:[besut | besut sumber]

Amargi ing pungkasan manuskrip wonten sisipan métrum Durma, awit saking punika resènsi B dipungolongaken dumados tigang golongan piyambak, senadyan ingkang pungkasan pedhot sabibaripun namung setungal pada. Amargi awit saking kathaipun ingkang ical saking tèks punika, dados boten mokal menawi sajeroning tèks ingkang komplit wonten pupuh ingkang singkat sanèsipun sajeroning métrum boten Dhandhanggula.

Panyimpangan sanèsipun inggih punika wonten ing pupuh Durma ing pungkasan manuskrip. Panyimpangan dramatis saking resènsi A sajeroning wosing cariyos ing pérangan-pérangan tartamtu. Ing resènsi B medal manéka warna épisode, kathah tokoh tambahan ingkang boten dipunpanggihi wonten ing manuskrip Lombok utawi resènsi punapa kémawon.

Resènsi C[besut | besut sumber]

Resènsi punika kasimpen wonten ing setunggal manuskrip, inggih punika wonten ing Berlin Staatsbibliothek (C1) kolèksiipun Schoemann II. 18. Manuskrip punika kagungan kolofon ingkang paring katerangan bilih dipuntedhakipun manuskrip punika rikata tanggal 3 Februari 1938, punika dados bukti bilih Jatiswara sampun kawedhar ing kawitaning abad kaping-18. Miturut paléografi kalian idiomipun ugi papan pamanggihing manuskrip punika, saged dipunpendhet dudutanipun ilih manuskrip resènsi C mijil saking pasisir wétan. Salah sawijining catetan angka taun ingkang wonten ing kaca pungkasaning manuskrip netepaken bilih manuskrip punika kagunganipun salah sawijining rèsidhèn ing Gresik nalikaning taun 1845, punika taun ingkang saged katampi déning nalar sadèrèngipun manuskrip resènsi C dados kolèksinipun Schoemann.

Struktur métrum:[besut | besut sumber]

Jatiswara C punika kagungan struktur métrum medal saking bentuk Dhandhanggula ingkang wonten ing sajeroning resènsi-resènsi amargi ngginakaken sapèrangan métrum. Sajeroning 10 pupuh dipunginakaken 5 tembang ingkang bènten-bènten. Jatiswara C kagungan cariyos ingkang langkung komplit, dipunbikak kanthi rumus pangaksama ingkang dados samestinipun, adhégan-adhégan utama saged kagelar ngantos tuntas ing wingkingipun.

Resènsi D[besut | besut sumber]

Jatiswara resènsi D punika namung kasimpen ing wujud fragmèn, inggih punika kapèrang ing tigang manuskrip ingkang kasimpen ing Musiyum Nasional Jakarta. Salah sawijining kasil putranan ing abad kaping-19 saking lontar déning Bataviaasch Genootschap utawi para panaliti kawitan. Manuskrip ingkang mlebet ing resènsi D punika antawisipun:

  1. D1 Musiyum Nasional, Lontar BG 536.
  2. D1a Musiyum Nasional, manuscript Br 46 (kasil putranan).
  3. D1b Musiyum Nasional, manuscript BG 286 (kasil putranan).
  4. D2 Musiyum Nasional, lontar BG 535.
  5. D2a Musiyum Nasional, manuscript CS 44 (Kasil putranan).
  6. D3 Musiyum Nasional, lontar BG 480.

Saking kathahipun manuskrip-manuskrip punika boten wonten salah setungglipun ingkang ngemu cathetan angka taun ing pada-pada pambukanipun, sedaya pedhot sadèrèngipun paripurna. Menawi badhé nemtokaken yuswanipunn manuskrip wonten resènsi D punika namung ngangem cara ingkang kasar inggih punika dipunbandhingaken kalian resènsi C sadèrèngipun. Boten wonten kalih resènsi Jatiswara ingkang kagungan kasepadanan utawi padha utawi ketergantungan tèkstual kadosta resènsi C kalian D. Resènsi D ugi wonten sapèrangan ageng tambahan pada tunggal ing kathah panggènan sajeroning tèks, bilih sanèsipun mèh waé mirip kalian resènsi C.

Struktur métrum:[besut | besut sumber]

Sampun dipunandharaken bilih métrum resènsi D kathah ingkang sami kalian métrum resènsi C, ananging ugi wonten bèntenipun. Bèntenipun namung wonten ing gangsal pupuh ingkang kawitan. Wonten pupuh 5 khususipun, cariyosipun mlumpat ingkang nglangkungi wosing pupuh 7 ing resènsi C ingkang boten métrum tambang Dhandhanggula..

