Sosis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jinising sosis saka bahan utama
Prosès gawé sosis
Sepiring sosis

Sosis ya iku daging kang wis digiling lan wis dicampur bumbu-bumbu, lemak, bahan pengiket, bahan pengisi, banyu, irisan bawang, ndhog, lan bahan- bahan liya. Kabèh bahan mau banjur dilebokake ing selongsong(casing) banjur dijiret ing pucuke lan langsung digodhog.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeneng sosis asalé saka basa LatinSalsus”, artine diasike utawa diawetke. Jaman biyèn, nalika mesin pendingin durung tinemu kanggo ngawétake daging, mula nggawé sosis dadi salah siji alternatif.[2] Dinuga sosis digawé déning wong Sumaria ( saiki Irak ) udakara taun 300 SM. Sosis sing kapisan dikenali saka dokumen Yunani kang katulis udakara taun 500 SM. Ing perkembangane sosis saiki dadi pangan kang populer ing donya, kanthi Jerman dadi kiblate. Sosis kanggo wong Jerman ya iku kalebu panganan primer lan luwih saka1200 macem sosis digawé.[2] Pertamane sawijining tukang daging kang pinetr duwé ide kanggo nyampur daging giling karo uyah lan bumbu – bumbu kang dilebokake ing selongsong. Banjur selongsong daging mau dimasak kanthi digodhog, diasep, utawa digaringaké. Pengasapan dadi salah siji metode pengawétan kang populer tekan saiki.[2]

Jinis-jinise[besut | besut sumber]

Jinise sosis ya iku :

Prosès[besut | besut sumber]

Prosès dilakukake kanthi ngiris daging gedhene sak tlapak tangan (10X10X2 cm) lan diolesi uyah lan campuran gula (1%), garam kristal NaNO2 utawa KNO2 (7,5 gram kanggo 50 kg daging) banjur sodium aritrobat akèhé 22,5 gram kanggo 50 kg daging. Curing dilakokake ing suhu 2 – 4 0C suwéné sakdino sakwengi. Nalika gawé adonan dilakukake pencincangan, menehi bumbu-bumbu kaya uyah, gula pasir, bawang putih, merica, sendawa, masako, Sodium Tripoliphosphat (STPP), binding, lan filling. Banjur daging dilebokake ing selongsong. Selongsong umum digawé saka usus sapi, kambing, domba, lan babi.[1]

Aji Gizi[besut | besut sumber]

sosis ngandhut gizi kang cukup dhuwur, tapi kandhutan kolesterol sosis uga dhuwur lan bisa nyebabke hipertensi. Apamaneh kandhutan uyah sosis uga dhuwur.[4]

Ketentuan Mutu[besut | besut sumber]

Ketentuan mutu sosis saka Standar Nasional Indonesia (SNI 01–3820-1995) ya iku: kadar banyu maksimal 67 persèn, abu maksimal 3 persèn, protein minimal 13 persèn, lemak maksimal 25 persèn, lan karbohidrat maksimal 8 persèn.[5]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b [1] Sosis (diaksés tanggal 28 Juli 2011)
  2. ^ a b c www.facebook.com Sosis (diaksés tanggal 26 Juli 2011)
  3. ^ archive.kaskus.us Sosis (diaksés tanggal 26 Juli 2011)
  4. ^ [2] Sosis (diaksés tanggal 28 Juli 2011)
  5. ^ [3] Sosis (diaksés tanggal 28 Juli 2011)