Patapan Santa Maria Rawaseneng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Patapan Santa Maria Rawaseneng ya iku sawijiné wiyara para rahib Gréja Katulik Roma saka Ordho Trapis (O.C.S.O.) kang dumunung ing Désa Ngemplak, Kandangan, Kabupatèn Temanggung, Jawa Tengah. Patapan iki didegake tanggal 1 April 1953 minangka wiyara cawang saka Wiyara Koeningshoeven ing Tilburg, Walanda. Saliyané wiyara, patapan iki uga minangka griyané para rahib, ing sajeroné komplèk patapan iku mau uga ana gréja, taman donga, wisma retret, kebon kopi lan pamiyara sapi puhan sarta indhustri-indhustri kang kanggo ngolah. Ronald Bell, salah sijiné pejiarah saka Amérika Sarékat, ngaturaké pamuji anané patapan. Dhèwèké mratèlaké, "Panjenengan bakal nemoni kabèh tahapané ya iku ndedonga, méditasi, maos wacan suci, lan makarya. Kabèh iki minangka pérangan kang ora bisa kapisahaké saka lelakon pribadi."[1] Ora adoh saka komplèk patapan, dumunung Gréja Santa Maria lan Yoseph Rawaseneng minangka teleng Paroki Rawaseneng,[2] lan TK-SD Fatima Rawaseneng kang dikemunah déning para suster saka Ordho Dominikan.[3]

Kayadéné para rahib ing wiyara Trapis liyané, rahib-rahib kang nglenggahi Patapan Rawaseneng nglakoni urip kanthi misi ndedonga lan makarya nyata. Kasilé pakaryan tangan ing kebon kopi, pamiyara sapi puhan, lan indhustri roti/kuwé dadi sumber nafkah pokok para rahib ing Patapan Rawaseneng,[4] saéngga panjenengané bisa urip ora mung gumantung saka sumbangané umat. Ana ing atur pambukané nalika syukuran 60 taun Pertapaan Santa Maria Rawaseneng tanggal 25 Agustus 2013, Biskop Agung Semarang Mgr. Johannes Pujasumarta ngendika, "Sesarengan kaliyan para rubiah Trappist Gedono, para rahib nekakaké Gréja kang ndedonga lan makarya ing Keuskupan Agung Semarang."

Pimpinan Patapan Santa Maria Rawaseneng wektu iki ya iku Romo Abbas Aloysius Gonzaga Rudiyat, OCSO (sebutan resminé Dom Aloysius Gonzaga Rudiyat, OCSO).

Riwayat komunitas[besut | besut sumber]

Panyiapan[besut | besut sumber]

Pertapaan Rawaseneng diwiwiti saka kersane Vikaris Apostolik Batavia Mgr. Antonio van Velsen, S.J. supaya ing Pulau Jawa duwé biara saka Ordho Trapis (OCSO), lan ing wulan Maret 1928 panjenengané ngintu layang kang surasane wacana mau marang Abbas Generalis OCSO di Roma. Akeh musabab, kalebu Perang Donya II, kang ndadèkaké usulan mau butuh wektu rada suwé. Vikaris sabanjuré, ya iku Mgr. Peter Willekens SJ, terus nganakake sesambungan karo Generalat OCSO supaya usulan kang kapungkur supaya dikabulke.[5] Mgr. Willekens kuwatir anané asore pandelengan masarakat ngenani "karya tangan" kang ndadèkaké anané "kurban pemerasan lintah darat". Mula saka iku, panjenengané nyuwun kerawuhane para rahib Trapis bisa nyukupi kabutuhane dhéwé kanti makarya makarya tangan lan bisa dadi tuladha kang apik kanggone masarakat.

Ing Dhusun Rawaseneng, para bruder Budi Mulia (Bruder Santa Maria saka Lourdes) ngedekke Sekolah Pertanian "Helderweirdt" ing taun 1936.[6] "Helderweirdt" kepeksa tutup ing jaman tekané Jepang lan dadi "kamp makarya paksa"; terus ing taun 1948 sekolah, sarta asrama, biara lan yasan gerejane, remuk jalaran anané ribut-ribut.[7] Ing taun 1950, Pater Bavo van der Ham, OCSO saka Biara Koningshoeven, Tilburg, Landa diutus mara ing Indonésia déning Kapitel Umum OCSO saperlu njajaki bisa lan orane didekake sawijiné biara cabang ing Indonésia. Sawisé mirsani sapérangan panggonan,[5] tilas sekolah ing Rawaseneng dadadkke panggonan kanggo ngedekke biara kang dikarepke, lan ing taun 1952 abbas Biara Koningshoeven teka dhéwé ing papan panggonan kono mau, sarta éntuk kasarujukan saka Kapitel Umum kanggo neruske wacana ngadegaké biara.[4][8] Kongregrasi Bruder Budi Mulia maringake kompleks yasan kang ambané 3 hèktar iku.[5]