Resènsi E[besut | besut sumber]

Resènsi Jatiswara golongan E punika kapérang wonten ing 8 manuskrip, kathahipun wonten ing kolèksi-kolèksi ing Indonésia. Dhaftar manuskripipun antawisipun:

  1. E1 Leiden University, Oriental Manuscript 2306.
  2. E2 Musiyum Radyapustaka, naskah carik 60-b.
  3. E3 Musiyum Radyapustaka, naskah carik 67-a.
  4. E4 Sasana Pustaka, Kraton Surakarta, 121-na.
  5. E5 Reksapustaka, Istana Mangkunagaran, P-29.
  6. E6 Fak. Sastra Univ. Indo., Kolèksi Pigéaud, NR.383.
  7. E7a Fak. Sastra Univ. Indo., Kolèksi Pigéaud, G.19.
  8. E7b Musiyum Negeri Sono Budoyo, PB B-55.
  9. E7c Leiden University, Oriéntal manuscript 6680-a.
  10. E8 Musiyum Negeri Sono Budoyo, PB D-19.

Sadaya manuskrip ing nginggil mijil saking Surakarta, ananging boten dhumateng manuskrip ingkang angka 10 utawi kéntun piyambak punika. Resènsi manuskrip-manuskrip punika saking pujangga asli Surakarta. Punika kabukti boten namung saking letak geografisipun kémawon ananging saged dipuncèk saking basa ingakang dipunagem ing sajeroning tèks manuskrip punika. Salah sawijining segi ing resènsi E ingkang kagungan werdi ingkang penting inggih punika ing pungkasanipun Jatiswara pindhah saking pasisir tumuju ing lingkungan kraton ing pedhalaman. Awit saking oleh kridhanipun pujanga masyur Surakarta inggih punika Yasadipura, kathah naskah ragam pasisiran ingkang dipun impor dhumateng negari Surakarta. Jatiswara piyambak menawi miturut resènsi-resènsi sadèrèngipun dipungambaraken minangka keturunan ingkang tebih saking para Raja ing Chempa, ananging wonten ing ragam Surakarta punika inggih resènsi E, Jatiswara dipungambaraken langsung dados keturunan saking Raja Chempa. Resènsi-resènsi sadèrèngipun cetha sanget dipunanggit supados kagem masyarakat pasisiran, ananging bènten kalian resènsi E ingkang mijil saking lingkungan kraton, awit saking punika sampun otomatis bilih resènsi E namung saged kanggé konsumsi ing lingkungan Kraton punika kémawon.

Resènsi F[besut | besut sumber]

Resènsi punika dados salah saiwjining resènsi ingkang saèstu kathah panyimpanganipun saking resènsi-resènsi sadèrèngipun ugi sanèsipun. Resènsi punika dipunangggit ing lingkungan kraton pangéran mahkota utawi kadipatèn Pangéran Adipati Anom Hamangkunagara III, lajeng Pakubuwana V ing tahun 1747 taun Jawi 1820 M. Jatiswara ing sajeroning resènsi punika minangka salah sawjining antologi ènsiklopedhik ingkang sajajar kalian Centhini Ageng. Ananging awit saking punika, jangkauanipun langkung winates tinimbang Centhini Ageng amargi pérangan-péranganipun ingkang ènsiklopèdhik amèh kémawon musat ing bab agami.

Resènsi G[besut | besut sumber]

Resènsi punika dipunanggit ing Yogyakarta ing taun antawis 1820 twin 1847, minangka resènsi ingkang paling anom tinimbang resènsi-resènsi sadèrèngipun. Namung wonten kalih manuskrip ingkang dipunkenal wonten ing resènsi punika. kekalihipun mèh kémawon sami ugi dipunputrani ing taun ingkang boten kathah kacèkipun. Manuskrip punika antawisipun G1 Widyabudaya, Kraton, Kraton Yogyakarta C-44; G2 Widyabudaya, Kraton Yogyakarta C-43. Kekalih naskah punika minangka salah sawijining karya saking juru carik Sultan piyambak. Resènsi G nyimpang ing bab asasi saking sedaya resènsi ingkang sampun wonten. Jatiswara G inggih punika tèks campuran ingkang saèstu trampil ugi dipunyasa malih kanthi kolaborasi saking tigang karya ingkang bènten-bènten. Jatiswara G minangka Jatiswara ingkang nedahaken unsur-unsur ingakang mirip kalian resènsi E kalian F. dipun kolaborasèkaken kalian Pra-Centhini Ageng ugi Sèlarasa.

