Sa sapa
Sa sapa | |
Aksara Bali | |
Aksara Latin: | Ṣa |
---|---|
Fonèm: | [ʂ] |
Warga aksara: | murdhanya |
Gantungan: |
Sa sapa inggih punika salah satunggaling aksara wianjana (aksara konsonan) ing sistem seratan aksara Bali ingkang nglambangaken swanten /ʂ/. Manawi dipunalihaksaraken dados aksara Latin, mila aksara punika sinerat "Ṣa".[1][2]
Wujud
[besut | besut sumber]Sa sapa awujud kados aksara Pa ingkang dipunsukani tandha carik. Ing aksara Jawa wonten sakedhik prabedan.
Aksara Jawa | Aksara Bali | |||
---|---|---|---|---|
Pa | Sa gedhé | Pa | Carik | Sa sapa |
Fonem
[besut | besut sumber]Aksara punika kalebet ing sajeroning warga murdhanya (konsonan retrofleks). Sa sapa dipunpocapaken kados aksara "Ṣ" ing tembung: ṣaṣ (basa Sansekerta), paksi (basa Bali).
Panganggenipun
[besut | besut sumber]Panganggenipun Sa sapa sami kaliyan panganggenipun Ṣa (Dewanagari: ष) ing aksara Dewanagari.[1] Ing sistem panyeratan mawi aksara Bali, Sa sapa dipun-ginakaken ing tetembungan ingkang gadhah swanten /ʂ/, limrahipun wonten ing tetembungan basa Bali ingkang dipunlebetaken saking basa Sansekerta ugi Jawi Kina.
Sa sapa sinerat manawi wonten swanten /k/ (konsonan velar) ingkang dipunsusul déning swanten /s/ (konsonan alveolar), amargi miturut aturan tradhisional bab aksara Bali, swanten /s/ ingkang atumut /k/ éwah dados /ʂ/ (konsonan retrofleks). Pramila, ing basa Bali, panyeratan konsonan rangkap /ks/ tansah sinerat mawi Sa sapa.
Sa sapa dipun-ginakaken manawi ing satunggal tembung wonten swanten /s/ ingkang atumut swanten konsonan retrofleks, upami swanten /ɳ/ lan /ʈ/. Tuladhanipun (ing basa Sansekerta): kṛṣṇa, niṣṭhha, duṣṭa, dsb.
Ugi pirsani
[besut | besut sumber]Catatan kaki
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- Tinggen, I Nengah. 1993. Pedoman Perubahan Ejaan Basa Bali dengan Huruf Latin dan Huruf Bali. Singaraja: UD. Rikha.
- Surada, I Made. 2007. Kamus Sanskerta-Indonesia. Surabaya: Penerbit Paramitha.
- Simpen, I Wayan. Pasang Aksara Bali. Diterbitkan olèh Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Laladan Tingkat I Bali.