Ana ing wulan Maret 1953, patang rahib saka Tilburg, ya iku Pater Balduinus Ten Hacken OCSO, Pater Nicasius Schilders OCSO, Pater Silvester Oemen OCSO, lan Frater Maurus Corel OCSO, diutus maring Rawaseneng saperlu mbiyantu Pater Bavo ngrintis pertapaan. Pangyasa pertapaan kang diwiwiti taun 1952 bisa dirampungke ing tanggal 1 April 1953,[9] kang katetepake minangka tanggal ngadeke Pertapaan Santa Maria Rawaseneng lan pambukane minangka cabang saka biara induk ing Tilburg.[4][10][11] Ing tanggal 3 November 1953, biara ing kompleks kono diresmekke, lan Pater Bavo kapilih minangka pimpinan Pertapaan Rawaseneng.[9]

Kemajuan[besut | besut sumber]

Novisiat kanggo pendhidhikan para calon rahib dibuka ing tanggal 19 Agustus 1954.[4] Nanging para Trapis asli Indonésia kang cacahé 14 wong ing taun 1957 iku kudu dikirim tumuju Tilburg kanggo ngangku kawruh ing pawiyatan luhur; para Trapis mau asalé saka Flores, Sulawesi, lan Kalimantan. Anane alangan ndadekke telung rahib liyané saka Tilburg diutus tumuju Rawaseneng taun 1958. Definitorium OCSO nembé éntuk izin ngrawuhi Rawaseneng ing wulan Dhésèmber 1958, lan ing tanggal 27 Dhésèmber 1958 pertapaan iki didadekke minangka biara otonom kanti status priorat sarta nganakake pamilihan pimpinan kang wiwitan, ya iku Romo Bavo van der Ham, OCSO minangka Prior Tituler.[4][7] Ing taun 1961 Romo Maurus Henrich OCSO lan Romo Aelred Tietjen OCSO saka Biara New Melleray ing Iowa, Amérika Sarékat, diutus menyang Rawaseneng saperlu maringi bantuan sawetara suwéné 5 taun kanggo komunitas kang tembe dumadi iku.[4][12]

Minangka pahargyan Pista Pérak, pertapaan iki sabanjuré diwènèhi status keabbasan (abbacy) ing tanggal 23 April 1978, saingga awit wektu kuwi pemimpine mau ingaran "abbas" (kang tegesé "bapa rohani") lan Romo Frans Harjawiyata, OCSO dadi abbas kang kapisan.[4][7]

Ing taun 1987 komunitas iki ngedekke biara cabang kanggo para rubiah ing Gedono, Getasan, ing Kabupatèn Semarang. Lan ing taun 1996 mbuka biara cabang kanggo rahib-rahib ing Désa Lamanabi, Tanjung Bunga, ing Kabupatèn Flores Timur, kang kalebu sajerone wewengokone yurisdiksi Keuskupan Larantuka.[13][14] Sawisé disarujuki déning Kapitel Umum OCSO ing wulan September 2011, komunitas rintisan para rubiah Gedono ing Makau kanthi resmi didekke tanggal 15 April 2012.[15][16] Pertapaan Rawaseneng dadi biara Trapis kapisan ing Indonésia, lan ing wiwitan taun 1996 duwé 47 rahib kang padha nglenggahi pertapaan iki.[17] Ing taun 2015, anggota komunitas Pertapaan Rawaseneng cacahé 35 wong.[18]

Géografi lan lanskap[besut | besut sumber]

