Potelod

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Lead Pencils

Potelod ya iku piranti tulis lan nglukis.[1] Potelod kang sepisanan digawé saka grafit murni.[1] Carané nulis kanthi nggésék grafit ing média.[1] Nanging grafit murni gampang tugel, kalusen, lan ménéhi éfék reged nalika médhia gesekan karo tangan.[1] Saliyané iku uga nggawé reged lemah nalika dicekel.[1] Sawisé iku banjur digawé campuran grafit karo lemah lempung supaya komposisiné rada atos.[1] Campuran kang digawé saka grafit lan lemah lempung iki banjur diwungkus kertas utawa kayu.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Pulas
Asahan potelod
Potelod Dermatograf

Timbal lan grafit wis dianggo wiwit jaman Yunani. Kekarone mènèhi efek goresan warna klawu, sanajan grafit wernane luwih ireng sithik. Grafit arang banget dianggo nganti ing taun 1564 tinemu kandhutan grafit murni kang cacahé gedhé ing Borrowdale, lembah ing Lake District, Inggris pérangan lor. Sanajan arep kaya batu bara, mineral iku ora bisa dibakar, lan ana tipake warna ireng meling-meling, sarta gampang dibusak. Ing jaman iki maksud tembung grafit isih dipadhakake karo timah, timah ireng, lan plumbago, kang tegesé "kaya timah" amarga sipate kang arep padha. Mula, tembung lead pencil (potelod timah) isih dianggo nganti tekan saiki. Amarga teksture ngandhut lenga, mula bongkahane dibungkus karo kulit wedhus utawa prethilan timah kang awujud tongkat ditalèni nganggo tali. Ora ana kang ngerti sapa kang pisanan duwé pikiran nglebokaké timah ireng ing sajeroning kayu, nanging ing taun 1560-an, potelod kang primitif wis tekan ing bawana Éropah.

Ora suwé banjur timah ireng ditambang lan diekspor kanggo njangkepi panjalukané para seniman. Ing abad kaping 17 timah ireng wis dianggo ing ngendi-endi. Nalika iku wong-wong kang nggawé potelod padha nyoba nganggo timah ireng nggawé piyé carané bisa ngasilaké piranti tulis kang apik. Amarga isih murni lan gampang diekstrak, timah ireng saka Borrowdale digolèki déning para maling. Pramila, Parlemen Inggris nggawé undang-undang ing taun 1752 kang isiné maling timah ireng bisa dikunjara utawa dibuang menyang koloni narapidana.

Sasuwené pirang-pirang taun, grafit Inggris memonopoli indhustri panggawéyan potelod amarga cukup murni kanggo digawé tanpa perlu diprosès manèh. Amarga grafit Ropa mutune kurang, mula pabrik-pabrik potelod ing kana nyoba nggawé piyé carané kanggo ngasilaké isi potelod kanthi apik. Insinyur Prancis Nicolas-Jacques Conté nyampurake bubuk grafit karo lempung, banjur campuran iku diwangun dadi dawa-dawa, lan dibakar. Kanthi ngowah-owahi perbandingan grafit karo lempung, dhèwèké bisa nggawé isi potelod kang bisa ngasilaké pirang-pirang campuran warna ireng. Prosès kaya ngene iki isih dianggo nganti tekan saiki.

Nanging ing taun 1779, ahli kimia kang jenenge Carl W. Scheele nliti lan ngandharake asil panelitene yèn grafit duwé sipat kimiawi kang béda adoh karo timbal. Grafit ya iku komposisi molekul karbon murni kang empuk. Pungkasane, ing taun 1789 ahli géologi Jerman, Abraham G. Werner mènèhi jeneng grafit, kang asalé saka tetembungan Yunani graphein kang tegesé nulis.

Ing abad kaping 19, panggawéyan potelod dadi bisnis gedhé. Grafit tinemu ing pirang-pirang panggonan, ya iku Siberia, Jerman, lan kang saiki diarani Républik Ceko. Banjur pabrik-pabrik potelod dibuka ing Jerman lan ing Amérikah Sarékat. Mekanisasi lan produksi massal ndadèkaké regane mudhun, ing awal abad kaping 20, bocah-bocah ing sekolah wiwit migunakaké potelod.

Ing pisanan potelod grafit dibuntel nganggo kertas kang wis disuwek. Banjur tinemu cara kang luwih kepénak lan efisien kanthi mbuntel sakabehing gagang grafit nganggo kayu kang wis disigar lan digawé dhekok kanggo panggonan nyimpen gagang grafit mau banjur digabungake.

Grafit murni luwih disenengi para seniman amarga karakteristike kang luwih lugas. Nanging yèn dianggo saben dina, dibutuhake grafit kang kualitase ora patiya apik suapaya fleksibel. Ing taun 1795, ahli kimia Perancis, Nicolas Jacques Conté, nemu cara nyampur grafit karo lempung supaya ngasilase potelod kang luwih apik lan praktis. Salah siji prodhuk turunane ya iku potelod Konte.

