Masakan Walanda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sebuah lukisan objek olèh Pieter Claesz (1627).

Masakan Walanda kabéntuk ing kabiasaan mancing lan tani, kagolong penggarapan lahan kanggé ningkatakén panèn lan kéwan peliharaan, sarta séjarah Walanda.

Sajarah[besut | besut sumber]

Ing tradisi, susunan panganan bangsa Walanda kapèrang saking roti lan iwak haring. Ing abad kaping 18, kèntang (ingkang dipunbèta saking Pèru ing Èropa kaliyan Spanyol ing abad kaping 16) ngeraih popularitas lan dados panganan pokok ing taun 1800.[1]

Miturut sajarah, masakan Walanda gadhah gegayutan raket kaliyan masakan Perancis utara lan taksih saged katingal ing restoran tradisional Walanda lan masakan ing laladan kidul. Abad kaping 15 masakan Haute wiwit tukul, ing limrahipun kawates namung kanggé kaum aristokrasi. Ananging ing abad kaping 17 jinis hidangan punika ugi wonten kanggé penduduk sugih, asring kapérang saking aneka ragam buah, keju, daging, anggur, lan kacang.

Ananging masakan nasional dados sanget terpuruk ing peralihan abad ke-20, manawi kadadosan kemiskinan ageng ing Walanda. wekdal pendidikan massal wiwit kasedia, kathah bocah wadon ngirim ing jinis sekolah énggal, inggih punika Huishoudschool (sekolah rumah tangga), ing pundi wanita mudi dipunlatih kanggé dadosaken pekerja rumah tangga,nyinaoni manawi masakan mirah lan hidangan prasaja manawi pérangan utami saking kurikulum, lan limrahipun dipundasari ing hidangan tradisional Walanda, suatu prosès ingkang kanthi alon-alon sampun kaubah.[2][3]

Masakan Laladan[besut | besut sumber]

Penyerat kuliner modern mbentenaken tiga wujud umum masakan laladan Walanda.[4]

Masakan Pérangan Timur lan Utara[besut | besut sumber]

Sebuah Keju Edam kecil
Kue Zeeuwse bolus dengan mentega
Rebusan Waterzooi
Limburgish vlaai

Laladan-laladan ing utara lan timur Walanda, kados ta provinsi Groningen, Friesland, Drenthe, Overijssel lan Gerderland damel masakan timur laut Walanda.

Laladan mau inggih punika wewengkon ingkang paling cendhèk pendudukipun ing Walanda, ananging ing perkembangan ingkang cendhèk miturut sajarah. pungkasan abad kaping 18, penepangan pertanian skala ageng ngartosaken manawi masakan Walanda ing limrahipun dipuntepang amargi kathah jinis daging. kirangipun pertanian dipunwontenakenperburuan lan peternakan, ananging hidangan ing laladan cerak pasisir Friesland, Groningen lan pérangan Overijssel ingkang kawates kaliyan IJsselmeer ugi nyertaaken kathah iwak.

pinten-pinten sosis garing taksih satunggal jinis kaliyan sosis metworst Walanda, saged dipuntemuaken ing sadaya wewengkon lan sangat dipunhargai amergi cita raosipun ingkang kiat. kathah kutha lan désa gadhah pinten-pintensosis punika piyambak. Laladan mau ugi ngasilaken sosis beluk tradisional, (Gelderse) rookworst (sosis beluk Walanda) inggih punika ingkang sampun misuwur. Sosis tradisional punika sampun diasapi ing inggil serpihan kayu lan dipunsajiken sasampunipun dipunrebus ing toya. Sosis punika ngandut kathah lemak lan ngandut toya. Sosis ingkang langkung ageng asring dipunmadhang sami-sami stamppot, hutspot utawa zuurkool; ananging ingkang langkung alit asring dipunmasak dados jajanan.

pinten-pinten provinsi ugi punika tuan rumah kange pinten-pnten jinis kue lan pastri. bènten kaliyan masakan Walanda selatan ingkang lembut lan lembap, kue-kue ing pérangan timur laut limrahipun gadhah tekstur keras lan dipunbumbuni kaliyan kathah jahe utawa kaisi potongan alit daging. pinten-pinten macam Kruidkoek (kados ta Groninger koek), Fryske dúmkes lan panekuk alit ingkang lezat (kagolong spekdikken') dipunanggap khas.

ing ombenan beralkohol, wewengkon punika sampun misuwur amergi kathah bir pahit (kados ta Beerenburg).

Masakan Pérangan Barat[besut | besut sumber]

Provinsi Holland Utara, Holland Selatan, Zeeland, Utrecht lan wewengkon Gelderlandic ing Betuwe inggih punika laladan ing pundi masakan barat Walanda kapanggih. Laladan punika dipuntepang kaliyan kathah produk susu, ingkang nyangkup keju terkemuka kados ta Keju Gouda, Keju Leiden (keju ingkang dipunbumbuni kaliyan jintan), Keju Edam (dumadi bola alit) sarta Leerdammer lan Beemster, ananging Zaanstreek ing cerak Walanda lor sampun musuhur amergi mayones lan mustarnipun.

Zeeland lan Holland kidul ngasilaken kathah mentega ingkang ngandut lemak susu ingkang langkung dipunbandingaken aneka warni mentega Éropah lan sanèsipun. Produk saking prosès damel mentega, inggih punika buttermilk (susu mentega) ugi dipunanggep khas saking laladan punika.

Makanan laut kados ta ikan haring (ing panganan mentah), kerang hijau, belut, tiram lan urang kasedia kanthi ombo lan khas ing laladan punika. Kibbeling, kapengker punika panganan lezat ing panggènan kapérang saking potongan alit iwak pethak, sampun dadosmakanan cepat saji nagara punika.

Kue-kue ing laladan punia sampun sangat pucat lan asring ngandut kathah gendhis, manawi karamel, bubuk utawa butir.tuladhanipun oliebol (ing wujud modern) lan Zeeuwse bolus. Kue ugi dipunproduksi ing jumlah kathah lan cenderung ngandut kathah mentega sarta dipunisi saking pinten-pinten jinis, sapérangan besar almond.

Ombenan beralkohol tradisional laladan punika inggih punika bir lan Jenever. Alkohol tradisional Walanda, Advocaat, ombenan ingkang sugih lan lembut saking ndok, gendhis lan brendi, ugi asli wewengkon punika.

cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Wintle, Michael. Diet and Modernization in The Netherlands During the Nineteenth and Early Twentieth Centuries. in: Wilson, Thomas M. (ed.) (2006). Food, Drink and Identity in Europe. Rodopi, Amsterdam. ISBN 90-420-2086-5. pp. 71.
  2. ^ De rijke Hollandse dis WereldExpat Magazine
  3. ^ Gastronomie: De Nederlandse keuken[pranala mati]
  4. ^ Spierings, T. "Dutch Cuisine."