Aluraning cariyos Jatiswara[besut | besut sumber]

Ing sajeroning korpus Jatiswara ugi serat Jatiswara, struktur naratif dhasar tumraping Jatiswara kapérang dumados nem adegan utawi lelakon. Lelakon-lelakon kala wau sedayanipun ngandharaken bab lelananipun Jatiswara wiwit purwa dumugi wasana utawi pungkasanipun. Nem adegan Jatiswara antawisipun inggih punika:

  1. Adegan Lelampahan, adegan punika ngisahaken lelananipun Jatiswara ing sajeroning wana gung ingkang boten kajamah kalian manungsa.
  2. Adegan Pitepangan, inggih punika adegan ingkang njlèntrèhaken pengalamanipun Jatiswara nalikaning mlebet ing sajeroning dhusun utawi pondok agami (pesantrèn enggal) saha nepungi marang warga lokal ing papan kalawau.
  3. Adegan Tetamuwan, ingkang ngisahaken nalikaning Jatiswara dipunsuguh dipunsugata kanthi sae kalian pangarsaning dhusun.
  4. Adegan rerasan ngèlmi, ngisahaken nalikaning Jatiswara ngudi kawruh bab agami.
  5. Adegan Tiamwangi, njlèntrèhaken bab talining asmara Jatiswara kalian salah sawijining putri nalikaning madya ratri, putri punika minangka ponakan utawi taksih wonten gayut sedhèrèk kalian pangarsa dhusun.
  6. Adegan Pamitan, ngisahaken nalikaning Jatiswawa sampun katuk ngudi ngèlmi ing dhusun punika lajeng pamitan saha nglajengaken malih lelananipun madosi Sajati sedhèrèkipun.

Épisode-épisode sajeroning korpus Jatiswara[besut | besut sumber]

Sajeroning korpus Jatiswara dalah serat Jatiswara piyambak, wonten manéka warni cariyos utawi épisode cariyos-cariyos ingkang dipunanggit ugi wonten gayutipun setunggal dalah setunggalipun. Épisode-épisode kala wau antawisipun:

  1. Épisode Ki Saimbang.[4]
  2. Épisode Ni Laramarti.[5]
  3. Épisode Ki Wasiraga.
  4. Épisode Ni Mintarsih.
  5. Épisode Ki Aji Darma.
  6. Épisode Ni Ragasari (F) [6]
  7. Épisode Ki Nurwahdat.
  8. Épisode Ki Pralambang. (A)[7]
  9. Épisode Cahyacarmin.
  10. Épisode Ki Bujangga Adimulya.
  11. Épisode Aji Saka.
  12. Épisode Ki Prasila (B)[8]
  13. Épisode Sèh Wali Lanang.
  14. Épisode Dèwi Rarasati.
  15. Épisode Ki Sèh Amongraga.
  16. Épisode Ki Ragamana (E).
  17. Épisode Ni Dèwi Retna (E).
  18. Épisode Imam Ganjali.
  19. Épisode Ki Sèh Ajikarsa.
  20. Épisode Pepanggihan kalian Damar saha Daka.
  21. Épisode Ki Purwajati (E).
  22. Épisode Ki Kalamarsa (E).
  23. Épisode Ki Sèh Candra.
  24. Épisode Ki Abdul Saèh (A).
  25. Épisode Pepanggihan malih kalian Sajati.
  26. Épisode Ki Pangulu.
  27. Épisode Suryadi.
  28. Épisode Ki Sèh Baka.
  29. Épisode Ki Adi Suksma (E).
  30. Épisode Paprangan ing negari Cempa (E).
  31. Épisode purnaning saking resènsi E.
  32. Épisode Purnaning saking resènsi C.
  33. Épisode Purnaning saking resènsi A.
  34. Épisode Ni Widasmara.
  35. Épisode Sèh Damar lan sakpiturutipun.

Karya-karya ingkang ginayut kalian Jatiswara.[besut | besut sumber]

Jatiswara boten namung madeg piyambak minangka serat sarta korpus ingkang nglingkupi serat-serat Jatiswara ing manéka dhaérah. Jatiswara ugi wonten gayutipun kalian manuskrip-manuskrip sanèsipun, hubungan timbal balik, gantos-gantosing tembung, saha struktur-struktur sanèsipun. Karya-karya manuskrip kalawau antawisipun:

  1. Cariyos Santri Lelana.
  2. Serat Centhini.
  3. Serat Madujaya.
  4. Serat Puja Kusuma.
  5. Serat Dara Murtasiyah.
  6. Serat Gatholoco.