Pertapaan Santa Maria Rawaseneng dumunung ing Désa Ngemplak, Kacamatan [[Kandangan, Temanggung|Kandangan]], di Kabupatèn Temanggung, Jawa Tengah,[19] kira-kira 14 kilomèter ing sisih elore Kutha Temanggung kang akèh pedhute.[10] Désa Ngemplak dhuwuré ana ing 500–825 mèter saka dhasaré laut, wujud perbukitan saperenge Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing; ana 9 dhusun ing désa kuwi, lan Dusun Rawaseneng kalebu salah sijiné. Dusun Rawaseneng kaleb papan panggonan kang adhem, kanti suhu 19–25 drajat Celsius lan curah udan rata-rata luwih akèh saka 2500 mm per taun.[20] Pertapaan Rawaseneng dumunung persis ing sisih wétané TK-SD Fatima,[21] kang digulawenthah déning Yeyasan Santo Dominikus lan sapérangan muride ndhèrèk agama Islam.[22]

Sakabehe kompleks Pertapaan Rawaseneng mau ambané nganti 178 hèktar; saliyané ana peternakan babi lan sapi perah, sapérangan tlatah kompleks pertapaan kanti amba 137[23] – 150[24] hèktar wujud pakebonan kopi robusta. Ora suwé iki, lahan mau uga ditanduri wit-witan liyané kaya déné pisang ratu, ketumbar, dilem (nilam jawa), lan wit-wit pangeyup kang dienggo kayune.[23] Saperahan lahan ing sajeroning kompleks pertapaan ya iku alas kang tetep lestari minangka kanggo konservasi. nggulawenthah panenan pakebonan lan peternakan, ing sajeroning kompleks pertapaan dicawiske uga panggonan kanggo usaha pertukangan kang bahane saka kayu ing kono, sarta indhustri roti lan yasan kanggo nggawe kopi kang dicakke salawasé mangsa panen kopi ing bulan Juli–Agustus.[23][25] Ing kompleks pertapaan uga duwé pembangkit listrik rong turbin kang digawe saka iline air sakaa alas ing kompleks pertapaan.[23]

Ing sisih ngarep kompleks Pertapaan Rawaseneng dumunung museum kang kacawisake lapangan parkir kanggo para pelancong utawa peziarah kompleks iki. Ing kono uga ana toko kang ngedol buku-buku lan prakaryan rohani, sarta olahan saka pakebonan lan peternakan kang digulawenthah déning para rahib kaya ta susu, kuwé, lan roti. Saliyané biara lan yasan gréja, ing sajeroning kompleks pertapaan mau uga ana sareane para rahib, wisma-wisma kanggo tamu kang nginep, kapel, lan pirang-pirang patung ing taman saindhenge wisma (patung Yesus dan patung St. Benediktus), sarta Taman Donga kang diresmekke lan diberkahi déning Duta Besar Vatikan Mgr. Antonio Guido Filipazzi ing tanggal 24 Agustus 2013.[26][27]

Kauripan monastik[besut | besut sumber]

Aktivitas relijius[besut | besut sumber]

Kanti nuladhani cara uripé Santo Benediktus, para rahib ing Pertapaan Rawaseneng nglakoni pakaryan tangan lan uga ngladeni wong-wong kang teka, kang nyuwun bimbingan rohani. Para rahib matesi bagan ing wicara, saingga wong Jawa nyebut yèn panjenengané kuwi "ngendika ing sajerone ati" (mbatin).[28] Cita-citane ya iku: "nggoleki Allah ana ing 'kerasulan kang ora katingal', urip ing sajerone paseduluran, askesis (matiraga) monastik, ndedonga tanpa mandheg (ofisi lan pribadi), karya tangan". Para rahib iki mau uga inangka senobit amarga cara uripé ing sajerone paseduluran kaya ta kang dilakokke, béda karo para eremit (istilah "pertapa" umumnye ana gandheng cenenge karo cara uripé para eremit) kang uripé sarwa dhéwé-dhéwé.[18] Saliyané nglakoni prayaan Ekaristi (dina biyasa jam 06.30, dina karaméan/Minggu jam 10.00), saben dinane para rahib mau nglakoke Ibadat Harian cacahé ping 7 ya iku:[29]

Sakabehe reroncen ngibadah ing dhuwur mau dilakokke saben dina kanggo "njaga pangelingan Cithakan:Interp tumrap Allah". Para rahib Rawaseneng kang wis kaul religius ngagem skapulir ireng Ordho Trapis minangka pratanda anané pangayoman saka Bunda Maria, lan tudung sirah biyasa dienggo yèn lagi nglakoni meditasi.