Nalika 30 Maret 1858 Hymen Lipman saka Philadelphia, Pennsylvania, Amérikah Sarékat matenake potelod kang ana busake ing pucuke. Nanging patèn iki banjur dibatalaké amarga janjané ora panemonan kang anyar saka potelod iku. Asahan potelod mekanik tinemu ing taun 1880 lan dadi misuwur kanthi rikat.

Ing jaman modérn, potelod digawé kanthi ngejur grafit lan lemah lempung dadi wujud bubuk.[1] Campuran iki banjur diwènèhi banyu, lan diangin-anginké lan dibakar kurang luwih telung dina.[1] Sawisé iku potelod banjur dicithak dadi wujud kang dawa lan tipis.[1] Potelod kang wis dicithak banjur dibungkus kayu kang teksturé alus.[1]

Sepisanan potelod luwih akèh digawé kanthi wujud kothak.[1] Iki disebabaké amarga mesin prodhuksi kang isih durung maju.[1] Sawisé tinemu mesin prodhuksi kang luwih canggih, potelod banjur bisa dicithak kanthi wujud bunder saéngga gampang lan kepénak nalika dicekel.[1] Sanajan ngono ana uga kang seneng nganggo potelod kang wujudé kothak awit gampang dicekel lan luwih kuwat nalika dicekel.[1]

Potelod Modérn[besut | besut sumber]

Potelod saiki minangka piranti tulis lan gambar kang canggih sarta serbaguna, kang saben tauné diprodhuksi ing sakabèhing donya cacahé nganti tekan milliaran-iji. Potelod biyasa bisa nggawé garis kang dawané 60 kilomèter lan bisa kanggo nulis nganti tekan 45.000 tembung. Isi potelod mékanis, kang gagangé saka bahan logam utawa plastik, ora usah diasah. Minangka gantiné grafit, pulas diisi saka bahan pewarna lan pigmen kang cacahé nganti tekan puluhan warna.

Karakteristik[besut | besut sumber]

Béda karo polpèn, potelod duwé warna klawu kang pecah yèn dibandingaké karo polpen kang wernané padhet lan katon landhep.[2] Potelod uga luwih gampang dibusek tinimbang polpèn.[2] Ana uga potelod kang digawé kanthi setip ing dhuwuré.[2] Supaya nalika salah bisa nggunakaké setip ing dhuwuré.[2] Potelod kanthi wujud iki lumrahé luwih disenengi bocah sekolah.[2] Nanging seniman kang profesional luwih mentingaké mutu potelod.[2] Seniman luwih seneng nggunakaké potelod kang ora ana setipé.[2] Awit potelod kang ana setipé lumrahé duwé ukuran setip kang cilik saéngga nalika mbusak akèh bakal rikat enték lan isih durung resik anggoné mbusak.[2]

Identitas[besut | besut sumber]

Potelod dibédakaké miturut komposisine. Aksara B nguduhake kandel tipise (boldness), kang tegesé kandhutan grafite luwih akèh. Déné aksara H nguduhake atos orane komposisi lead, kang tegesé kandhutan lempunge luwih akèh. Potelod kanthi aksara F tegesé komposisiné mathuk benget yèn diasah kanthi pucuk kang maksimal. Déné angka ing sangarepe aksara nguduhake tingkat kandel utawa atos komposisi potelod. Kayadene 2H iku luwih atos tinimbang H, utawa 2B iku luwih empuk lan luwih kandel tinimbang B. HB tegesé potelod iku duwé sipat kang atos lan kandel.

Werna potelod nguduhaké aréa utawa panggon produksine. Pabrik-pabrik ing Amérika Utara mènèhi warna kuning, Jerman lan Brasil mènèhi warna ijo. India lan pirang-pirang panggonan ing Asia mènèhi warna ireng lan abang. Swiss mènèhi warna abang. Déné Inggris mènèhi warna kuning lan ireng.

Jinising Potelod[besut | besut sumber]

180pxPotelod mekanik

Anane kemajuan tèknologi material lan manufaktur ndadèkaké akèhé jinis potelod kang bisa katemokake ing pasar miturut kaprigelane, kaya ta:

  • Potelod timah
  • Potelod grafit murni
  • Potelod mekanik
  • Pulas (Potelod warna)
  • Potelod Konte
  • Potelod awujud pastel
  • Potelod dermatograf

Isu Keséhatan[besut | besut sumber]

Akèh banget wong kang nganggo potelod kapusan karo tetembungan lead pencil lan nyana yèn jinis potelod iki ngandhut bahan kimia kang ana racuné. Kasunyatané potelod timbal ngandhut grafit lan lempung, bahan alami kang isih kalebu senyawa karbon kang ora mbebayani kanggo awak. Nanging ana pirang-pirang kasus amarga tipak potelod kang ditujesaké menyang kulit ndadèkaké tipak kang wernané semu ireng lan ora bisa ilang.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o Pencils and Pencil Lead pubs.acs.org(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h History of the Lead Pencil officemuseum.com(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)