Jatiswara ing sajawinipun Sastra Jawi.[besut | besut sumber]

Wonten pengaruh sanès ingkang boten pati penting saking kawontenan Jatiswara punika dhumateng kahananing manuskrip-manuskrip sanèsipun. ananging pengaruh kala wau ingkang saged dipuginakaken dumados pangukuring popularitas karya punika. Pengaruh kalawau katingal ing asringipun nama Jatiswara dipunginaken utawi mijil ing cariyos-cariyosipun sanèsipun. Tokoh Jatiswara punika mijil ing cariyos-cariyos kirang langkung wonten 29 karya ing sajawinipun korpus Jatiswara. Medaling Tokoh Jatiswara punika wonten ing manuskrip-manuskrip kadosta:

  1. Manuskrip Sajarah Banten.
  2. Serat Wali Sana anggitanipun R.Ng Ranggawarsita.
  3. Serat Jaka Sléwah salah sawijining roman Islam.
  4. Carub Kandha Carang Seket.
  5. Suluk Ki Asandi.
  6. Kidung Jayèngswara.
  7. Babad Lombok.
  8. Ménak Amir Hamzah.
  9. Dèwi Rengganis.

Lampiraning tèks Jatiswara.[besut | besut sumber]

Miturut Resènsi A: Resènsi saking Lombok.[besut | besut sumber]

Dhandhanggula.[besut | besut sumber]

[Lepas] lampahé mangkin lumaris\,

jayèngsraya hanututi sanak\,

sayan kawang lampahhé\,

hangièn lampahhipun\,

wanten désa kadulu hasrih\,

karang maksih aruna,

ramé dé[6]-sa hagung\,

pepete tan nagapuspa,

kang hi natar,hang Soka lan nagasari,

tilassé wong awiyya.

Miturut Resènsi C:[besut | besut sumber]

Pupuh I, Asmarandana.[besut | besut sumber]

hening lampahhé sang barangti,

hanut sakarsaning suksma,

lepas tan kandheg lampahé,

datan ana kang sinadya,

hangétan parannira

hamung ariné kang kétung,

sajati hari mannira.

Pupuh II, Mijil.[besut | besut sumber]

Saksana manjing sajroning kori,

lampahipun alon,

jumeneng soring angsana mangké,

bumi ngaling bèji toyanna wning,

tumindak sang brangti,

lampahé tumungkul.

Miturut Resènsi D:[besut | besut sumber]

Pupuh Asmarandana.[besut | besut sumber]

Mendhung mendhung riris alit\,

keteran limut araras\,

mandra haketer swarané\,

camara sumyak kanginan\,

warnanen Jatiswara\,

hika lampahé lumintu\,

datan arèrèn samarga.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d Behrend, T. E. (1995). Se̮rat Jatiswara : struktur dan perubahan di dalam puisi Jawa, 1600-1930. Jakarta: INIS. ISBN 9798116437. OCLC 34241995.
  2. Resènsi asli Jatiswara ingkang boten kagungan bukti punika dipunwastani resènsi.
  3. Ulasan sajeroning tèks ingkang dipunsunting déning Lalu Wacana (1979a:99f). Ulasan umum dipunwedhar nalikaning kajian mawi basa Walandi, mlebet de Graaf (1941) twin de Graaf saha Pigeaud (1979:148--151).
  4. Nama punika dipunéja Saémbang sajeroning resènsi E saha F. Sajeroning transliterasi langsung h dipunsisipaken ing antawisipun vokal ingkang sampun kaurutaken (Sahimbang, Sahémbang).
  5. Tèks ingkang medhar ngenani bab Ni Laramarti punika wonten ing sajerong A4, 55-117 (wonten 630 gatra). Tokoh ingkang dipunsebat antawisipun inggih punika: Ki Jatiswara (Ragabranti (sic)); ni Laramarti (ni Rangda, ni Wulanjar); ni Parawan.
  6. Tèks punika namung dipunpanggihaken wonten ing resènsi F1 XXXIV.3--XXXIV.47 (wonten 405 gatra). Tokoh ugi papan panggènan ingkang dipunsebat antawisipun: guwa Budas; Cempa; Wana Grenggong; Ki Jatiswara (Sang Brangta); Munding Jatipura; Palembang; Pratokal; Ni Ragasari (Ragasekar, Ragawati); Ki Sajati.
  7. Épisode punika namung wonten ing sajeroning manuskrip A4, 447--491 (cacahipun wonten 450 gatra). Tokoh-tokoh ingkang medal sajeroning épisode punika antawisipun: Sèh Bayajid; Ki Jatiswara,;Ni Leléwa; Ni Najasmara (Jasmara); Sek Pralambang; Ki Saloba; Ni Wicak; Sek Wisésa.
  8. Épisode punika terus lajeng saking 1351 dumugi 1412 (620 gatra) ing sajeroning manuskrip B1a. Tokoh saha papa panggènan ingkang dipunsebat antawisipun: Ni Asmaya; Ki Jatisraya (Jayèngsekar, Rasatembang; Rasyatembang; Sidabrangta; Tembangsakatya; Tyasundari); Ni Juwita; Ki Prakarti; Ki Pranata; Ki Prasila; Ni Sawursih; Ki Sajati; Ki Subakti; Ki Sukarya; Ni Sukeli; Ni Supaya; Ki Suwirya.