Ora et labora[besut | besut sumber]

Sanajak pakaryan mligi para para rahib mau ndedonga—ing antarané kanti pujian, wacan rohani, meditasi bebarengan—lan ngadohake saka urip kadonyan, pra rahib mau tansah ora nglalekke urip kaniscayan ing donya iki.[30] Kayadene biara-biara saka Ordho Trapis liyané, para rahib Rawaseneng nglakoni urip miturut Peraturan Santo Benediktus kang majibake nglakoni karya tangan minangka panguripan lan sabisane weweh panenan karo masarakat saindhenge, mligi wong sekeng. Para rahib mau mènèhi rejeki wujud ngajak nyengkuyung pakaryan lan mènèhi gaji jumbuh karo kaprigelan ing sajerone indhustri, pakebonan, lan peternakan kang digulawenthah déning para rahib saingga pertapaan duwé kontribusi nyawisake lapangan pakaryan sarta ngunggahake perekonomian para warga.

Sawijine kajian ana ing taun 2008 ing Pertapaan Rawaseneng nyimpulake déné ajaran monastik duwé pangaruh gedhé tumrap aktivitas ing pertapaan iku, lan duwé sesambungan raket tumrap etos makarya.[31] Para rahib ndeleng, pakarya tangan jumbuh karo ajaran ing Kitab Suci supaya tansa makarya tuhu, tanpa ndeleng gedhé utawa cilike pakaryan kang dilakoni. Ajaran monastik kang dicekel para rahib mau duwé kotnribusi wujud etos karya kang api, mligi kanggo para anggota-anggota komunitas, sawetara etos makarya mau duwé kontribusi tumrap "kemajuan ajaran keagamaan, nyukupi kabutuhan komunitas, piranti-piranti kang ana ing pertapaan, nyawisake lapangan pakaryan, lan ngunggahke kaprigelan".[31] Ana ing adicara Temu Fungsionaris Komisi Hubungan Antaragama lan Kepercayaan (HAK) ing Pertapaan Rawaseneng tanggal 24–25 Oktober 2015, Romo Antonius Anjar Daniadi OCSO lan Romo Abbas Aloysius Gonzaga Rudiyat OCSO mbabar sawijiné presentasi kanggo para hadirin supaya luwih bisa mangerteni ensiklik Laudato si. Abbas Gonzaga negesake pentinge pangerten "ndedonga lan makarya" (ora et labora) kaya déné piwulange Santo Benediktus, sarta ngendika yèn wong kuwi bisa "luwih sumeh tumrap saindhenge" yèn bisa nggabungake antarané pakaryan kang dilakokke karo dedongane.

Usaha kang digulawenthah[besut | besut sumber]

Para rahib Rawaseneng nglakoni "pakaryan tangan" ora mung mligi nggolèk bathi, nanging kanggo nguripi panguripane dhéwé kanti swatantra, lan dilakokke sajabane wektu ngibadah. Ngenani babagan kuwi, ing kompleks Pertapaan Rawaseneng ana pakebonan kopi, peternakan lan pemerahan sapi perah kang digulawenthah kanti profésional; sapérangan antarané usaha-usaha iku digulawenthah déning para rahib sendiri. Saliyané pakaryan ing babagan administrasi, pertukangan kayu, perbengkelan, lan pakaryan rumah tangga,[32] para rahib uga nggulawenthah peternakan babi, wisma retret, indhustri kuwé, pakebonan woh-wohan lan sayuran. Usaha-usaha kang digulawenthah deneng para rahib mau melokke masarakat ing pertapaan, lan ing taun 2015 wis duwé kira-kira 100 pegawe karyawan tetep ing Pertapaan Rawaseneng.

Miturut aturane pamarintah Indonésia, didekke badan usaha PT Naksatra Kejora minangka pangayom pirang-pirang unit usaha kang digulawenthah pertapaan,[33] lan nanggo ketentuan upah minimum saka pamarintah minangka patokan kasejaht'ran karyawan. Pimpinan pertapaan (abbas) uga ngayahi minangka pimpinan badan usaha wujud perseroan terbatas iki.[33] Ing riwayate, akèh wong awam kang duwé kontribusi masarake usaha kang digulawenthah déning para rahib. Contone kulawarga The Bian San saka Temanggung kang wiwit taun 1956 mbiyantu ngedolake susu, sarta kulawarga Boen Kosasih kang taun 2008-2009 mbiyantu masarake kuwé kering lan kopi ing Jakarta.

