Na rambat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Na rambat
Aksara Bali
Bali Na rambat.png
Aksara Latin:ṇa
Fonèm:[ɳ]
Warga aksara:murdhanya
Gantungan:

Na rambat inggih punika salah satunggaling aksara wianjana (aksara konsonan) ing sistem panyeratan mawi aksara Bali, ingkang nglambangaken swanten /ɳ/. Manawi dipunlatinaken dumados aksara Latin, mila aksara punika sinerat Ṇa.[1][2]

Wujud[besut | besut sumber]

Wujud Na rambat katingalipun inggih punika éwah-éwahan saking wujud aksara Na murda wonten ing aksara Jawi, lan gadhah gayutan sesadherek kaliyan aksara Pallawa lan Dewanagari. Sanèsipun wujud, kekalihipun ugi sami-sami wujud konsonan retrofleks, lan kalebet ing warga aksara Murdhanya (konsonan retrofleks). Samukawisipun inggih punika turunan saking aksara Brahmi.

Aksara Brahmi Aksara Dewanagari Aksara Grantha
(Pallawa)
Aksara Jawi Aksara Bali
Brahmi nn.svg
Deva-ṇa.png
Grantha Nna.png
Jawa Na Murda.png Bali Na rambat.png

Fonem[besut | besut sumber]

Dantya (waja)
Center
Murdhanya (langit-langit)
Retroflex.png

Na rambat dipunpocapaken kados aksara swanten /ɳ/ ing tembung karṇa (basa Sansekerta). Kaprahipun kadados nalika mocapaken fonem konsonan tarik wingking ([ʈ], [ɖ], [ʂ], [ɻ]) ingkang dipunsusul déning swanten /n/, saéngga ingkang dumugi inggih punika nasal /ɳ/ (ṇ).

Panganggenipun[besut | besut sumber]

Panganggenipun aksara Na rambat sami kaliyan panganggenipun Ṇa (Dewanagari: ण) ing abjad basa Sansekerta.[1] Ing sistem seratan mawi aksara Bali, Na rambat dipun-ginakaken ing tetembungan ingkang gadhah swanten /ɳ/, inggih saking basa Bali, ugi saliya basa Bali.

Miturut uger-uger pasang aksara Bali (paugeran panyeratan aksara Bali), Na rambat sinerat ing tembung ingkang gadhah swanten /r/ dipunsusul déning /n/, amargi swanten /n/ kasebat kagantos dados swanten /ɳ/ manawi dipunsusul déning /r/.[3] Tuladhanipun (wonten ing basa Bali): "warna", "karna", "rena", lsp. boten pareng migunakaken Na kojong amargi warga aksaranipun (laladan artikulasi/posisi lidhah) boten cocog.[3] Ra kalebet ing warga Murdhanya, posisi lidah ndhemek langit-langit lathi, sawatawis Na kojong kalebet ing warga Dantya, dipunpocapaken mawi andhemek waja inggil. Miturut buku Pedoman Perubahan Ejaan Basa Bali dengan Huruf Latin dan Huruf Bali, boten limrah wonten kalih laladan artikulasi kasebat (langit-langit lathi lan waja inggil) karengkuh déning ilat sesarengan ing satunggal wekdal. Pramila, Na rambat dipun-ginakaken amargi laladan artikulasinipun cocog kaliyan aksara Ra.[3]

Miturut fonologi, /r/ inggih punika swanten konsonan geter gronggongan-waja, sawatawis /n/ inggih punika swanten konsonan sengau gronggongan-waja. Mila, artikulasinipun sami. Nanging téyori punika bènten kaliyan paugeran tradhisional nalika nyerat aksara Bali.

Na rambat kaprahipun dipun-ginakaken nalika ing satunggal tembung gadhah swanten /ɳ/ ingkang dipunsusul déning swanten konsonan retrofleks (upami: /ʂ/, /ʈ/, /ɖ/), lan makaten sawangsulipun. Tuladhanipun (ing basa Bali): tresna, kresna, pandita, tendas, gending, kanta lsp. Aksara-aksara ingkang pungarisandhapi ing tetembungan kasebat kedah dipunserat mawi aksara konsonan retrofleks (aksara warga murdhanya), inggih punika: Sa sapa (Ṣ), Ta latik (Ṭ), Da madu (Ḍ), lan Na rambat (Ṇ).

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Surada, hal. 5.
  2. Tinggen, hal. 23.
  3. a b c Celah-Celah Kunci Pasang Aksara Bali

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Tinggen, I Nengah. 1993. Pedoman Perubahan Ejaan Basa Bali dengan Huruf Latin dan Huruf Bali. Singaraja: UD. Rikha.
  • Surada, I Made. 2007. Kamus Sanskerta-Indonesia. Surabaya: Penerbit Paramitha.
  • Simpen, I Wayan. Pasang Aksara Bali. Diterbitkan olèh Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Laladan Tingkat I Bali.