Menyang kontèn

Nyadran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiyatan setaun sapisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asalé saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing taun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri déning masarakat, mligi ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah duwé surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.[1]

Prosesi Upacara Nyadran

[besut | besut sumber]

Tradhisi nyadran kabangun saka mapinten-pinten kagiyatan, yaiku kang pisanan nglakoni besik, yaiku ngresiki pasaréyan leluhur saka regedan lan suketan. Jero kagiyatan iki masarakat lan para kulawarga padha-padha nyambut gawé bareng-bareng, gotong-royong kanggo ngresiki pasaréyan leluhur. Sawise iku banjur ana kirab, yaiku arak-arakan pasarta nyadran pinuju papan upacara adat dianakaké. Sawisé tekan papan banjur dianakaké ujub utawa surasa saka rantamaning upacara adat nyadran déning pemangku adat. Banjur donga, pemangku adat mimpin kagiyatan donga bareng kang ditujukaké marang roh leluhur kang wis pralaya. Ing pungkasan banjur ana kembul bujono lan tasyukuran, sawisé ditindakaké donga bareng banjur diterusaké karo mangan bareng. masarakat nggelar kembul bujono utawa mangan bareng karo saben kulawarga kang numuti kenduri kudu nggawa panganan dhéwé. panganan kang digawa arupa panganan tradhisional, kaya pitik ingkung, sambel gorèng ati, urap sayur karo lawuh rempah, prekedèl, témpé lan tahu bacem, lan sapanunggalané. Sawisé masarakat wis kumpul lan nggawa kendurine piyambak-piyambak, banjur panganan kang digawa didèlèhaké ing ngarep kanggo didongakaké déning pamuka agama saenggon kanggo ngolehaké berkah lan banjur ijol-ijolan panganan kang mau digawa déning masarakat, kanggo mungkasi adicara banjur masarakat nglakoni mangan bareng karo padha-padha guyon kanggo padha-padha bebungah dhiri.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Ki Demang.com Nyadran lan leluhur
  2. authorlink, authorlink (2024-02-26). "Ritual/ Tradisi Nyadran, Sejarah Makna Dan Prosesi Kegiatannya". Peron Kec. Limbangan, Kab. Kendal. Dibukak ing 2025-05-27.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]