Saliane nganggo listrik saka PLN, kabutuhan listrik ing kono uga duwé pembangkit listrik rong turbin. Listrik mau diuripaké nganggo iline tuk saka alas cilik cedhak pakebonan kopi kanti mbendung dadi dam cilik; terus banyu kang wis kabendung mau diilekke ing sakabehe kompleks pertapaan lan masarakat kanggo nyukupi kabutuhan banyu resik. Saliyané banyu resik, pertapaan uga mènèhi listrik lan kasil saha kanggo masarakat kono.[34]

Peternakan sapi perah[besut | besut sumber]

Kaum awam uga kacathet mènèhi kontribusi kanggone Pertapaan Rawaseneng nalika para rahib ngrintis peternakan sapi perah. Ing taun 1956, Oma Godee, salah sijina priyayi sepuh umur 83 taun saka Bandung, mènèhi sumbangan kang cukup gedhé kanggo pertapaan; sabanjuré panjenengané ngenalke sepupune saka Semarang kang diwusun mèlu ngembangke peternakan, lan ngirimake suket ing Pertapaan Rawaseneng kanggo pakan sapi perah ing peternakkan.

Wiwitane mung ana 5 induk sapi kang ditekakke saka Landa, lan sabanjuré ditekakke uga sapi saka Australia, saingga cacahé 20 ing taun 1957.[35] Taun 2011 ana kira-kira 130 – 150 sapi, 70 nganti 80 antarané wujud sapi babon kang bisa diperes susune, sisané sapi cilik-cilik sarta 3 sapi lanangan. Kanggo njaga bibit keturunan, sapi-sapi mau diwènèhi aran supaya silsilahe bisa dilacak lan ora kawin sagetih utawa sainduk. Pameresan susu dicakke ing sesuk kira-kira jam setengah lima lan sore kira-kira jam setengah lima; ing wektu kuwi para tamu uga diparengake mèlu meres susu. Kaanan kang tenang ing kompleks pertapaan diwartakake "membantu njaga jiwa sapi" supaya ora kemrangsang, saingga bisa ngasilke susu kang akèh.

Miturut sawijiné cathetan ing taun 2003, peternakan sapi perah ing Pertapaan Rawaseneng bisa gnasilke kira-kira 600 liter susu saben dinane. Sapérangan susu mau—ya iku kira-kira 150 liter saben dina miturut lapuran ing taun 2015—diolah dadi susu segar kanti métodhe pasteurisasi kanggo matèni baktèri patogen. Sawisé prosès pasteurisasi, susu seger kang dikasilke mlebu ing tahapan pengemasan kang resik lan tanpa kontaminasi saka jaba.[36]

Industri turunan susu[besut | besut sumber]

Sapérangan liyané saka susu sapi kang dikasilke diolah dadi keju kanti prosès pengolahan tradhisional, dadi yogurt, sarta minangka bahan campuran kanggo nggawe roti lan kuwé kering Trappist Cookies kanti bahan baku alamiah nanggo piranti kang lumayan modhèren. Diwartaake yèn roti-roti iku ora nganggo bahan pengawet utawa bahan campuran liyané, saingga duwé rasa kang kas tinimbang roti-roti kang didol ing pasaran lumrahé. Carane ngolah keju iku diajarake taun 1958 saka sawijiné warga awam ing Lembang ya iku Tuan Meyer. Keju minangka bahan baku kuwé kastengel disimpan dhisik, kira-kira telung sasi ing suhu minus 10 drajat Celcius sadurungd digunakke. Dingendikake uga yèn kastengel gaweane pertapaan iku tuhu kawentar ing Jawa Tengah.

Industri turunan susu iku dipasarke ing tlatah kono, uga nganti Jakarta, lan nduwenipasar kang tetap inag sapérangan kutha gedhé saindhenge pertapaan. Produk-produk Rawaseneng, karo produk-produk saka Pertapaan Gedono kaya déné kefir, sirup asem, lan selai, uga dipasarke ing pinggr dalam tumuju Guwa Maria Kerep nganggo mobil kang diarani "Rumah Lima Roti & Dua Ikan", darbeke CB Nurjati lan kaluwargane.[37] Frater Maximilianus Slamet Widodo OCSO ngendika yèn wektu iki kuwé kering dadi produk utama pertapaan, kang dipasarake kanti gethok tular lan bisa mènèhi panguripan kanggone para rahib. Sawetara pakebonan lan peternakan tetep dijaga, sanajan mung sithik bathine, amrih bisa njaga panguripan para karyawan. "Karyawan ngerteni yèn usaha iki ora sadrema golèk bathi, nanging duwé tujuan mbiyantu masarakat," ngendikane Frater Amadeus OCSO nalika mangsuli pitakonan, kenangapa usaha kang digulawenthah para rahib tetep bisa dijaga sasuwéné iki.

Liya-liyané[besut | besut sumber]

Lahan ing kompleks Pertapaan Rawaseneng sejatine dudu lemah kang apik kanggo ditanduri kopi, lan mbutuhake pupuk organik kanggo gawé subur. Pupuk organik digawe dhéwé saka sisa pakan raja-kaya, lan saka kotoran manuk walet sumbangan pengusaha walet saka Jakarta. Pupuk gawéan dheww kuwi ora didol kanggo umum, lan uga digunakke kanggo pembibitan tanaman hias ing lan kang esih ana.

Lahan pakebonan kopi uga ditanduri wit-witan liyané kaya déné sayuran, woh-wohan (contoné pisang ratu), ketumbar, nilam jawa, cengkih, dan lan wit-witan pengayom kan kayune bisa digunakke kanggo usaha pertukangan.

Wisma kanggo nginep tamu ora mlebu petungan minangka panguripan utawa sumber; wisma-wisma mau dianggep ora mènèhi bathi. Anane wisma kang isiné kamar-kamar kanggo tamu pancèn mligi minangka leladosan tumrap para tamu kang rawuh,[38] lan kanggo manuhaké pertapaan tumrape bocah-bocah.

Pembinaan lan pelayanan masarakat[besut | besut sumber]

Ing mula bukane Pertapaan Rawaseneng, para rahib mbuka poliklinik minangka leladenan kesehatan jalaran kabutuhan masarakat sakiwa-tengené ing kono; wektu-wektu iki, para relawan dokter saka Landa uga mèlu mbiyantu. Pater Nicasius, kang kawentar duwé selera humor bisa nyenengke wpmg-wong kang sesrawungan karo dhèwèké, ngayahi jejibahan minangka Rama Dokter (Pastor Dokter); lapuran saka taun 1957 mratélakaké yèn saben dina dhèwèké nampa kira-kira sewidak pasien kanti imbalan panenan wujud pisang, gula, lan endhog.[35] Suwe-suwé para rahib ngrasakke yèn leladenan kesehatan kaya ngono kuwi ora jumbuh karo cara uripé biara saka Ordho Trapis, lan ing taun 1962 klinik mau kaserahake marang para biarawati saka Ordho Dominikan.

Saliane nyawisake lapangan pakaryan, Pertapaan Rawaseneng uga mènèhi pembinaan tumrap masarakat ing kono kanti latihan kaprigelan, supaya masarakat bisa ngayahi minangka wiraswasta lan gurangi arus urbanisasi tumuju kutha. Latihan ing kéné ya iku panggulawenthahan pakebonan kopi, peternakan, lan indhustri kecil.[39].[40]

Para rahib Rawaseneng mènèhi leladenan kang "sipaté strategis tumrap kabutuhan dhasar manungsa". Saliyané nyumbangke listrik lan banyu resik kanggo masarakat, para rahib ing kéné uga nyaosi panyilihan modhal wujud raja-kaya lan bibit wit-witan, nyalurke masarakat tumuju kutha minangka tenaga makarya, mbiyantu masarakat kang lagi ketaman musibah, sarta mbiyantu dandan omah sehat. Leladenan liyané ya iku mènèhi beasiswa pendhidhikan, sanajan sapérangan ana kang "ora tuhu ing pawiyatan".[41] Nganti taun 1995 kalaporake, yèn pertapaan wis mènèhi beasiswa kanggo 63 murid.[42]

Sambung rembug antaragama[besut | besut sumber]

Uripe para para rahib "kapisah saka jaba", nglakoni urip kontemplatif, matesi sesrawungan karo njaban pertapa, lan ora ngecakke leladenan langsung tumrap umat Katulik ing kono. Nanging para rahib ora "nutup rapeti", amarga tetep binuka rumrap masarakat umum,[9] kalebu para peziarah lan pelancong saka kalangan Muslim, lan Hindhu. Masarakat ing Dusun Rawaseneng dhéwé ana kang ndhèrèk agama Katulik lan Islam, kang dadi mayoritase kang perbandhingane 65:35.[43] Sawijine kajian ing taun 2015 nglaporke yèn ing rong agama kang sinisihan iku ora naté ana ribut lan ngamalake apa kang mau "dialog aksi"; salah sijiné pangaruh anané Pertapaan Rawaseneng, tradisi nyadran, sarta sesrawungane antarané masarakat Muslim lan Katulik ing sajeroning kagiyatan kang dicakke bebarangan.[44] Pertapaan iku duwé perusahaan kang sapérangan gedhé ya iku kaum Muslim lan Katulik, saingga ngamalake "dialog aksi" ana ing sesrawungan saben dinane ing Rawaseneng; saliyané kuwi, pertapaan duwé peran ngunggahke panguripane masarakat kanti nyaosi lapangan pakaryan, kanggo samubarang agama apa waé.[45][46]

Minangka pengetan seket taun Nostra Aetate kanggo minangka sambung rembug antaragama, lan kanggo nyinaoni Evangelii gaudium, Provinsi Gerejawi Semarang ing tanggal 24–25 Oktober 2015 dianakake Temu Fungsionaris Komisi HAK di Pertapaan Rawaseneng. Adicara iki dirawuhi déning Ketua Komisi HAK Keuskupan Agung Semarang RD Aloysius Budi Purnomo, Ketua Komisi HAK Keuskupan Malang RD Ignatius Adam Soencoko, Pengasuh Pondok Pesantren Al Ishlah Meteseh Semarang Kiai Budi Harjono, tokoh agama lan masarakat Temanggung, Haji Asnawi, 99 fungsionaris HAK dari Provinsi Gerejawi Semarang, sarta para rahib Trapis.[47][48]

Para pimpinan[besut | besut sumber]

Pimpinan-pimpinan komunitas awit didekke saka taun 1953:

  • 1953 – 1958: Bavo van der Ham, OCSO (Superior)
  • 1958 – 1963: Bavo van der Ham, OCSO (Prior Tituler)
  • 1963 – 1966: Frans Harjawiyata, OCSO (Superior ad nutum)
  • 1966 – 1968: Willibrord van Dijk, OCSO (Superior ad nutum)
  • 1968 – 1970: Bavo van der Ham, OCSO (Superior ad nutum)
  • 1970 – 1976: Bavo van der Ham, OCSO (Prior Tituler)
  • 1976 – 1976: Frans Harjawiyata, OCSO (Superior ad nutum)
  • 1976 – 1978: Frans Harjawiyata, OCSO (Prior Tituler)
  • 1978 – 2006: Frans Harjawiyata, OCSO (Abbas)
  • Sejak 2006: Aloysius Gonzaga Rudiyat, OCSO (Abbas)

Biara cabang[besut | besut sumber]

Pertapaan Rawaseneng wis ngasilke sapérangan biara cabang:

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. VIDEO: Biara Rawaseneng, Oase bagi Jiwa yang Letih, liputan6.com, 26-12-2012  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  2. Jadwal Misa Keuskupan Agung Semarang, www.imankatolik.or.id, dijupuk 09-05-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  3. Aisyah 2004, p. 22-23
  4. a b c d e f g Rawaseneng, Ordho Cisterciensis Strictioris Observantiae, dijupuk 29-04-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  5. a b c Paulus Adhitama OFM (08-04-2007), Di Antara Dua Gunung, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  6. (ing basa Walanda) Bert Immerzeel (01-08-2012), Rawaseneng: een boerenstand in wording, Java Post  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  7. a b c Sajarah, Pertapaan St. Maria Rawaseneng, dijupuk 29-04-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  8. Mgr. Johannes Pujasumarta, Syukur atas 60 Tahun Pertapaan Rawaseneng, www.pujasumarta.web.id, dijupuk 14-05-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  9. a b c Aisyah 2004, p. 21
  10. a b Budi Santosa Johanes; Agustinus Sudarmanto (15-03-2009), Bisnis ala Trappist, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  11. Gabriella Teggia; Mark Hanusz (2003), A cup of Java, Equinox Pub (Asia), kk. 65–66, ISBN 9789799589897 
  12. Catholic School Journal 61, Didigitalkan dari Cornell University padha 20 Januari 2010, Bruce Publishing Company, 1961, k. 61 
  13. Lamanabi, Ordho Cisterciensis Strictioris Observantiae, dijupuk 12-05-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  14. Simon Nany, Lamanabi, Pesona Alam dan Biara Trappist di Ujung Timur Pulau Flores, Direktori Pariwisata Nusa Tenggara Timur, dijupuk 01-05-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  15. Macau, Ordho Cisterciensis Strictioris Observantiae, dijupuk 30-04-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  16. Community Our Lady Star of Hope, www.trappistine-community-our-lady-star-of-hope.org, dijupuk 30-04-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  17. Narto Budhi (27-05-2003), 50 Tahun Pertapaan St Maria-Semula Berdiri di Atas Puing Bekas Sekolahan, Suara Merdeka  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  18. a b Odorikus Holang (24-03-2015), Y. Prayogo, ed., Lonceng Panggilan Hidup Doa, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  19. Mukhlis 2015, p. 28
  20. Margarethe 2000, p. 37
  21. Aisyah 2004, p. 23
  22. Aisyah 2004, p. 31
  23. a b c d Dhenok Hastuti (22-04-2011), Menyepi di Pertapaan Rawaseneng (Selamat Paskah, kawans!), dhenok.net  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  24. F. Rahardi (2007), Menguak Rahasia Bisnis Gréja, VisiMedia, kk. 113–114, ISBN 9789791043564 
  25. Pengolahan Kopi di Rawaseneng Temanggung, klinikkopi.com, 13-01-2014  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  26. Maria Pertiwi (20-12-2015), Pembukaan Tahun Kerahiman Allah, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  27. Paulus Adhitama, OFM (08-04-2007), Rahib Juga Manusia, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  28. Jost. Kokoh, Pr. (2013), Tanda, Penerbit Kanisius, k. 128, ISBN 9789792122770 
  29. Jadwal Ibadat, Pertapaan St. Maria Rawaseneng, 01-08-2011  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  30. Persekutuan Murid-Murid Yesus, Penerbit Kanisius, 2011, k. 35, ISBN 9789792115239 
  31. a b Miftakhur Rokhmah (2008), Pengaruh Ajaran Monastik terhadap Etos Kerja (Studi Kasus di Pertapaan Santa Maria Rawaseneng Kabupatèn Temanggung), Abstrak Skripsi, Yogyakarta: Digital Library UIN Sunan Kalijaga 
  32. Corak Kehidupan, Pertapaan St. Maria Rawaseneng, dijupuk 04-05-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  33. a b Paulus Adhitama OFM (08-04-2007), Hanya Cangkul, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  34. Federation of Asian Bishop's Conferences (1995), Loreta N. Castro, Ary A. Roest Crollius, ed., Poverty and Development: The Call of the Catholic Church in Asia, International Jacques Maritain Institute, k. 109 
  35. a b (ing basa Walanda) M. Pop-Smeets (12-04-1957), Bijzondere ontmoeting op Java-Vijf Zoeterwouders kwamen in een Trappisten-klooster bijeen, De Leidse Courant, k. 13  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  36. Menilik Prosès Pembuatan Susu Pasteurisasi Rawaseneng, Unika Soegijapranata, 23-06-2015  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  37. Perayaan Syukur 25 Tahun Gedono, hidupkatolik.com, 10 Juni 2012 
  38. Kesaksian, Pertapaan St. Maria Rawaseneng, dijupuk 11-05-2016  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  39. Margarethe 2000, p. 39
  40. Margarethe Maria Ratnawati Winarto (1996), "Abstrak" (PDF), Etika Lingkungan Para Petapa Trappist Pertapaan Santa Maria Rawaseneng, Temanggung-Jawa Tengah, Tesis, Kajian Ilmu Lingkungan Fakultas Pascasarjana Universitas Indonésia 
  41. Margarethe 2000, p. 40
  42. Margarethe 2000, p. 41
  43. Mukhlis 2015, p. 4
  44. Mukhlis 2015, p. 113-114
  45. Margarethe 2000, p. 41-42
  46. Mukhlis 2015, p. 112
  47. Maria Pertiwi; Lukas Awi Tristanto (08-11-2015), Syukur 50 Tahun Nostra Aetate, hidupkatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  48. Lukas Awi Tristanto (02-11-2015), Terbuka terhadap Kebenaran dan Kasih, Ciri Dialog dengan Umat non-Kristiani, penakatolik.com  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)


Sumber kutipan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]